Utek (basa Inggris: encephalon) inggih punika punjer sistem saraf (basa Inggris: central nervous system, CNS) ing vertebrata saha kathah invertebrata sanèsipun. Ing anatomi kéwan, utek utawi encephalon, punika sentral supervisori saking sistem saraf. Sanadyan utek sok dipunsebat minangka punjer supervisori saking sistem saraf sentral vertebrata, istilah ingkang sami ugi saged dipun-ginakaken kanggé sistem saraf sentral ing invertebrata. Ing kathah kéwan, utek wontenipun ing endhas utawi sirah.

Utek manungsa

Utek manungsa punika struktur punjer pangaturan ingkang gadhah volume ngantos 1.350cc saha kasusun saking 100 yuta sèl saraf utawi neutron. Utek ngatur saha ngendhalikaken sapérangan ageng obahan, prilaku, saha fungsi salira homeostasis kados déné dhetak jantung, tekanan rah, kaseimbangan cuwèran badan saha suhu badan.

Utek kasusun saking kalih jinis inggih punika sèl: glia saha neuron. Glia fungsinipun kanggé njagi neuron, manawi neuron tugasipun mbekta informasi kanthi wujud pulsa listrik kang asring dipunsebat potensi aksi.

Pérangan utek manungsa

besut

Ing anatomi utek vertebrata, utek ngajeng (basa Inggris: prosencephalon forebrain) inggih punika pérangan inggil saking utek. Ing tahap ngrembakanipun sistem saraf pusat (basa Inggris: five-vesicle stage), utek ngajeng ngrembaka saha misah dados utek ageng saha diensefalon.

Utek ageng

besut

Utek ageng (basa Inggris: telencephalon, cerebrum) inggih punika pérangan paling pinunjul saking utek ngajeng. Utek ageng kapérang dados kalih wilahan inggih punika wilahan utek tengen saha utek kiwa. Saben wilahan gadhah fungsi piyambak. Saben wilahan utek ngajeng gadhah sekawan lobus inggih punika frontal, pariental, okspital, saha temporal. Antawisipun lobus frontal lan lobus pariental dipunpisahaken déning sulkus sentralis utawi celah Rolando.

Ganglia dhasar

besut

Ganglia dhasar (basa Inggris: basal ganglia, white matter) minangka lapisan ingkang gadhah warna pethak, lapisan lebetipun kathah ngemot srabut saraf inggih punika dendrit saha neurit

Utek ageng minangka punjer saraf utami amargi gadhah fungsi ingkang wigatos sanget kanggé sadaya kagiyatan salira khususipun ingkang gegayutanipun kaliyan intelegensi, daya ènget (memori), kasadharan saha tetimbangan.

Diensefalon

besut

Diensefalon (basa Inggris: diencephalon, interbrain) inggih punika pérangan utek ingkang kasusun saking:

  • mid-diencephalic territory
  • hipotalamus
  • epitalamus
  • pretektum

Utek tengah

besut

Utek tengah (basa Inggris: mesencephalon) inggih punika pérangan utek ingkang gadhah struktur:

  • tektum, kasusun saking kalih pasang colliculi ingkang dipunsebat corpora quadrigemina:
    • inferior colliculi tumut ing prosès pamirengan.
    • superior colliculi minangka wiwitanipun prosès visual saha pangendhalian obahan soca.
  • cerebral peduncle

Utek wingking

besut

Utek wingking (Inggris: myelencephalon, metencephalon, rhombencephalon) angliputi kreteg Varol (Inggris: pons, pons Varolii), sungsum terasan (Inggris: medulla oblongata), saha utek alit (Inggris: cerebellum). Katiga pérangan punika mbentuk batang utek (Inggris: brainstem).

Utek alit

besut

Utek alit (Inggris: cerebellum) punika pérangan ageng utek wingking. Utek alit punika dumunung ing andhapipun lobus oksipital serebrum. Utek alit kasusun saking kalih wilahan saha lumahanipun mawi lekuk-lekuk. Fungsi utek alit punika kanggé ngatur sikap utawi posisi salira, kaseimbangan, saha koordhinasi obahipun otot ingkang kadadosan kanthi sadhar.[1]

Bèntenipun fungsi utek tengen saha utek kiwa

besut

Utek tengen fungsinipun bab ngrembakanipun kacerdhasan émosi utawi Emotional Quotient (EQ), tuladhanipun sosialisasi, komunikasi, interaksi kaliyan manungsa sanès sarta pangendhalian émosi. Wonten ing utek tengen ugi ngemot kamampuan intuitif, kamampuan ngraosaken, mbangingaken, saha èksprèsi badan, kados déné nyekar, mbeksa, nggambar, lsp. Manawi utek kiwa fungsinipun wonten ing bab ingkang wonten gegayutanipun kaliyan logika, rasio, kamampuan nyerat saha maos, sarta punjer matématika. Para nimpuna ngandharaken manawi utek kiwa minangka punjer Intelligence Quotient (IQ).[2]

Nyeimbangaken utek tengen saha utek kiwa

besut

Ned Hermann, ahli dominasi utek nyaranaken manawi kita tiyang pamikir kanthi utek tengen, pramila kita saged nglatih nyeimbangaken utek kiwa kanthi cara:

  • gladhèn cara kerja mesin ingkang asring dipun-ginakaken
  • mglebetaken poto kita ing album poto
  • disiplin
  • ngatasi pinten-pinten prakawis sarta analisis

Manawi kita tiyang pamikir kanthi utek kiwa, pramila kita saged nglatih nyeimbangaken utek tengen kanthi cara:

  • mahami rumaosipun kéwan ingonan
  • dolanan lemah lempung saha nemokaken hakikatipun
  • ndamel 500 poto tanpa mikiraken béyanipun
  • ndamel logo pribadi
  • asring dolanan kaliyan tiyang alit
  • ngunikaken musik karemenan kang jumbuh suasaning manah[3]

Penyakit ingkang gegayutan kaliyan utek

besut

Dolanan kanggé ngasah utek

besut
  • dham-dhaman
  • aspal
  • tarik-tiba
  • sudoku
  • solitaire
  • dhuwit-mars
  • mahakarya
  • kartu-master
  • catur
  • tebak warna[5]

Cathetan suku

besut
  1. pangertosan lan bagéan Archived 2012-11-23 at the Wayback Machine. (dipununduh 20 oktober 2012)
  2. béda fungsi otak kanan saha otak kiri (dipununduh 20 oktober 2012)
  3. nyeimbangaken utek tengen saha utek kiwa Archived 2012-08-26 at the Wayback Machine. (dipununduh 20 oktober 2012)
  4. penyakit ingkang gegayutan kaliyan utek Archived 2013-11-19 at the Wayback Machine. (dipununduh 20 oktober 2012)
  5. dolanan kanggé ngasah utek(dipununduh 20 oktober 2012)

Pranala njaba

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.