Tuduhaké menu pokok
Sèl Saraf

Sèl saraf utawa neuron ya iku pérangan paling cilik kang nyusun sistem saraf manungsa kang ndarbèni sipat béda saka sèl-sèl awak liyané.[1] Kagunan saka sèl saraf ya iku ngirimaké pesen (impuls) kang wujud rangsang utawa tanggapan.[2]

Isi

Ciri-ciriBesut

Jaringan saraf kawangun saka sèl-sèl saraf (neuron) kang ndarbèni ciri kusus, ya iku ndarbèni ploloran sitoplasma kang dawa.[1] Kajaba kasusun saka neuron, sèl saraf uga kasusun saka sèl neuroglia kang ana ing sistem saraf pusat.[1] Sèl saraf dumunung nyebar ing kabèh awak manungsa.[1] Ing jero siji sèl saraf, sitoplasmané ngandhut ribosom, badan golgi, retikulum endoplasma, lan mitokondria.[1] Neuron éntuk sedhiyan panganan liwat sèl neuroglia kang ngubengi. Neuron kasusun saka awak sèl, dendrit, lan akson.[1] Neuron ndarbèni wangun lan ukuran kang manéka warna. Miturut wanguné, neuron bisa dibédakaké dadi telu, ya iku neuron unipolar, bipolar, lan multipolar.[3] Ing invertebrata, awak sèl padatan ndarbèni ukuran cilik (dhiamèter < 0,1 mm) lan kandelé srabut saraf < 0,01 mm.[3]

StrukturBesut

Saben neuron kawangun saka siji awak sèl kang ing jeroné ana sitoplasma lan inti sèl. Saka awak sèl metu rong jijis srabut saraf, ya iku dendrit lan akson (neurit).[2] Kagunan awak sél ya iku dadi papan kanggo sintésis neurotransmitter, ya iku senyawa kimia kang wigati kanggo mbiyantu penjalaran impuls kang ngliwati sinaps.[3] Saka awak sèl katon sawatara brenjolan sitoplasmik tumuju njaba lan mbentuk struktur kang diarani dendrit lan akson.[3] Dendrit ya iku brenjolan sitoplasmik kang methungul saka awak sèl saraf, ukurané cendhak udakara 1 mm.[3] Gunggungé dendrit akèh lan nyabang. Kagunan saka dendrit ya iku nampa rangsang lan nggawa rangsang mau tumuju awal sèl.[3] Déné akson ya iku brenjolan sitoplasmik kang methungul uga saka awak sèl kang ndarbèni kagunan nerusaké rangsang tumuju bongkot akson.[3] Ukuran akson paling dawa kanthi bongkot nyabang banget. Akson ana kang digubeti slubung meielin lan ana sing ora kagubet.[3]

Pérangan sistem kerja sèl sarafBesut

  1. Sèl reseptor: saraf kang nampa rangsang, padatan wujud piranti indra.[1]
  2. Sèl efektor: sèl saraf kang nanggapi rangsang wujud otot lan klanjer.[1]
  3. Sèl saraf sensoris: srabut saraf kang nggawa rangsang tumuju utek.[1]
  4. Sèl saraf motorik: srabut saraf kang nggawa rangsang saka utek.[1]
  5. Sèl saraf konèktor: sèl saraf motorik utawa sèl saraf siji karo sèl saraf liyané.[1]

Cara kerja sèl sarafBesut

Rangsang kang ditampa déning sèl saraf résèptor banjur ditampa déning sel saraf sènsoris kanggo diterusaké tumuju utek.[1] Pawarta (informasi) kang wis tekan utek banjur diolah, diinterpretasi banjur mènèhi wangsulan marang pawarta kang ditampa mau.[1] Nalika mènèhi wangsulan kang wis ditampa, lakuné pawarta mau digawa saka utek tumuju sèl-sèl saraf motorik banjur kadadèn rèspon wujud obahé awak.[1] Ing obah rèflèks, impuls liwat dalan cendhak utawa dalan jujugan, Diwiwiti saka rèsèptor panampa rangsang, banjur diterusaké déning saraf sènsoris tumuju saraf pusat.[1] Rangsang mau ditampa déning sèl saraf panggandhèng (konèktor) tanpa diolah ing jero utek langsung dikirim tumuju saraf motorik kanggo dikirim menyang èfèktor, ya iku otot lan klanjer.[1] Tuladahané obah rèflèks ya iku nalika mripat kedhèp.[1]

Cathetan sikilBesut

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Sistem Kerja Sel Saraf(diundhuh 28 Dhésèmber 2012)
  2. a b Sistem Saraf(diundhuh 30 Dhésèmber 2012)
  3. a b c d e f g h Neuron(diundhuh 30 Dhésèmber 2012)