Akson, salah sawijiné péranganing neuron

Akson utawa neurit ya iku serat utawa srabut serat kang ngolah kasil prosès (output) saka sèl saraf (neuron).[1] Dawané akson manéka warna, saka sawatara milimèter nganti sawatara sèntimèter lan uga ana sing nyabang kanthi amba.[1] Nalika momotan listrik nganti tekan pucuking akson, neurotransmiter wiwit digawé. Neurotransmiter iki ing wayah gilirané bisa ngaktifaké reseptor ing dendrit neuron ing sisihé, banjur nerusaké pesen.[1] Pesen-pesen dhasar kang ditransmisikaké liwat akson ya iku prastawa listrik utawa kimia kang diarani potensial aksi.[1] Sanadyan padatan akson kagandhèng karo dendrit, akson bisa uga kagandhèng karo awak sèl (soma) utawa karo akson liyané.[1]

Ciri-CiriBesut

  1. Nduwèni bongkot akson ing perikarion kang diarani akson Hillock.[2]
  2. Padatan luwih tipis utawa alus lan luwih dawa tinimbang dendrit ing neuron sing padha.[2]
  3. Aksoplasmané ora ngandhut struktur apa-apa kang bisa migunani ing prosès sintesa protéin, kaya ta awak Nissl (rough endoplasmic reticulum), ribosom lan komplèks Golgi.[2]
  4. Aksoplasma ngandhut neurofilament, mikrotubulus, lan mitokondria.[2]
  5. Akson duwé mielin, saéngga katon putih ing kaanan kang seger.[2] Slubung mielin dudu péranganing neuron, nanging péranganing slubung neuron.[2] Yèn nganggo mikroskop sinar bisa katon serat saraf ana mieliné, mesthi ana akson.[2] Yèn serat sarafé ora ana mieliné, serat mau bisa akson bisa uga dendrit.[2]
  6. Bongkot akson nyabang kaya pang kang diarani telodendria lan ana gandhèngané karo perikarion, dendrit, utawa akson saka neuron liyané.[2]
  7. Ing bongkot pang aksonal ngatonaké wangun kang aboh diarani boutons terminaux.[2]

KagunanBesut

Akson ya iku serabut saraf kang dawa, nanging ora nyabang.[3] Kagunan saka akson ya iku ngeteraké utawa nerusaké impuls utawa rangsang saka awak sèl tumuju neuron sing liyané.[3] Akson uga nerusaké rangsang saraf tumuju serat otot utawa sèl klanjer.[2]

StrukturBesut

Dawa akson manéka warna miturut ancas utawa kagunané.[4] Saben akson ngandhut aksoplasma kang dilapisi déning mémbran sèl (slaput tipis).[4] Akson diglubeti déning neurilema (slubung Schwann).[4] Padatan akson duwé getih kang ora ana mieliné kang diarani nodus Ranvier.[4] Slubung mielin iki nduwé kagunan kanggo ngayomi utawa dadi isolator sarta nyepetaké mlakuné rangsang (impuls).[4] Bongkot saka akson kang diarani terminal percabangan bakal ketemu karo bongkoté dendrit sèl neuron sing liyané.[5] Ketemuné bongkot sèl neuron loro sing béda iki diarani sinapsis.[5]

Uga delengenBesut

Cathetan sikilBesut

  1. a b c d e Kamus Keséhatan-teges Akson(diundhuh 11 Dhésèmber 2012)
  2. a b c d e f g h i j k Struktur Sèl Saraf(diundhuh 11 Dhésèmber 2012)
  3. a b Fungsi Jaringan saraf(diundhuh 11 Dhésèmber 2012)
  4. a b c d e Sistem saraf(diundhuh 11 Dhésèmber 2012)
  5. a b Struktur sèl neuron(diundhuh 11 Dhésèmber 2012)