Protéin (oyoting tembung protos saka basa Yunani kang tegesé "kang paling utama") yaiku senyawa organik komplèks kang nduwé bobot molekul dhuwur kang wujud polimèr saka monomèr-monomèr asem amino kang digandhéngaké siji lan sijiné kanthi ikatan peptida. Molekul protéin ngandhut karbon, hidrogen, oksigèn, nitrogen lan sok-sok uga sulfur sarta fosfor. Protéin nduwé peran wigati ing struktur lan fungsi kabèh sel makluk urip lan virus.

Endhog pitik, sawijining sumber protéin.

Akèh protéin wujud enzim utawa subunit enzim. Jinis protéin liya nduwé peran ing fungsi struktural utawa mekanis, kaya umpamané protéin kang mbentuk batang lan sendi sitoskeleton. Protéin kalibat ing sistem kakebalan (imun) minangka antibodi, sistem kendali ing wangun hormon, minangka komponèn panyimpenan (ing wiji) lan uga ing transportasi hara. Minangka salah sawijining sumber gizi, protéin nduwé peran minangka sumber asem amino kanggo organisme kang ora bisa nggawé asem amino mau (heterotrof).

Protéin wujud salah siji saka biomolekul raksasa, saliyané polisakarida, lipid, lan polinukleotida, kang wujud panyusun utama makluk urip. Saliyané iku, protéin wujud salah siji molekul kang paling akèh ditliti ing biokimia. Protéin tinemu déning Jöns Jakob Berzelius ing taun 1838.

Biosintesis protéin alami padha karo èksprèsi genetik. Kode genetik kang digawa DNA ditranskripsi dadi RNA, kang duwé peran minangka cithakan kanggo translasi kang dilakokaké ribosom. Tekan tahap iki, protéin isih "mentah", mung kasusun saka asem amino protéinogenik. Liwat mekanisme pascatranslasi, kawangun protéin kang nduwé fungsi kebak kanthi biologi.

Struktur besut

 
Struktur tersier protéin. Protéin iki duwé akèh struktur sekunder beta-sheet lan alpha-helix kang cendhak banget. Modèl digawé kanthi migunakaké koordinat saka Bank Data Protéin (nomer 1EDH).

Struktur protéin kang disawang minangka hirarki, yaiku wujud struktur primèr (tingkat siji), sekundèr (tingkat loro), tersièr (tingkat telu), lan kuartenèr (tingkat papat). Struktur primèr protéin wujud urutan asem amino panyusun protéin kang dihubungaké liwat talènan peptida (amida). Sauntara iku, struktur sekundèr protéin iku struktur telung dhimènsi lokal saka manéka rangkéyan asem amino ing protéin kang distabilaké déning talènan hidrogen. Manéka wangun struktur sekundèr upamané yaiku:

  • alpha helix (α-helix, "puntiran-alfa"), wujud pilinan ranté asem-asem amino wewangun kaya spiral;
  • beta-sheet (β-sheet, "lempeng-beta"), wujud lembaran-lembaran amba kang kasusun saka sapérangan ranté asem amino kang silih kaiket liwat talènan hidrogen utawa takènan tiol (S-H);
  • beta-turn, (β-turn, "lekukan-beta"); lan
  • gamma-turn, (γ-turn, "lekukan-gamma").

Gabungan saka manéka rupa saka struktur sekundèr bakal ngasilaké struktur telung dhimènsi kang dijenengi struktur tersièr. Struktur tersièr racaké wujud gumpelan. Sapérangan molekul protéin bisa silih interaksi kanthi fisik tanpa talènan kovalen nggawé oligomèr kang stabil (upamané dimèr, trimèr, utawa kuartomèr) lan nggawé struktur kuartenèr. Conto struktur kuartenèr kang misuwur yaiku enzim Rubisco lan insulin.

Struktur primèr saka protéin bisa ditemtokaké kanthi sapérangan metode: (a) hidrolisa protéin karo asem kuwat (i.e., 6N HCl) lan banjur komposisi asem amino ditemtokaké kanthi amino acid analyzer instrumen, (2) sekuen analisa saka N-terminus kanthi migunakaké degradasi Edman, (3) kombinasi saka pancernan karo trypsin lan mass spektrometri, lan (4) panemton molekular mass kanthi mass spektrometri.

Struktur sekundèr bisa ditemtokaké kanthi migunakaké spektroskopi circular dichroism (CD) lan Fourier Transform Infra Red (FTIR). Spektrum CD saka puntiran-alfa nuduhaké rong absorbans négatif ing 208 lan 220 nm lan lempeng-beta nuduhaké siji négatif peak watara 210-216 nm. Estimasi saka komposisi struktur sekundèr saka protéin bisa dikalkulasi saka CD spektrum. Ing spektrum FTIR, pita amida-I saka puntiran-alfa iku béda karo pita amida-I saka lempeng-beta. Dadi, komposisi struktur sekundèr saka protéin uga bisa diestimasi saka IR spektrum.

Pranala njaba besut