Ibnu Sina
Abū ‘Alī al-Husayn bin ‘Abdullāh bin Sīnā (basa Pèrsi: ابوعلى سينا ,Abu Ali Sina), seratan arab: أبو علي الحسين بن عبد الله بن سينا, basa Latin, Avicenna, Dhokter lan filsuf Arab.[1] Lair ning Kharmaithen, provinsi Bokhara 980.[1] Ninggal ning Hamadan, Lor Pèrsi, 1037.[1] Sebeneré Ibnu Sina asli saka Pèrsi (sapunika Uzbakistan) ora saka Arab.[1] Ibnu Sina aktif nyerat buku, buku babagan filosofi sarta babagan pangobatan.[1] Buku babagan pangobatan kang kondhang, judhulé Qanun fi Thib kang saiki dadi sumber kanggo ngèlmu babagan kedaokteran lan pangobatan.[1] Ibnu Sina dikenal "Bapak Pangobatan Modern", fisikawan, matematikawan, panemu lan celukan liya amarga buku-buku seratané.[1] amarga buku kang kondhang babagan ngèlmu pangobatan, al Qanun (Canon), dhèwèké olèh undang-undangan "Prince of Dhokter".[2] Buku lan karya-karyané kang wis diterjemahaké nganggo basa Latin, dadi prabawa para filosof saka Kristen, kaya Thomas Aquinas.[2] Ibnu Sina uga dikenal al-Sheikh al-Rais (pamimpin para wong wicaksana), undang-undangan kang digunakaké déning murid-muridé kanggo ngundang dhèwèké.[2]
Ibnu Sina, salah siji Filosof kondhang nalika jaman kaemasan kemajuan Islam, tunggale saka al Farabi lan Ibn Rusyd.[2] Buku filosofis kang diserat Ibnu Sina punika salah sijiné buku kang dadi sumber utama al-Ghazali kanggo nahan serangan prabawa filosofi liya ning agama Islam.[2] Ibnu Sina dianggep pamuda kang diwasa durung wektuné.[1] nalika umuré tembe 5 taun, Ibnu Sina wis apal Al Qur'an.[1] sadurungé umuré genep 16 taun, Ibnu Sina wis nguasani ngèlmu kang disinau, kaya ngèlmu Kimia, Fisika, Matematika, Metafisika lan Logika.[1] umur nembelas taun (16), Ibnu Sina wiwit belajar babagan ngèlmu kadhokteran.[1] Pernah njabat dadi ketua dhokter lan penaséhat ning Pèrsi.[1]