Pulitik iku prosès nggawé lan pembagéan kakuwasan sajeroning masarakat kang antarané awujud prosès ngrumusaké kawicaksanan, mligi sajeroning nagara. Dhéfinisi iki minangka upaya nggandhèngaké sawatara dhéfinisi kang béda-béda bab hakikat pulitik kang kaloka sajeroning Èlmu pulitik.

Pulitik iku seni lan ngèlmu kanggo ngrengkuh kakuwasan kanthi konstitusional utawa kanthi nonkonstitusional.

Saliyané iku pulitik uga bisa ditilik saka arah kang béda, yaiku antarané:

  • pulitik iku usaha kang ditempuh déning warga nagara kanggo minangka kaanan apik kanggo sakabèhé (téyori klasik Aristoteles)
  • pulitik iku bab kang magepokan karo penyelenggaraan papréntahan lan nagara
  • pulitik minangka kagiyatan kang diarahaké kanggo ngéntukaké lan njaga kakuwasan ing masarakat
  • pulitik iku kabèh soal bab prosès ngrumusaké lan nglaksanaaké kawicaksanan publik.

Sajeroning mangertèni pulitik kudu faham sawatara kunci, antarané: kakuwasan pulitik, legitimasi, Sistem Pulitik, perilaku pulitik, partisipasi pulitik, prosès pulitik, lan uga ora kalah wigatiné seluk beluk bab parté pulitik.

Èlmu pulitik

besut

Téyori pulitik

besut

Téyori pulitik iku kajian bab konsèp nentokaké tujuan pulitik, piyé carané nggayuh tujuan mau sarta kabèh konsekuensiné. Basan bab Téyori Pulitik antarané filsafat pulitik, konsèp bab Sistem Pulitik, nagara, masarakat, kadhaulatan, kakuwasan, legitimasi, lembaga nagara, owah-owahan sosial, pangyasa pulitik, perbandingan pulitik, lll.

Akèh banget wangun sistem pulitik kang dikembangaké déning nagara-nagara ing donya antarané: anarkisme,autoritarian, dhémokrasi, diktatorisme, fasisme, federalisme, feminisme, fundamentalisme keagamaan, globalisme, imperialisme, kapitalisme, kuminisme, liberalisme, libertarianisme, marxisme, meritokrasi, monarki, nasionalisme, rasisme, sosialisme, theokrasi, totaliterisme, oligarki dsb.

Lembaga pulitik

besut

Lumrahé tegesé sawijining organisasi, nanging lembaga bisa uga wujud sawijining kabiasaan utawa prilaku kang duwèni pola. Perkawinan upamané, iku lembaga sosial, kang diakoni déning nagara liwat KUA utawa Cathetan Sipil ing Indonésia apa déné kang diakoni déning masarakat waé tanpa pangakon nagara. Sajeroning bab iki, sawijining organisasi uga wujud prilaku kang duwé pola kanthi mènèhi kalungguhan marang wong-wong tinamtu supaya bisa ngayahi fungsi kanggo nggayuh tujuan bebarengan, organisasi bisa formal utawa informal. Lembaga pulitik iku prilaku pulitik kang duwèni pola sajeroning babagan pulitik.

Parté lan Golongan

besut

Hubungan Internasional

besut

Sajeroning wangun klasik gayutan internasional iku wujud gayutan antar nagara, nanging sajeroning perkembangan sabanjuré, konsèp iki owah dadi nyakup kabèh interaksi kang dumadi lintas wates nagara. Sajeroning wangun klasik, gayutan internasional diperanaké mung déning para diplomat (lan spiun) saliyané wadya sajeroning paperangan. Dén sajeroning konsèp anyar gayutan internasional, warna-warna organisasi internasional, perusahaan, organisasi nirlaba, malah wong pribadi bisa dadi aktor kang wigati tumrap pulitik internasional.

Masarakat

besut

Yaiku kumpulan manungsa kang dumunung ana ing sajeroning tlatah nagara.

Kakuwasan

besut

Sajeroning téyori pulitik nunjuk marang kamampuan kanggo nggawé supaya wong liya nglakokaké bab kang ora dikarepaké. Max Weber nulis aané telu sumber kakuwasan: kasiji saka asumber saka ukum utawa undhang-undhang; kaloro, sumber saka kakerasan kaya déné penguasan gaman; katelu, sumber saka karisma.

Nagara

besut

Nagara minangka sawijining kawasan teritorial kang ing jeroné ana sing ndunungi, duwé kadhaulatan kanggo nglakokaké papréntahan, lan diakoni déning nagara liya. Katentuan kang tersebut ing dhuwur iku minangka syarat ngadegé nagara miturut konferènsi Montevideo ing taun 1933

Tokoh lan pemikir Èlmu pulitik

besut

Tokoh-tokoh pulitik

besut

Pemikir-pemikir pulitik

besut

Mancanagara

besut

Tokoh tokoh pemikir Ilmu Pulitik saka kalangan teoris klasik, modhèren utawa kontempoter antarané: Aristoteles, Adam Smith, Cicero, Friedrich Engels, Immanuel Kant, John Locke, Karl Marx, Lenin, Martin Luther, Max Weber, Nicolo Machiavelli, Rousseau, Samuel P Huntington, Thomas Hobbes, Antonio Gramsci, Harold Crouch, Douglas E Ramage.

Indonésia

besut

Sawetara tokoh pemikir lan juru nulis materi Èlmu pulitik lan Hubungan internasional saka Indonésia antarané: Miriam Budiardjo, Salim Said dan Ramlan Surbakti.

Deleng uga

besut