Tuduhaké menu pokok
Gramsci.png

Antonio Gramsci (22 Januari, 189127 April, 1937) iku juru nulis, politisi lan pangripta téyori pulitik saka Italia. Minangka salah siji saka pemimpin kang ngadegaké Parté Kuminis Italia, dhèwèké dikunjara déning rejim fasis Mussolini. Tulisan-tulisané akèh-akèhé wujud analisis bab budaya lan kapemimpinan pulitik, lan kawentar minangka pamikir asli sajeroning tradisi Marxis. Antonio Gramsci uga misuwur kanthi konsèpé hègemoni budaya kanggo ngreksa nagara sajeroning masarakat kapitalis.

PamikiranBesut

Cithakan:Marxist theory Gramsci dianggep salah siji pamikir téyori Marxis kang paling wigati ing abad angka 20, mligi minangka pamikir kunci sajeroning mangun Marxisme Kulon. Dhèwèké nulis punjul 30 buku cathetan lan 3000 kaca sajarah lan analisis ing sajeroning kunjara. Tulisan-tulisan iki, misuwur minangka cathetan saka jronig kunjara (Prison Notebooks), isiné panjlajahan Gramsci bab sajarah Italia lan nasionalisme, ora kèri uga sawatara gagasan bab téyori Marxisme, téyori kritis lan téyori pendhidhikan kang magepokan karo jenengé, kaya ta:

  • Hegemoni budaya minangka cara kanggo njaga nagara kapitalis.
  • Kabutuhan bab pendhidhikan tumrap para buruh kanggo majokaké intelèktualitas para buruh klas pekerja.
  • Pamérangan sajeroning masarakat pulitik (pulisi, militèr, sistem kukum, lsp.) kang ndominasi kanthi langsung lan kanthi peksan, lan masarakat sipil (kulawarga, sistem pendhidhikan, persatuan pedagang (trade union), lsp.) ing ngendi kapemimpinan diwangun liwat ideologi utawa pasetujon.
  • 'Sajarahisme absolut'.
  • Kritik bab determinisme ékonomi.
  • Kritik bab filsafat materialisme.

HegemoniBesut

Hegemoni iku konsèp kang sadurungé dianggo déning kaum Marxis kaya déné Lenin kanggo nuduhaké kapemimpinan pulitik saka kelas pekerja sajeroning révolusi dhémokratik, nanging diwangun déning Gramsci dadi sawijining analisi kang akut kanggo maratélakaké kenapa révolusi sosialis kang ora bisa disélaki kang diramalaké déning Marxisme ortodhok ora kadadéan ing wiwitan abad angka 20.

Intelèktual lan pendhidhikanBesut

Gramsci awèh pamikiran kang akèh bab peran intelèktual sajeroning masarakat. Kang misuwur, dhèwèké mratélakaké yèn kabêh wong iku intelèktual, saéngga kabèh duwé pamikir intelèktual lan rasional, nanging ora kabèh duwé fungsi sosial sajeroning para intelèktual. Dhèwèké nganggep yèn para intelèktual modhèren ora mung tukang wicara, nanging minangka pangarah lan pangorganisasi kang mbiyantu mangun masarakat lan ngasilaké hegemoni liwat piranti ideologi kaya ta pendhidhikan lan médhia.

Nagara lan masarakat sipilBesut

Téyori Gramsci bab hegemoni kagandhèng karo konsèpé bab nagara kapitalis, kang miturut Gramsci ngatur nagara liwat kakuwatan lan pasetujon. Nagara ora ditafsiraké kanthi cethèk mung wujud pamaréntah; nanging, Gramsci mérang dadi 'masarakat pulitik', minangka arena pulitik institusi lan kontrol kukum konstitusi, lan 'masarakat sipil', kang lumrahé wujud alam 'pribadi' utawa 'dudu nagara', kalebu bab sistem ékonomi. Pérangan kang kapisan mau minangka rangkahé kakuwatan déné pérangan kang kapindho rangkahé pasetujon. Sanajan mangkono, Gramsci nadhesaké yèn pamérangan iku mau mung murni konsèp lan kaloroné sajeroning kasunyatan kerep tumpang tindhih.

Prabawa pamikiran GramsciBesut

Pamikir liyané kang kena prabawa GramsciBesut

Uga delengenBesut

Cathetan sukuBesut

SumberBesut

Pranala njabaBesut