Materialisme yaiku paham sajeroning filsafat kang negesake yèn hal kang bisa dikandakaké ana yaiku matèri.[1] Sebeneré kabèh hal kasusun saka materi lan kabèh fenomena fenomena asil interaksi material.[1] Materi yaiku salah sijiné substansi.[1] Minangka téyori, materialisme kalebu paham ontologi monistik.[1] Nanging, materialisme béda karo téyori ontologis kang andhedhasar déning dualisme utawa pluralisme.[1] sajrone mènèhi penjelasan tunggal babagan realitas, materialisme berseberangan karo idealisme.[2]

Epikuros

Materialisme ora ngakui entitas-entitas nonmaterial kaya ta: roh, hantu, setan lan malaékat.[2] Pelaku-pelaku immaterial ora ana.[2] ora ana Allah utawa donya adikodrati/supranatural.[2] Realitas siji-sijiné yaiku materi lan kabèh sawiji wujud manifestasi saka aktivitas materi.[2] Materi lan aktivitase kang sipate abadi.[2] ora ana kang tukang ngobahake utawa sebab pertama.[2] ora ana kauripan, ora ana pikiran kang kekal. Kabèh tandha-tandha berubah, akhire nglewti eksistensi, kang mbalek manèh marang dhasar material primordial, abadi, sajrone salah sijiné peralihan wujud kang abadi saka materi.[2]

Dhéfinisi Materialisme

besut

Tembung materialisme kasusun saka tembung materi lan isme.[1] Materi bisa dipahami minangka bahan; barang; sekabehane barang kang ketok.[3] Materialisme yaiku pandangan urip kang golèk dhasar sekabehane sawiji kang kalebu uripé manungsa sajrone alam kebarangankewae, kanti nyisihake kang ngatasi alam indra. Sawentara iku, wong-wong kang uripé berorientasi marang materi mau minangka materialis. Wong-wong iki yaiku para pengusung paham (ajaran) materialisme utawa uga wong kang mentingake kebarangan kewae (kesugihan, dhuwit lan sakpanunggale).[3]

Tokoh-tokoh lan Karya-karya Materialisme

besut
 
Ludwig Feuerbach:Filsuf saka Jerman kang njurung Materialisme

Filsuf kang pertama manuhaké paham iki yaiku Epikuros.[4] Dhèwèké wujud salah siji filsuf kaloka nalika jaman filsafat \bkuna\b. saliyané Epikuros, filsuf liya kang uga mèlu ngembangaké aliran filsafat iki yaiku Demokritos lan Lucretius Carus. Panemu dewee babagan materialisme, bisa dipadakake karo materialisme kang ngrembaka ing Prancis nalika jaman pencerahan. Rong karangan karya La Mettrie kang cukup kaloka makili paham iki yaiku L'homme machine (manungsa mesin) lan L'homme plante (manungsa wit-witan).[4]

Sajrone waktu kang padha, ing panggonan liya ana sewong Baron von Holbach kang ngandarake salah sijiné materialisme ateisme.[4] Materialisme ateisme meh padh sajrone wujud lan substansine, kang ora ngakui anané Alloh kanthi mutlak.[2] Jiwa sebenere padha karo fungsi-fungsi utek. Nalika Abad 19, muncul filsuf-filsuf materialisme asal Jerman kaya ta Feuerbach, Moleschott, Buchner, lan Haeckel.[4][5] Dhèwèké kang sebanjure nerusaké anané materialisme.[4]

Ciri-ciri paham materialisme

besut

Sak ora-orane ana 5 dhasar ideologi kang didadèkaké dhasar keyakinan paham iki:

  1. Sekabehane kang ana (wujud) asalé saka aka siji sumber yaiku materi (ma’dah).
  2. Ora ngeyakini anané alam ghaib.
  3. Ndadekake panca indra minangka siji-sijiné piranti nggayuh ngèlmu.
  4. Manggonake ngèlmu minangka gantine agama sajrone manggonake hukum.
  5. ndadèkaké kecondongan lan tabiat manungsa minangka akhlak.[2]

yaiku salah sijiné paham garis pamikir, ing ngendi manungsa minangka nara sumber lan uga minangka resolusi ngengingi solah kang wis ana dalan dialetis.

Kritik tumprape Materialisme

besut

Salah siji kritik tumprape paham materialisme diandharake déning aliran filsafat eksistensialisme. Materialisme ngajarake yèn manungsa ing ahire yaiku thing, barang, padha kaya barang-barang liyané. Ora ateges yèn manungsa pdha karo wit, kebo, utawa méja, sebab manungsa dipandang luwih unggul. Nanging, kanthi mendasar manungsa dipandang amung minangka materi, yaiku asil saka prosès-prosès unsur kimia. Filsafat eksistensialisme mènèhi kritik tumrap pandangan kaya mengkene. Cara pandang paham materialisme kaya iki mereduksi totalitas manungsa. manungsa dideleng amung miturut hukum-hukum alam, kimia, lan biologi, saéngga seolah padha kaya kéwan, wit-witan, lan barang liya. Padahal manungsa duwé kompleksitas dewene kang ora bisa diukur, kaya waé nalika berhadapan karo momen-momen eksistensial kaya njukuk putusan, kecemasan, wedi, lan sakpanungggale.[2]

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e f Lorens Bagus. 2000. Kamus Filsafat. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama. Hlm. 593-600
  2. a b c d e f g h i j k N. Drijarkara. 1966. Pertjikan Filsafat. Jakarta: PT. Pembangunan Djakarta. Hal. 57-59.
  3. a b Kamus Besar Basa Indonesia. 2000. Jakarta: Balai Pustaka. Hlm. 946.
  4. a b c d e P. A. van der Weij. 1988. Filsuf-filsuf Besar Tentang Manusia. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama. Hal 108-110.
  5. Bryan Magee. 2008. The Story of Philosophy. Yogyakarta: Kanisius. Hlm 135-136.