Cithakan:Wangun papréntahan Monarki, asal saka basa Yunani monos (μονος) kang tegesé siji, lan archein (αρχειν) kang tegesé pemeréntah. Monarki iku jinis pemeréntahan kang ndadèkaké Raja dadi Kepala Nagara. Monarki utawa sistem papréntahan krajan iku sistem tuwa dhéwé ing donya. Ing wiwitan kurun abad kaping-19, ana punjul 900 singgasana karajan ing donya, nanging mudhun nganti dadi 240 sajeroning abad kaping-20. Ing dekade kawolu abad kaping-20, mung kari 40 takhta waé kang isih ana. Saka gunggung mau, mung papat nagara duwé ratu utawa monarki kang mutlak lan saluwihé kawates nganggo sistem konstitusi.

Bédané ratu lan présidhèn minangka pimpinan nagara yaiku, yèn ratu dadi pimpinan nagara bisa salawasé, nanging yèn présidhèn dadi pimpinan nagara ana mangsane. Nanging ing nagara-nagara fédherasi kaya ta Malaysia, ratu utawa agong mung bisa mimpin suwéné 5 taun. Jaman saiki papréntahan monarki kang wutuh wis ora ana, anané jaman saiki monarki konstitusional, yaiku ratu kang ana watesé wujud konstitusi. Conto karajan:

  1. Mangkunagaran (Pangeran Adipati)
  2. Kasepuhan (Sultan)
  3. Kanoman (Sultan)
  4. Kacirebonan (Pangeran)
  5. Karajan Pagatan (Pangeran Muda)

Sumber

besut
  • "Darjat tidak datang bergolek", Utusan Online, 15 Fèbruari 2005

Pranala njaba

besut