Malaysia

nagara ing Asia Kidul-Wétan

Malaysia punika satunggalipun nagari ingkang dumunung ing Asia Kidul Wétan, dipunjumenengaken ing taun 1963. Malaysia gadhah padunung saking manéka warni suku lan budaya. Malaysia dados salah satunggalipun nagari persemakmuran karajan Inggris. Malaysia awujud nagari fédherasi ingkang kapérang dados 13 wewengkon praja lan 3 pasekutonan. Kutha krajan nagari Malaysia inggih punika Kuala Lumpur, bilih Putrajaya dados punjering papréntahan pasekutonan. Gunggungipun padunung Malaysia langkung saking 34 yuta tiyang.[13] Negari Malaysia dipunpisahaken ing kalih wewengkon Malaysia sisih kilèn lan Malaysia sisih wétan, dipunpisahaken déning Kapuloan Natuna, wewengkon Indonésia ing Laut Cina Kidul.[13]

ꦩꦭꦻꦱꦶꦪ
Malaysia
A blue rectangle with a gold star and crescent in the canton, with 14 horizontal red and white lines on the rest of the flag
Gendéra
Shield showing symbols of the Malaysian states with a star and crescent above it and a motto below it supported by two tigers
Coat of arms
Motto: "Bersekutu Bertambah Mutu"[1]
"Manunggal Nambah Kaunggulan"
Gunagita: 'Negaraku
   Malaysia in    ASEAN
   Malaysia in    ASEAN
KuthagaraKuala Lumpur
3°8′N 101°41′E / 3.133°N 101.683°E / 3.133; 101.683
Putrajaya (administratif)
2°56′35″N 101°41′58″E / 2.9430952°N 101.699373°E / 2.9430952; 101.699373
BrehakuthaKuala Lumpur
3°8′N 101°41′E / 3.133°N 101.683°E / 3.133; 101.683
JawatbasaMelayu Malaysia[2]
Latin
Basa sing diakoni
Inggris lan Cina
Budayawangsa
(2023[3])
Agama
WangsanamaWangsa Malaysia
PapréntahanMonarki Konstitusional
Ibrahim saking Johor
Anwar Ibrahim
PaukumkaryanParlemen
Dewan Negara (Senat)
Dewan Rakyat (House of Representatives)
Kamardikan 
31 August 1957[6]
22 July 1963
17 January 1962
31 July 1963
31 August 1963
16 September 1963
9 August 1965
8 August 1967
Pijembar
• Gunggung
332.370 km2 (128.329 sq mi) (66th)
• Banyu (%)
0.3
Population
• Pikira-kira 2024
34,564,810[7] (44th)
• Cacahjiwa 2020
32,447,385[8]
• Ketebdunung
92/km2 (238.3/sq mi) (116th)
GKK  (ITK)Pikira-kira 2018
• Gunggung
$1.002 trillion[9] (26th)
• Saben wong
$30,858[10] (41st)
GKK  (angka)Pikira-kira 2018
• Gunggung
$364.919 billion (38th)
• Saben wong
$11,237 (62nd)
Gini (2009)Negative increase 46.3[11]
dhuwur
IPM (2015)Increase 0.789[12]
dhuwur · 59th
ArtacihnaRinggit (RM) (MYR)
Laladan wektuUTC+8 (MST)
• Mangsa ketiga (AKK)
UTC+8 (not observed)
Rupa titimangsadd-mm-yyyy
Nyetir ingleft
Kodhé bèl+60
TLD internèt.my

Malaysia ingkang sisih kilèn asring sinebat Semenajung Malaya. Wewengkon Malaysia ingkang sisih wétan lan dados wewengkon ingkang paling wiyar kapérang dados kalih laladan papréntahan (satingkat provinsi), inggih punika Sarawak lan Sabah. Malaysia dipunlangkungi gugusan pagunungan ingkang panjang ing Malaysia ujung. Wewengkon Malaysia sisih kilèn kalebet wewengkon ingkang kathah padunungipun tinimbang sisih wétan. Malaysia sisih kilèn ugi dados punjering papréntahan. Malaysia sisih wétan taksih awujud laladan ingkang taksih dipunkupengi alas bawera. Kirang langkung 15 % padunung Malaysia gesang ing wewengkon punika. Malaysia wewatesan kaliyan Thailand, Indonésia, Singapura, Brunei, lan Filipina.[13]

Malaysia punika dados nagari perintis ASEAN lan ugi ndhèrèk ing manéka organisasi internasional, kados PBB.[14][15] Amargi Malaysia naté dipunjajah Inggris, Malaysia ugi dados anggota Nagara-Nagara Persemakmuran.[16] Malaysia ugi dados anggota D-8.[17]

Sajarah Malaysia

besut

Satunggalipun golongan tiyang Malayu kapanggih ing ujung Malayu kinten-kinten 2000 SM. Tiyang-tiyang kalawau gesang ing guwa ing désa-désa. Awit abad angka 8 ngantos abad ka 13 ujung Malayu dipunkuwaosi Karajan Sriwijaya saking Indonésia. Sasampunipun punika karajan Hindhu saking Jawa, Majapahit dados panguwaos ing wewengkon Ujung Malayu. Ing taun 1400-an Malaysia sampun tepang kaliyan agami Islam ingkang dipunsebar sumarambah déning tiyang-tiyang saking Arab. Agami Islam sumebar kanthi saé ing Malaysia saéngga ndadosaken Malaysia minangka nagari Islam.

Taun 1511, Portugis dhateng ing Malaysia, salajengipun kinten-kinten wonten 4 nagari saking Éropa ingkang nguwaosi wewengkon Malaysia punika. Malaysia dipunkuwaosi Walanda ing taun 1641, lan ing taun 1786 Inggris nguwaosi laladan Penang. Ing abad kaping 19 nagara inggris saged nguwoasi sadaya wewengkon Malaysia. Ing kawitanipun taun 1900, Inggris saged kasil nguwaosi wewengkon Sarawak lan Sabah.

Malaysia minangka nagara pasekutonan sajatosipun dèrèng naté wonten sadèrèngipun taun 1963. Saderengipun punika, wujudipun pakempalan koloni ingkang dipunjumenengaken déning Karajan Manunggal ing pungkasaning abad kaping 18, lan Malaysia taksih awujud manéka karajan utawi praja-praja ingkang kapisah-pisah. Pakempalan wewengkon jajahan kalawau dipunsebat Malaya Karajan Manunggal ngantos dipunbibaraken ing taun 1946, nalika pakempalan punika dipundadosaken manunggal dados Uni Malaya. Amargi kathahipun tantangan, pakempalan kalawau dipun-gantos malih dades Federasi Malaya nalika taun 1948 lan salajengipun angsal kamardikan tanggal 31 Agustus 1957.[18]

Nalika tanggal 16 September 1963 jumbuh kaliyan prosès dhékolonisasi, Singapura, Sarawak, Borneo Ler utawi sapunika dipunmangertosi kanthi nama Sabah gantos dados praja saking fédherasi damelan énggal ingkang namanipun Malaysia kalebet kaliyan Federasi Malaya.[19]

Tanggal 9 Agustus 1965 Singapura dipunwedalaken saking fédherasi Malaysia lan dados nagari mardika kanthi nama Républik Singapura.[20][21]

Nalika prosès mujudaken papréntahan fédherasi ingkang énggal, wonten pasulayan saking Filipina lan Konfrontasi Indonésia-Malaysia[22]

Iklim Malaysia

besut

Malaysia kalebet nagari ingkang caket kaliyan garis ekuator ingkang gadhah témperatur ingkang inggil. Saben dintenipun asring kraos benter, lan adhem ing wayah dalunipun. Ing wewengkon pagunungan, temperaturipun langkung adhem.

Malaysia dados nagari prodhusèn tin paling ageng sadonya. Prodhuksi tin punika saged narik tiyang kathah minangka dados adamelanipun. Malaysia ugi ngasilaken Bauksit, ingkang dipundamel dados Alumunium. Kinten-kinten 40% prodhuksi karèt donya dipunasilaken ing Malaysia. Prodhuksi karèt punika ndadosaken sapérangan kathah tiyang Malaysia nyambut damel ing indhustri karèt. Malaysia ugi dados prodhusèn wigati kopra. Sapérangan jinis kayu ingkang wonten ing Malaysia kados kayu teak, eboni, lan kayu sandal. Lisah (lenga) dipunwedalaken ing Sarawak.

Basa resmi ing Malaysia inggih punika Basa Malayu. Basa punika dipunserat nganggé seratan Arab. Basa Inggris dipunangge ing papréntahan. Ing Malaysia ugi wonten Basa Cina lan Basa India Kidul ingkang sinebat basa Tamil.

Agama

besut
 
Masjid Sultan Iskandar

Sapérangan ageng padunung Malaysia punika agamanipun Islam, agami punika dipunbekta dhateng Malaysia atusan taun kapungkur déning tiyang Arab. Padunung ingkang asalipun saking India agaminipun Hindhu lan tiyang saking Cina agaminipun Konghucu utawi Buda. Sapérangan alit padunung Malaysia agaminipun Kristen.

Pagesangan

besut

Cara gesang modhèren padunung Malaysia saged kapanggih ing kutha-kutha ageng, nanging ing désa-désa tiyang Malaysia taksih gesang kanthi cara tradhisional.

Ékonomi

besut

Langkung saking sepalih padunung Malaysia nyambut damel ing babagan tetanèn. Kathah tiyang tani ingkang nyambut damel kaliyan kaluwarganipun. Saking babagan tetanèn punika Malaysia ngasilaken manéka jinis asil kados beras, kacang, uwoh-uwohan, lan sayuran. Prodhuksi uwos punika ugi saged dipunimpor dhateng nagari sanès. Negari Malaysia ngasilaken manéka warni barang asil padamelan kagunan kreatif, kados tenun, sarung, bathik, lan sanèsipun.

Papréntahan

besut

Negari Malaysia kalebet nagari monarki konstitusional. Malaysia dipunpandhegani ratu ingkang asring sinebat "yang dipertuan agong" ingkang dipunpilih gangsal taun sapisan. Minangka dados pangarsaning praja, "yang dipertuan agong" gadhah hak kanggé milih nayakotama lan sadaya mantri ing kabinèt-ipun. Kepala nagara Malaysia inggih punika Yang di-Pertuan Agong[23] lan pemarentahanipun dipunpimpin Nayakotama.[24][25] Modhèl papréntahan Malaysia mirib kados déné sistem parlementer Westminster.[26]

Sumangga dipunpirsani ugi

besut

Pranala njawi

besut

Cathetan suku

besut
  1. "Malaysian Flag and Coat of Arms". Malaysian Government. Diarsip saka sing asli ing 22 Oktober 2013. Dibukak ing 9 Sèptèmber 2013.
  2. "Federal Constitution [As of 1 November 2010]" (PDF). Attorney General's Chamber of Malaysia. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 10 October 2017. Dibukak ing 10 Novèmber 2017.
  3. "Current Population Estimates Malaysia 2016–2017". Department of Statistics, Malaysia. Dibukak ing 14 Juli 2017.
  4. "The States, Religion and Law of the Federation" (PDF). Constitution of Malaysia. Judicial Appointments Commission. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2016-02-02. Dibukak ing 29 Oktober 2017. Islam is the religion of the Federation; but other religions may be practised in peace and harmony in any part of the Federation.
  5. "Population Distribution and Basic Demographic Characteristic Report 2010 (Updated: 05/08/2011)". Department of Statistics, Malaysia. 29 Juli 2011. Dibukak ing 11 Juni 2018.
  6. Mackay, Derek (2005). Eastern Customs: The Customs Service in British Malaya and the Opium Trade. The Radcliffe Press. kc. 240–. ISBN 978-1-85043-844-1.
  7. "Current Population Estimates, Malaysia, 2016–2017". Department of Statistics, Malaysia. 14 Juli 2017. Dibukak ing 11 Juni 2018.
  8. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Population
  9. "IMF economies data – GDP".
  10. "IMF economies data – GDP per capita".
  11. "Gini Index". World Bank. Dibukak ing 11 Januari 2018.
  12. "2015 Human Development Report" (PDF). United Nations Development Programme. 2015. Dibukak ing 15 Dhésèmber 2015.
  13. a b c CIA. The World Fact Book: Malaysia Archived 2019-01-06 at the Wayback Machine.. Dipunakses 5 Fèbruari 2013.
  14. Tinjauan Archived 2002-11-11 at the Wayback Machine.. Perhimpunan Bangsa-bangsa Asia Tenggara. Dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013.
  15. Daftar Nagara Anggota. PBB. Dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013
  16. Anggota. Sekretariat Persemakmuran. Dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013.
  17. Kementerian Luar Negeri, Turki. Fakta dan Gambar D-8. Dipunakses ing 12 Fèbruari 2013.
  18. Majalah Time. A New Nation Archived 2007-11-06 at the Wayback Machine.. 9 September 1957.
  19. Paragraf 22. Singapura. Jalan menuju kemerdekaan. Divisi Penelitian Federal, Kapustakan Konggrès. Seri Buku Pegangan Wewengkon/Pengkajian Nagara. Departemen Angkatan Darat Amérika Sarékat. Diakses padha 9 Dhésèmber 2006.
  20. Majalah Time.The Art of Dispelling Anxiety Archived 2010-12-27 at the Wayback Machine.. Agustus.
  21. Paragraf 25. Singapura. Jalan menuju kemerdekaan. Divisi Penelitian Federal, Kapustakan Konggrès. Seri Buku Pegangan Wewengkon/Pengkajian Nagara. Departemen Angkatan Darat Amérika Sarékat. Diakses padha 9 Dhésèmber 2006.
  22. "United Nations — Treaty No. 8029" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2010-10-11. Dibukak ing 2013-02-06.
  23. Yang di-Pertuan Agong limrah dipunsebat "Raja", "Kepala", utawi "yang Agung"
  24. Pasal 33. Konstitusi Malaysia.
  25. Pasal 43. Konstitusi Malaysia.
  26. Federation of International Trade Associations. Informasi Umum Malaysia Archived 2010-12-26 at the Wayback Machine.. Dipunakses 5 Fèbruari 2013.