Tuduhaké menu pokok

Basa resmi iku basa sing duwé setatus ukum kang mirunggan ing njeron nagara, praja, utawa yurisdhiksi tinamtu. Lumrahé basa resmi kanggo ngarani basa kang kagunakaké ing pepréntahan (contoné ing pangadilan, parlemèn, lan administrasi).[1] Ing saindenging donya, 178 nagara padha duwé basa resmi saorané cacah siji, lan 101 saka nagara-nagara mau ngakoni basa resmi luwih saka siji. Akèh undhang-undhang ing donya kang nyebutaké basa resmi utawa basa nasional luwih saka siji.[2][3] Sawenèh nagara nggunakaké jejuluk basa resmi kanggo mikuwati golongan-golongan wong bumi kanthi cara awèh dalan marang golongan-golongan mau supaya mangertèni dalané pepréntahan lumantar basané dhéwé. Ing nagara-nagara kang ora ngangkat basa resmi, basa nasional kang de facto lumrahé ngrembaka. Basa Inggris iku minangka basa resmi kang kalumrah dhéwé awit diakoni ing 51 nagara. Basa Arab, Prancis, lan Spanyol uga diakoni akèh nagara.

Basa resmi kang uga minangka basa pribumi karan éndhoglosik, déné kang ora minangka basa pribumi karan éksoglosik.[4] Salah siji contoné ya iku Nigéria, kang duwé basa resmi éndhoglosik cacah telu. Kanthi cara mangkono, nagara duwé ancas ngreksa basa-basa pribumi sanajan uga ngakoni basa Inggris minangka basantara (lingua franca).

RéferènsiBesut

  1. "Official Language", Concise Oxford Companion to the English Language, Ed. Tom McArthur, Oxford University Press, 1998.
  2. "Read about "Official or national languages" on Constitute". Dijupuk 2016-03-28. 
  3. "L'aménagement linguistique dans le monde: page d'accueil". www.axl.cefan.ulaval.ca. Dijupuk 2016-03-28. 
  4. endoglossic lan exoglossic ing OxfordDictionaries.com.

Pranala njabaBesut