Thai

nagara ing Asia Kidul-Wétan
(Kaelih saka Thailand)

Praja Thai [a], kadhangkala uga karan Mueang Taek, iku nagara ing Asia Kidul-Wétan kang wewatesan kaliyan Laos lan Kamboja ing sisih wétan, Malaysia lan Lempongan Siam ing sisih kidul, lan Myanmar lan Laut Andaman ing sisih kulon. Thai biyèn dikenal minangka Siyem (Ind: Siam) nganti tanggal 11 Mèi 1949. Tembung "Thai" (ไทย) tegesé "kaluwaran" ing basa Thai, nanging uga bisa ngrujuk ing sukuwangsa Taek, saéngga njalari jeneng Siam isih dipigunakaké ing kalangan wong-wong Thai mligi kaum sisithik (Ind: minoritas) Tionghoa.

Praja Thai
  • ราชอาณาจักรไทย (Tanah Thai)
  • Ratcha-anachak Thai
Gendéraning Thai
Gendéra
Embleming Thai
Emblem
Gunagita: Phleng Chat Thai
(Jawa: "Lagu kabangsan Thai")
Rajagita: Phleng Sansasoen Phra Barami
(Jawa: "Mulya Pakurmatanipun")
Dunungpenering Thai (green)

– ing Asia (light green & dark grey)
– in ASEAN (light green)

Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Bangkok
13°45′N 100°29′E / 13.750°N 100.483°E / 13.750; 100.483
JawatbasaThai[1]
Spoken languages
Budayawangsa
Agama
WangsanamaWangsa Thai
Siamese (historic)
PapréntahanUnitary parliamentary Monarki konstitusional
• Raja
Maha Vajiralongkorn/Rama X
Prayut Chan-o-cha
PaukumkaryanDewan Nasional
Senat
House of Representatives
Formation
1238–1448
1351–1767
1768–1782
6 April 1782
24 June 1932
6 April 2017
Pijembar
• Gunggung
513,120 km2 (198,120 sq mi) (50th)
• Banyu (%)
0.4 (2,230 km2)
Population
• Pikira-kira 2019
Increase 66,558,935[4] (22nd)
• Cacahjiwa 2010
64,785,909[5] (21st)
• Ketebdunung
132.1/km2 (342.1/sq mi) (88th)
GKK  (ITK)Pikira-kira 2019
• Gunggung
$1.390 trillion[6]
• Saben wong
$20,474[6]
GKK  (angka)Pikira-kira 2019
• Gunggung
$516 billion[6][7]
• Saben wong
$7,607[6][7]
Gini (2015)36[8]
tengah
IPM (2019)Increase 0.777[9]
dhuwur · 79th
ArtacihnaBaht (฿) (THB)
Laladan wektuUTC+7 (ICT)
Nyetir ingleft
Kodhé bèl+66
TLD internèt
Thai
ราชอาณาจักรไทย
Ratcha Anachak Taek

Bendera Thai
Bendera Thai
Lambang Thai
Lambang Thai
Gendéra Lambang

Lagu kabangsan: Phleng Chat

Thai
Thai

Ibu kutha Bangkok
Kutha paling gedhé Bangkok

Basa resmi Basa Thai

Didegaké Kamardikan
- Kraton Sukhothay 1238–1368
- Kraton Ayutthaya 1350–1767
- Kraton Thonburi 1767 nganti 7 April 1782
- Kraton Ratanakosin 7 April-???

Wangun Pamaréntah Monarki konstitusional
- Rama X Rama X
- Nayakotama Prayut Chan-o-cha

Koordinat 13°44′ LU, 100°30′ BT
Wilayah 49
- Total 514.000 km²
198,115 sq mi
- Banyu 0,4%

PDB (PPP) 2005 (prakiran)
- Total $560,7 milyar (21)
- Per kapita $8.300 (69)

Penduduk September 2006
- Total 64.700.000 (19)
- Kapadhetan penduduk 126/km² (80)
HDI (2004) 0,784 (medium) (72)

Valuta ฿ Baht

Zona wektu UTC +7

Internet TLD .th
Kodhe tèlpon + 66

Sajarah besut

Wiwiting Praja Thai kanthi tradhisional kagandhèngaké karo sawijining Kraton kang cendhèk umuré, Kraton Sukhothay kang diadegaké ing taun 1238. Kraton iki sabanjuré diterusaké Kraton Ayutthaya kang diadegaké ing tengahan abad angka 14 lan kanthi ukuran luwih gedhé katimbang Sukhothay Kabudayan Praja Thai diprabawani déning Tiongkok lan Barata. Hubungan karo sawatara nagara gedhé Éropa diwiwiti ing abad angka 16 nanging sanadyan ngalami papenet kang kuwat, Praja Thai tetep tahan minangka siji-sijiné nagara ing Asia Kidul-wétan kang ora tau dijajah déning nagara Éropa, sanadyan prabawa Kulon, kalebu anceman kakerasan, nggawe owah-owahan ing abad angka 19 lan anané kalonggaran tumrap sudagar-sudagar Britania.

Sawijining revolusi damai ing taun 1932 njalari diwiwiti monarki konstitusional. Sadurungé dikenal kanthi jeneng Siam, nagara iki ngganti jeneng internasionalé dadi "Thailand" (Tanah Thai) ing taun 1939 lan kanggo sabanjuré, sawisé tau sapisan ngganti manèh menyang jeneng lawas pasca-Perang Donya II. Ing perang mau, Praja Thai sekuthu karo Jepang; nanging nalika Perang Donya II rampung, Praja Thai dadi sekuthu Amérika Sarékat. Sawetara kudeta kalakon sajeroning taun-taun sawisé rampung perang, nanging Praja Thai wiwit owah dadi nagara dhémokrasi wiwit taun 1980-an.

Parnggalan Praja Thai didhasaraké ing Taun Buda, kang luwih rikat 543 taun katimbang patanggalan Kulon. Taun 2000 Masehi padha karo taun 2543 sajeroning patanggalan Praja Thai.

Ing 26 Dhésèmber 2004, pasisir kulon Praja Thai diterjang tsunami kang dhuwuré 10 mèter sawisé anané lindhu Samodra Hindhia 2004, niwasaké 5.000 jiwa ing Praja Thai, lan setengahé wujud wisatawan.

Ing wiwitan 2005 ana sawijining tragedi ing Praja Thai Kidul kang duwé populasi mayoritas Muslim. Watara 70 jiwa tiwas akibat kakerasan déning rezim Shinawatra. Akèh nagara kang ngecam tragedi iki. Nanging sajeroning pamilihan kepala papréntahan, Thaksin Shinawatra maréntah manèh nagara iki kanggo patang taun sabanjuré.

artatata besut

Sawisé nikmati rata-rata tuwuhing artatata (Ind: ekonomi) paling dhuwur ing donya wiwit taun 1985 nganti 1995-rata-rata 9% per taun-papenet spekulatif kang mundhak marang dhuwit Praja Thai, Baht, ing taun 1997 njalari krisis dhuwit lan meksa pamréntah ngambangaké Baht. Sawisé dipathok ing aji 25 Baht kanggo satu dolar AS, Baht nggayuh titik paling cendhèk ing kurang luwih 56 Baht ing sasi Januari 1998 lan artatatané mudhun nganti 10,2% ing taun kang padha. Krisis iki sabanjuré sumrambah menyang kawasan Asia.

Praja Thai miwiti babak pemulihan ing taun 1999; artatatané dadi kuwat watara 4,2% lan tuwuh 4,4% ing taun 2000, wujud asil saka èkspor kang kuwat-kang mundhak watara 20% ing taun 2000. Tuwuhing artatata ing taun 2003 dikira-kira 6,3%, lan 8% sarta 10% ing taun 2004 lan 2005.

Sèktor pariwisata mènèhi sumbangan kang gedhé marang artatata Praja Thai. Rawuhé wisatawan ing taun 2002 (10,9 yuta) nuduhaké angka kang mundhak 7,3% saka taun sadurungé (10,1 yuta).

Pamérangan administratif besut

Praja Thai dipérang dadi 76 propinsi (changwat), kang diklumpukaké sajeroning 5 golongan propinsi. Jeneng saben propinsi asal saka jeneng kutha Kraton propinsiné.

propinsi-propinsi mau sabanjuré dibagi manèh dadi 795 dhistrik (Amphoe), 81 sub-dhistrik (King Amphoe) lan 50 dhistrik Bangkok (khet) (gunggung nganti taun 2000), lan dibagi-bagi manèh dadi 7.236 pariklumpuk (Tambon), 55.746 désa (Muban), 123 kotamadya (Tesaban), lan 729 dhistrik sanitasi (Sukhaphiban) (gunggung nganti taun 1984).

Pranala njaba besut

  1. "Thailand - The World Factbook". www.cia.gov. Dibukak ing 2021-09-01.
  2. John Draper; Joel Sawat Selway (January 2019). "A New Dataset on Horizontal Structural Ethnic Inequalities in Thailand in Order to Address Sustainable Development Goal 10". Social Indicators Research. 141 (4): 284. doi:10.1007/s11205-019-02065-4. S2CID 149845432. Dibukak ing 6 Feb 2020.
  3. "Population by religion, region and area, 2015" (PDF). NSO. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 10 December 2017. Dibukak ing 12 October 2017.
  4. "Population of the entire kingdom, following the evidence from the population registration on the 31st of December 2019" (PDF). Royal Thai Government Gazette. 30 January 2020. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 16 February 2020. Dibukak ing 12 June 2020.
  5. (in Thai) National Statistics Office, "100th anniversary of population censuses in Thailand: Population and housing census 2010: 11th census of Thailand" Archived 12 July 2012 at the Wayback Machine.. popcensus.nso.go.th.
  6. a b c d "Thailand". International Monetary Fund. Diarsip saka asliné 8 June 2020. Dibukak ing 22 April 2019.{{cite web}}: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
  7. a b "Thai Economic Performance in Q4 and 2017 and Outlook for 2018". National Economic and Social Development Board. Diarsip saka sing asli ing 22 February 2018. Dibukak ing 21 February 2018.
  8. "Gini Index". World Bank. Diarsip saka asliné ing 4 December 2017. Dibukak ing 3 December 2017.
  9. "Human Development Report 2020" (PDF) (ing basa Inggris). United Nations Development Programme. December 15, 2020. Dibukak ing December 15, 2020.


Masalah sitiran: Tenger <ref> ana tumrap golongan aran "lower-alpha", nanging tenger <references group="lower-alpha"/> sing magepokan ora ana, utawa </ref> panutup ora ana