Myanmar

nagara ing Asia Kidul-Wétan

Persatuan Myanmar (uga dikenal minangka Burma) iku nagara ing Asia Kidul-Wétan. Nagara kanthi wiyar 680 km² iki wus dipréntah déning papréntahan militèr wiwit kudeta taun 1988. Nagara iki sawijining nagara tumuwuh lan duwé populasi punjul 50 yuta jiwa. Kutha krajané ana ing Yangon sadurungé dipindhah déning papréntahan junta militèr ing Naypyidaw tanggal 7 November 2005.

ဴပည္ေထာင္စုဴမန္မာနုိင္ငံေတာ္
Pyi-daung-zu Myan-ma Naing-ngan-daw
Gendéraning Persatuan Myanmar
Gendéra
Aditamènging Persatuan Myanmar
Aditamèng
Motto: Gabar Majay Bamar
Gunagita: Gba Majay Bma
Dunungpenering Persatuan Myanmar
KuthagaraNay pyi taw
BrehakuthaYangon
JawatbasaMyanmar
PapréntahanJunta militèr
• Presidhen
Myint Swe
Min Aung Hlaing
Kamardikan
• Banyu (%)
3,06%
Population
• Pikira-kira 2006
51.000.000 (29)
• Cacahjiwa -
-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005
• Gunggung
US$74,1 miliar (63)
• Saben wong
US$1.364 (165)
ArtacihnaKyat (MMK)
Laladan wektuUTC+6:30
Nyetir ingkanan
Kodhé bèl95
TLD internèt.mm

Ing taun 1988, ana gelombang dhémonstrasi gedhèn sing nentang papréntahan junta militèr. Gelombang dhémonstrasi iki dipungkasi kanthi tindak kakerasan déning bala marang para demonstran. Luwih saka 3000 jiwa kaprejaya.

Sajeroning pemilu 1990 parté pro-dhémokrasi pimpinan Aung San Suu Kyi menang 82 persèn swara nanging asil pemilu iki ora diakoni rezim militèr sing kuwasa.

Pulitik

besut

Owah-owahan jeneng saka Burma dadi Myanmar dicakaké déning papréntahan junta militèr tanggal 18 Juni 1989. Junta militèr ngowahi jeneng Burma dadi Myanmar supaya ètnis non-Burma ngrasa dadi péranganing nagara iki. Sanadyan mangkono, owah-owahan iki ora diadopsi déning donya internasional sakabèhané.

Sawetara nagara Éropah kaya Inggris lan Irlandia sing ora ngakoni legitimasi kakuwasan junta militèr tetep nganggo jeneng "Burma" yèn tegesé nagara mau.

PBB, sing ngakoni hak nagara kanggo nemtokaké jeneng nagarané, migunakaké jeneng Myanmar, semono uga Prancis lan Jerman. Ing Jerman, kamentrian jaban rangkah migunakaké Myanmar, nanging mèh kabèh média Jerman migunakaké Burma.

Pamaréntah AS, sing ora ngakoni legitimasi kakuwasan junta militèr tetep migunakaké Burma nanging mayoritas média gedhé kaya The New York Times, CNN lan Associated Press migunakaké Myanmar.

Pamérangan administratif

besut
 
14 praja lan divisi Myanmar.
Artikel utama: Praja Myanmar

Myanmar dipérang dadi pitung praja (pyine) lan pitung divisi (yin).[1] Divisi mayoritas dipanggoni ètnis Bamar, sauntara praja ( ) mayoritas dipanggoni ètnis-ètnis minoritas tinamtu. Saben praja lan divisi banjur dipérang manèh dadi dhistrik-dhistrik.

Divisi

besut

Praja

besut

Kelompok ètnis ing Myanmar

besut
  • Etnis Bamar/Burma. Rong protelon saka total warga Myanmar. Nganut agama Buda, manggon ing sapérangan gedhé wewengkon nagara kajaba padésan.
  • Etnis Karen. Suku sing nganut agama Buda, Kristen utawa campuran. Ngupaya status otonomi sajeroning 60 taun. Manggon ing pagunungan cedhak tapel wates karo Thailand.
  • Etnis Shan. Etnis sing nganut agama Buda sing isih kerabat karo ètnis Thai.
  • Etnis Arakan. Uga karan Rakhine, lumrahé nganut agama Buda lan manggon ing pebukitan ing Myanmar kulon.
  • Etnis Mon. Etnis sing nganut agama Buda, manggon ing kawasan kidul cedhak tapel wates karo Thailand.
  • Etnis Kachin. Akèh-akèhé nganut agama Kristen. Ètnis iki uga kasebar ing Cina lan India.
  • Etnis Chin. Akèh-akèhé nganut agama Kristen, manggon ing cedhak tapel wates karo nagara India.
  • Etnis Rohingya. Ètnis Muslim sing manggon ing saloré Rakhine, akèh sing wis ngungsi menyang Bangladesh utawa Thailand.

Rujukan

besut
  1. "Administrative divisions". The World Factbook. Central Intelligence Agency. 29 Juni 2006. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-11. Dibukak ing 9 Juli 2006.

Pranala njaba

besut