Max Havelaar iku karya Multatuli (Eduard Douwes Dekker) sing muncul taun 1860, kang diakoni minangka karya sastra Walanda kang wigati banget sebab dianggep miwiti gaya tulisan anyar.

Ing Indonésia, karya iki diregani banget amarga wujud karya sapisanan sing nyata-nyata mbèbèraké nasib rakyat sing dijajah. Max Havelaar nyeritaaké ngenani pérangan tanam paksa sing nindhes kaum bumiputra ingng laladan Lebak, Banten. Max Havelaar iku karya ageng kang diakoni minangka sabagéan saka karya sastra donya. Ing salah sawijiné bagiané ngandhut drama ngenani Saijah lan Adinda sing nrenyuhaké, nganti kerep dikutip lan dadi topik kanggo drama panggung.

Roman iki mung ditulis déning Multatuli sajeroning sesasi ing taun 1859 ing sawijining losmen ing Bèlgi. Sataun sabanjuré, ya iku taun 1860 roman iku muncul kanggo sing sepisanan.

Hermann Hesse ing jero bukuné sesirah: Die Welt Bibliothek (Perpustakaan Dunia) nglebokaké Max Havelaar ing urutan buku wacan sing disenengi banget. Malah Max Havelaar saiki dadi wacan wajib ing sekolah ing nagara Walanda.

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut