Tuduhaké menu pokok

Meteorologi yaiku ilmu interdisipliner kang nyinaoni bab atmosfer . Pasinaon bab iki wis ana ewon taun kepungkur, nanging lagi nglami kemajuan ing Abad 18. Ing abad kaping-19, ana gebrakan anyar sawisé ana koordinasi saka manéka negara. Sawisé ngembangaké komputer ing pertengahan abad kaping-20, pétangan cuaca bisa dilaksanakaké .

Fenomena meteologis yaiku kagiyatan cuaca kang kena dideleng lan dijlèntrèhaké nganggo ilmu meteorologi. Kagiyatan kasebut gayut karo variabel kang ana ing swasa bumi, kaya ta suhu, tekanan udara, uap banyu, lan gradien interaksi saben variabel lan kepriye owahé kanthi kairing wektu. Beda spasial ditliti kanggo nemtokaké kepiye cara sistem cuaca kabentuk kanthi cara lokal, wilayah, lan global uga efeke.

Météorologi, klimatologi, fisika atmosfer, lan kimia atmosfer minangka subdisiplin ilmu atmosfer. Météorologi lan hidrologi mbentuk bidhang interdisipliner hidrometeorologi . Meteorologi duwéni manéka aplikasi ing lapangan, kayata militer, produksi energi, transportasi, pertanian, lan konstruksi .

Tembung " meteorologi " asalé saka Basa Yunani kuno, metéōros "megah; dhuwur (ing langit)" (saka μετα- meta- "ndhuwur" lan ἐωρ "ngangkat") lan -λογία -logia " - (o) logy " "ilmu".

AplikasiBesut

Pétangan CuacaBesut

 
Prakiraan tekanan permukaan limang dina sabanjure ing sisih lor Pasifik, Amerika Lor lan Atlantik Lor

Pétangan cuaca yaiku aplikasi ilmu pengetahuan lan teknologi kanggo mrédhiksi kahanan atmosfer ing dina sésuk ing sawijining panggon. Manungsa wiwit nyoba ngétung cuaca wiwit ewon taun kepungkur kanthi cara informal, nanging yèn nganggo cara formal lagi ana ing Abad-19. Pétungan cuaca digawé kanthi cara nglumpukaké data kuantitatif bab kahanan saiki kanthi nggunakaké pangertèn ilmiah kanggo mangertèni cara èwahing atmosfer. [1]

Biyèn, prakiraan cuaca gumantung banget karo owah-owahaning tekanan hawa, kahanan cuaca ing wanci kuwi, lan kahanan langit, [2] [3] pemodelan cuaca saiki digunakaké kanggo nemtokaké kahanan ing mangsa ngarep.

Pétangan cuaca digunakaké kanggo manéka warna . Pepèling cuaca kuwi wigati amarga kanggo nglindhungi nyawa lan barang-barang duwèké masarakat. [4] Pètungan adhedhasar suhu lan presipitasi penting kanggo tetanèn, [5] [6] [7] [8] lan uga kanggo para wong kang dagang ana ing stock market . Prakiraan suhu digunakake dening perusahaan sarana (umpamane pemasok gas, listrik) kanggo nemtokake jumlah panedhane konsumen sing bakal teka. [9] [10] [11] Ing urip saben dinane, prakiraan cuaca nemtokake apa sing bakal digunakake kanggo uwong nalika iku (payung, jaket, ban rante, lan sapiturute).

Meteorologi penerbanganBesut

Meteorologi penerbangan gegayutan karo pangaruh cuaca ing lalu lintas udhara . Meteorologi penerbangan penting kanggo kru penerbangan kanggo mangertèni implikasi cuaca kanggo rencana penerbangan lan pesawate. [12] [13]

Meteorologi TetanènBesut

Pakar meteorologi, ilmu tanah, hidrologi, dan agronomi kadhang kala bekerja sama mempelajari efek cuaca dan iklim terhadap pertumbuhan tanaman, hasil pertanian, efisiensi penggunaan air, fenologi perkembangan hewan dan tumbuhan, dan keseimbangan energi ekosistem. Dheweke uga wigati kanggo mangerteni kepiye carane vegetasi lan makhluk hidup mempengaruhi cuaca lan iklim.

HidrometeorologiBesut

Hidrometeorologi minangka cabang meteorologi kang ana gegayutané karo siklus hidrologi, suplai banyu, lan statistik udan. [14] Hidrometeorologi nyamektakaké lan ngetokaké étungan cuaca ngenani bab kuantitatif saka presipitasi, udan lan salju, lan dhaérah kang bakal kena lan ngalami banjir. Biasané ilmu kang digunakaké yaiku ilmu klimatologi lan ilmu bumi . [15]

Meteorologi MaritimBesut

Meteorologi maritim gegayutan karo étugan ombak laut lan angin kanggo operasi kelautan lan perkapalan.

Meteorologi MiliterBesut

Meteorologi militèr yaiku riset lan aplikasi meteorologi kanggo tujuan militèr, kaya ta ngétung kahanan cuaca kanggo taktik strategi tartamtu, mesthikaké keamanan penerbangan pesawat militer lan kapal militer, nganti aplikasi cuaca gawéan kanggo nyerang mungsuh.

Pendhidhikan Meteorologi ing IndonesiaBesut

Pendhidhikan Meteorologi ing Indonésia:

RujukanBesut

  1. NASA. Weather Forecasting Through the Ages. Retrieved on 2008-05-25.
  2. Weather Doctor. Applying The Barometer To Weather Watching. Retrieved on 2008-05-25.
  3. Mark Moore. Field Forecasting - A Short Summary. Retrieved on 2008-05-25.
  4. National Weather Service. National Weather Service Mission Statement. Retrieved on 2008-05-25.
  5. Blair Fannin. Dry weather conditions continue for Texas. Retrieved on 2008-05-26.
  6. Dr. Terry Mader. Drought Corn Silage. Retrieved on 2008-05-26.
  7. Kathryn C. Taylor. Peach Orchard Establishment and Young Tree Care. Retrieved on 2008-05-26.
  8. Associated Press. After Freeze, Counting Losses to Orange Crop. Retrieved on 2008-05-26.
  9. The New York Times. FUTURES/OPTIONS; Cold Weather Brings Surge In Prices of Heating Fuels. Retrieved on 2008-05-25.
  10. BBC. Heatwave causes electricity surge. Retrieved on 2008-05-25.
  11. Toronto Catholic Schools. The Seven Key Messages of the Energy Drill Program. Retrieved on 2008-05-25.
  12. An international version called the Aeronautical Information Publication contains parallel information, as well as specific information on the international airports for use by the international community.
  13. "7-1-22. PIREPs Relating to Airframe Icing", [February 16, 2006], Aeronautical Information Manual, FAA AIM Online
  14. Encyclopædia Britannica, 2007.
  15. About the HPC, NOAA/ National Weather Service, National Centers for Environmental Prediction, Hydrometeorological Prediction Center, Camp Springs, Maryland, 2007.
  16. http://geomet.ipb.ac.id/program-studi/s1-meteorologi-terapan

Wacanan kang gayutBesut

Pranala jabaBesut