Tetanèn iku kagiyatan pamanfaatan sumber daya hayati kang diayahi déning manungsa kanggo ngasilaké bahan pangan, bahan baku indhustri, utawa sumber ènèrgi, sarta kanggo nglola lingkungan uripé. Kagiatan pamanfaatan sumber daya hayati kang kalebu sajeroning babagan tetanèn biyasa dimangertèni minangka budidaya tuwuhan utawa nenamdur (basa Inggris: crop cultivation) sarta nggedhèkaké kéwan (raising), sanadyan cakupané bisa uga wujud pamanfaatan mikroorganisme lan bioenzim sajeroning pangolahan prodhuk lanjutan, kaya pangolahan kèju lan témpé, utawa saukur ekstraksi waé, kaya golèk iwak utawa eksploitasi alas.

Pérangan gedhé dhéwé kang ndunungi donya golèk pangan ing lingkup tetanèn, nanging tetanèn mung nyumbang 4% saka PDB donya. Sajarah Indonésia wiwit mangsa kolonial nganti saiki ora bisa dipisahaké saka sèktor tetanèn lan perkebunan, amarga sèktor-sèktor iki duwé makna kang wigati banget sajeroning nemtokaké pambentukan manéka realitas ékonomi lan sosial masarakat ing wewengkon-wewengkon Indonésia. Miturut data BPS taun 2002, babagan tetanèn ing Indonésia nyadiakaké lapangan kerja tumrap 44,3% kang ndunungi sanadyan mung nyumbang watara 17,3% saka total pametu domestik bruto.

Kelompok ngèlmu-ngèlmu tetanèn nyinaoni tetanèn kanthi panyengkuyung ngèlmu-ngèlmu pendhukungé. Inti saka ngèlmu-ngèlmu tetanèn ya iku biologi lan ékonomi. Amarga tetanèn tansah kaiket déning ruang lan wektu, ngèlmu-ngèlmu pendhukung, kaya ngèlmu lemah, météorologi, permesinan tetanèn, biokimia, lan statistika, uga disinau sajeroning tetanèn. Usaha tani (farming) wujud pérangan inti saka tetanèn amarga nyangkut sakumpulan kagiyatan kang diayahi sajeroning budidaya. Petani utawa among tani iku sebutan tumrap wong kang nyelenggarakaké usaha tani, contoné "wong tani tembako" utawa "wong tani iwak". Pelaku budidaya kéwan (livestock) kanthi mirunggan sinebut peternak.

Uga delengen

besut

Rujukan

besut

Cathetan sikil

besut

Pranala njaba

besut