Switserlan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Pranala njaba: replaced: Pranala jaba → Pranala njaba
Rachmat04 (parembugan | pasumbang)
c busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik
Larik 95:
Warga Switserlan kang cacahé watara 7,4 yuta jiwa manggon ing papan panggonan sing ambané 41.285 [[Kilometer|km]]² saéngga kapadetan nagara mau 184 jiwa per km². Sacara umum, nagara Switserlan kapérang dadi telung tlatah, ya iku [[Alpen|Pegunungan Alpen Switserlan]], [[Plato Swiss|Plato Switserlan]], lan [[Pegunungan Jura]].
 
== Sajarah ==
=== Sajarah Awal ===
Suku pisanan kang ana ing Switserlan ya iku anggota [[budaya Hallstatt]] lan [[La Tène]]. Budaya La Tene ana lan ngrembaka suwene [[Abad Wesi]] kang pungkasan saka kira-kira taun [[450 SM]], kaya-kaya éntuk prabawa saka peradaban [[Yunani]] lan [[Etruska]]. Salah siji klompok suku paling penting ing Switserlan ya iku [[Helvetii]]. Ing taun [[15 SM]], [[Tiberius I]], kang arep nyalon dadi Kaisar Romawi kaping pindho, lan sedulure Drusus, bisa kasil naklukake [[Alpen|Pegunungan Alpen]], nggabungake kelorone marang Kekaisaran Romawi. Laladan kang dipanggoni suku Helvetii – banjur dijenengi Confoederatio Helvetica. Confoederatio Helvetica ing pisanan dadi bagian Propinsi Gallia Belgica Romawi banjur dipindhah [[Germania Superior]]. Dene bagian wetan Switserlan modern digabungake menyang Propinsi Raetia.
 
Larik 103:
Saka taun [[561]], Raja Guntram saka [[Merovingia]], putune Chlodwig I, marisi Kerajan Burgundia Frankia, kang ambane saka kulon adohe meh tekan [[Kali Rhein]]. Ing sisih wetane, suku Alamanni diprintah sangisore kadipaten nominal ing Frankia, amarga bangsa Frankia ngisi kalodhangan akibat mudhune pencapaian Bizantium Romawi menyang kulon. Saka masa iki, bangsa Frankia lagi miwiti mbéntuk watak tritunggal kang bakal nyirikake sisa sajarahe. Laladan iki banjur kaperang dadi Neustria ing sisih kulon (mung diarani minangka Frankia nalika semana; jeneng Neustria ora tinulis ing tulisan nganti 80 taun sabanjure), Austrasia di sisih wetan segara lan Burgundia.
 
Sasuwene abad kaping-6 lan wiwitan [[abad kaping-7]], kawasan Switserlan ana ing sangisore hegemoni Frankia, karo bangsa Frankia kang asring ana perselisihan perkara suksesi ing sub-kerajaan Frankia (kang raja-rajane isih duwé gegayutan saseduluran). Nalika taun [[632]], Chlothar II mati, sakabehing wewengkon Frankia didadekake siji nanging mung sedhela ing ngisore [[Dagobert I]], kang dianggep raja kang pungkasane Merovingia kang bisa nglakoni tugas krajaan. Nalika dipandhegani Dagobert I, [[Austrasia]] ngagitasi pamaréntahane dhéwé kanggo piranti ngadhepi prabawa [[Neustria]], kang ndominasi mahkamah krajaan. Dagobert dipeksa déning aristokrat Austrasia kang kuwat kanggo ngangkat anake kang isih bayi, Sigibert III, supaya dadi raja ngisorane Austrasia nalika taun [[633]]. Kakurangan pamaréntahan anyar iku dadi nyata, lan mandhegani nagara-nagara kang ditundukake déning bangsa Frankia kang wis mikirake untung-rugi pemberontakan. Sawise Sigibert III dikalahake militere déning Radulf, Raja [[Thüringen]] ing taun [[640]], suku Alemani uga mberontak marang kakuasaan Frankia. Masa kamardhikan Allemani sabanjure nganti tekan pertengahan abad kaping 8.
 
Wali Istana diangkat déning Raja Frankia minangka pejabat pengadilan wiwit awal [[abad kaping 7]] supaya dadi penengah antarane raja lan rakyat. Nanging, sedane Dagobert I ing taun [[639]], kanthi pewaris mahkota kang isih balita ing Neustria (Chlodwig II—yuswane 2 taun) lan Austrasia (Sigibert III—yuswane watara 4 taun), para pejabat iku éntuk kekuasaan kang luwih gedhe. Ing pungsakasane, mungkasi kekuasaan penguasa Merovingia, lan ngebut tahta Frankia. Langkah pisanan kang dilakoni Wali Istana Austrasia, Grimoald I, ngeyakinake Sigibert III kang ora duwé anak supaya ngadopsi puterane dhéwé Childebert si Anak Pungut minangka pewaris tahta.
Larik 111:
Jejulukan kang asring dienggo nagara Switserlan ing basa Prancis ({{lang|fr|''Confédération suisse''}}), basa Itali ({{lang|it|''Confederazione Svizzera''}}), lan basa Romansh ({{lang|rm|''Confederaziun svizra''}}) diterjemahake minangka "Konfèdherasi Switserlan"). ''Schweizerische [[Eidgenossenschaft]]'' iku istilah basa Jermane kang ana ing dhokumen resmi. Jeneng Latine "Confœderatio Helvetica" (Konfèdherasi Helvwtia) lan TLD nagarae "ch" kanggo internet lan plat montor gegayutan karo [[Helvetii]], [[suku Keltik]] kuno kang ora tau mapan ing [[Alpen|pegunungan Alpen]].
 
=== Konfèdherasi Switserlan Kuno ===
Konfèdherasi Switserlan Kuno iku persekuthuan antarane komunitas-komunitas lembah Alpen tengah. Konfèdherasi iku masilitasi pengelolaan kepentingan umum (perdagangan bebas) lan lnjamin keamanan jalur perdagangan gunung kang penting. [[Piagam Federal]] [[1291]] kang disetujui déning [[komune abad Pertengahan|komune pedésaan]] [[Kanton Uri|Uri]], [[Kanton Schwytz|Schwyz]], lan [[Unterwalden]] dianggap minangka dhokumen nalika ngedegake konfederasi; sanajan persekuthuan kang meh padha kayane wis ana ing pirang-pirang dasawarsa sadurunge.<ref name="schwabe">Schwabe & Co.: ''Geschichte der Schweiz und der Schweizer'', Schwabe & Co 1986/2004. ISBN 3-7965-2067-7 {{de}}</ref>
 
Larik 120:
Sasuwene jaman modern ing sajarah Switserlan, otoritarianisme kang lagi ngrembaka ing kaluwarga patrisiat lan krisis keuangan nalika Perang Tiga Puluh Tahun, marakake perang petani Switserlan taun [[1653]]. Kanthi latar wuri perjuangan iki, konflik antarane kanton [[Katolik]] lan [[Protestan]] sansaya ndadi, ndadekake kekerasan ing Pertempuran Villmergen nalika taun [[1656]] lan [[1712]].
 
=== Era Napoleon ===
Nalika taun [[1798]], pasukan [[Revolusi Prancis]] bisa naklukake Switserlan lan ngedegake konstitusi anyar kang seragam, kang munjeri pamaréntahan negri lan mbusak kanton. [[Rezim]] anyar iku dijenengi Républik Helvetia, ora kondhang banget. Negeri iki diatur déning pasukan penyerang asing lan ngurusak tradhisi kang wis ana pirang-pirang abad kepungkur, ndadekake Switserlan ora luwih nagara satelite Prancis. Penindasan Prancis nalika Pemberontakan Nidwalden ing sasi [[September]] [[1798]] iku tuladha anane penindasan déning [[Angkatan Dharat Perancis|Angkatan Dharat Prancis]] lan perlawanan penduduk marang mapane Angkatan Dharat Prancis iku.
 
Larik 127:
Ing taun [[1815]], [[Kongres Wina]] tenanan mulihake kamardhikane Switserlan lan nagara Éropah sarujuk ngakoni kenétralan Switserlan sacara panggah. Perjanjian iku nandhakake nalika Switserlan perang kang pungkasan ing konflik internasional. Perjanjian iku uga bisa ndadekake Switserlan menambah wewengkone, kanthi mlebune [[Kanton Valais]], [[Kanton Neuchâtel|Neuchâtel]], lan [[Kanton Jenéwa|Jenéwa]] – iki kang pungkasane nagara Switserlan nambah wewengkon.
 
=== Nagara fèdheral ===
Restorasi kekuasaan menyang patrisiat mung sawetara. Sawise huru-hara kang bola-bali kedaden kayadene Züriputsch nalika taun [[1839]], ndadekake perang sedulur ing antarane kanton Katolik lan kanton-kanton liyane ing taun [[1847]] (''Sonderbundskrieg''). Perang iku kelakon suwene sesasi, lan korbane kurang saka 100 wong. Sonderbundskrieg ora ana apa-apane yèn dibandhingake karo perang lan kerusuhan ing Éropah liyane ing [[abad kaping-19]]. Sonderbundskrieg marakake dampak psikologi kang gedhé marang masyarakat Switserlan. Perang iku ndadekake kabèh warga Switserlan gerti perlune persatuan lan kekuatan marang tangga-tangga nagarane ing Éropah. Warga Switserlan sakabehing tingkatan masyarakat, embuh Katolik, Protestan, aliran liberal utawa konservatif, sadhar yèn kanton-kanton iku bakal akèh nguntungake yèn kepentingan [[ékonomi]] lan keagamaane digabungake dadi siji. Saka warga kang ndukung kekuatan kanton (Sonderbund Kantone), majelis nasional diperang dadi majelis dhuwur (Dewan Nagara Switserlan) lan majelis ngisor (Dewan Nasional Switserlan). Kamangka, kepentingan federasionalis uga dipritungake. Switserlan ngadopsi konstitusi fèdheral lan ''penggunaan'' [[referendum]] (kuwajiban saben amandemen konstitusi) ing taun [[1848]]. Konstitusi iku nyawisi kekuasaan pusat kanggo pamaréntahane dhéwé nalika ucul saka kanton. Nalika taun [[1850]], franc Switserlan dadi [[mata uang]] tunggal Switserlan. Konstitusi iku diamandemen ing taun [[1874]] kanggo ngadhepi sansaya tambahe [[penduduk]] lan [[Révolusi Industri]]. Konstitusi iku nepungake referendum fakultatif kanggo [[hukum]] ing tingkat fèdheral. Konstitusi iku uga nemtokake tanggung jawab fèdheral kanggo pertahanan, dol tinuku, lan perkara hukum.
 
Ing taun [[1891]], konstitusi iku direvisi kanthi unsur kuat marang dhémokrasi langsung, kang isih unik nganti tekan saiki. Wiwit iku, perbaikan [[pulitik]], ékonomi, lan sosial kang isih kelakon wis menehi pratandha ing sajarah Switserlan.
 
=== Sejarah modern ===
Switserlan ora diserang sasuwene keloron Perang Dunia. Sasuwene [[Perang Donya I]], Switserlan dadi panggonan uripe Vladimir Illych Ulyanov ([[Lenin]]) lan isih manggon ing kana nganti tekan taun [[1917]].<ref>Deleng [[Vladimir Lenin]]</ref> Kenétralan Switserlan asring ditakonake saka anane [[prastawa Grimm-Hoffmann]] ing taun [[1917]], nanging mung sedhela. Ing taun [[1920]], Switserlan gabung karo [[Liga bangsa-bangsa|LBB]], lan [[Dewan Éropah]] ing taun [[1963]].
 
Sasuwene [[Perang Donya II]], rencana serangan disiapake déning Jerman,<ref>{{en}}''Let's Swallow Switzerland'' déning Klaus Urner (Lexington Books, 2002).</ref> nanging Switserlan ora tau diserang. Switserlan bisa tetem mardhika liwat gabungan pencegahan militer, konsesi ékonomi menyang Jerman, lan nasib apik amarga prastawa kang luwih gedhé sasuwene perang ngenteni misi iku. Percobaan déning Parté Nazi Switserlan sing cilik kareben ana [[Anschluss]] déning Jerman, gagal total. Pers Switserlan ngkritik yèn Reich Kaping Telu, asring gawé mangkel pimpinane. Nalika dipandhegani Jenderal Henri Guisan, mobilisasi massal angkatan militan ditumindakake. Strategi militer Switserlan owah saka salah siji pertahanan statis ing winatesan kanggo nglindhungi jantung ékonomi dadi strategi pergeseran jangka dawa kaorganisasi lan panarikan marang kedudukan kang kuwat lan terbekali kanthi apik ing dhuwur Pegunungan Alpen kang dikenal kanthi sesebutan Réduit. Switserlan dadi markas penting kanggo mata-mata pihak kekarone sasuwene konflik lan asring dadi penengah komunikasi antarane Blok Poros lan [[Sekutu]].
 
Dol tinuku Switserlan diblokir déning Sekutu lan Blok Poros. Kerja sama ékonomi lan tambahan utangan marang Reich Kaping Telu akèh maceme miturut invasi kang dirasakake, lan anane mitra dagang liyane. Konsesi puncake seminggu sawise jaringan KA penting ngliwati Prancis Vichy diperparah ing taun [[1942]], marakake Switserlan dikupengi déning Sekutu. Sadawane dalan perang, Switserlan nahan luwih saka 300.000 pengungsi, 104.000 pasukan asing, diinternir miturut Hak lan Kuwajiban Blok Netral kang digarisi ngisore ing Konvensi den Haag. 60.000 pengungsi iku penduduk sipil kang slamet saka penyiksaan [[Nazi]]. Saka kabèh iku, 26.000-27.000 iku wong [[Yahudi]]. Nanging, kebijakan imigrasi lan suaka kang ketat kayadene hubungan keuangan karo Jerman Nazi malah ndadekake kontroversi.<ref>{{en}}[http://www.uek.ch/en/ The Bergier Commission Final Report], halaman 117.</ref> Nalika perang, Angkatan Udara Switserlan nggunakake montor mabur ing rong pihak, nembaki 11 montor mabur [[Luftwaffe]] kang ngganggu nganti tiba ing wulan [[Mei]] lan [[Juni]] [[1940]], uga pengganggu liyane sawise owahe kebijakan disusul ancaman saka Jerman; luwih saka 100 montor mabur pengebom Sekutu lan awake diinternir nalika perang. Antarane taun [[1944]]-[[1945]], pengebom Sekutu ngebom ngawur ing kutha Schaffhausen (mateni 40 jiwa), Stein am Rhein, Vals, Rafz (18 jiwa mati), lan kang paling ora misuwur, ing tanggal [[4 Maret]] [[1945]] [[Basilea]] lan [[Zürich]] dibom.
 
== Kanton ==
Larik 174:
|}
 
== Basa ==
[[gambarGambar:Swiss languages.png|300px|thumb|left|Basa ing Switserlan: {{br}}<font color=orange>[[Basa Jerman Standar Swiss|Jerman Standar Switserlan]] lan [[basa Jerman Swiss|Jerman Switserlan]]</font> (63,7%), {{br}}<font color=purple>[[basa Perancis|Prancis]], [[basa Franche-Comte|Franche-Comte]] lan [[basa Arpitan|Arpitan]]</font> (19,2%), {{br}}<font color=green>[[basa Italia|Itali]] lan [[basa Lombardia|Lombardia]]</font> (7,6%), {{br}}<font color=red>[[basa Romansh|Romansh]]</font> (0,6%)]]
Basa kang ana ing nagara Switserlan:
* [[Basa Jerman]]
Larik 191:
[[Agama]] kang paling akèh dianut ing Switserlan ya iku [[Katulik Roma]] kang dianut déning 43% populasi. Ana uga penganut agama [[Protestan]] watara 35% lan [[imigrasi]] nggawa mlebu agama [[Islam]] (4%) lan [[Ortodoks Timur]] 2%.
 
== Pulitik ==
Switserlan iku kalebu nagara republik fèdheral.
 
=== Legislatif ===
# Dewan Nasional
# Dewan Nagara
 
=== Eksekutif ===
Switserlan dadi nagara fèdheral wiwit taun [[1948]]. Switserlan nganut sistem dhémokrasi langsung, lan pamaréntahane kaperang dadi 7 anggota kang dipilih déning Federal Assembly. Pitu wong kasebut uga mandhegani departemen utama. Statuse bisa uga diarani menteri. Pitu wong kasebut gantian dadi presiden. Jabatan minangka presidhène, saben wong suwene setaun.
 
Larik 216:
 
{{eropah}}
{{geo-stub}}
 
[[Kategori:Swiss| ]]
 
 
{{geo-stub}}