DNA: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: Nobel → Nobèl, nemokaké → nemu
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: ditemokaké → tinemu (3)
Larik 12:
Wrangka utama roncèn DNA kapérang saka gugus [[fosfat]] lan [[gula]] sing selang-seling. Gula ing DNA iku gula [[pentosa]] (nduwé karbon lima), ya iku 2-deoksiribosa. Rong gugus gula kagandhèng karo fosfat liwat [[talènan fosfodiester]] antarané atom karbon angka telu ing cincin sawijining gula lan atom karbon angka lima ing gula liyané. Salah siji béda utama DNA lan RNA iku gula panyusuné; gula RNA iku [[ribosa]].
 
DNA kapérang saka rong ler lawé sing silih mluntu mbentuk struktur [[heliks|heliks dhobel]]. Ing struktur heliks dhobel, orièntasi ranté nukleotida ing lawé sijiné walikan karo orièntasi nukleotida lawé liyané. Iki disebut minangka ''antiparalel''. Saben lawé kapérang saka wrangka utama, minangka struktur utama, lan basa nitrogen, sing silih interaksi karo lawé DNA sijiné ing heliks. Rong ler lawé ing heliks dhobel DNA disawijikaké déning talènan hidrogen antarané basa-basa sing ana ing rong lawé kasebut. Papat basa sing ditemokakétinemu ing DNA ya iku [[adenin]] (dilambangaké A), [[sitosin]] (C, saka '''''c'''ytosine''), [[guanin]] (G), lan [[timin]] (T). Adenin tetalènan hidrogen karo timin, éwadéné guanin tetalènan karo sitosin.
 
== Fungsi biologis ==
Larik 30:
=== DNA ing forensik ===
{{utama|Sidikdriji genetika}}
[[Èlmu forensik|Èlmuwan forensik]] bisa migunaaké DNA sing ana ing njeron [[getih]], [[semèn (biologi)|semèn utawa mani]], [[kulit]], [[idu]] utawa [[rambut]] sing kari ing papan kadadèan kajahatan kanggo ngidhèntifikasi kacocogan marang wong sing disujanani, sawijining prosès sing disebut [[fingerprinting genetika]] utawa pamrofilan DNA (''DNA profiling''). Ing pamrofilan DNA dawa rélatif saka pérangan DNA sing dibalèni kaya [[short tandem repeats]] lan [[minisatelit]], dibandhingaké. Pamrofilan DNA dikembangaké ing taun [[1984]] déning genetikawan Inggris [[Alec Jeffreys]] saka [[Universitas Leicester]], lan sepisanan dipigunaaké kanggo ndakwa [[Colin Pitchfork]] ing taun [[1988]] ing kasus [[pepati Enderby]] ing [[Leicestershire]], [[Inggris]]. Akèh yurisdiksi mbutuhaké kadakwa saka kajahatan tinentu kanggo nyedhiyakaké sawijining conto DNA kanggo dilebokaké ing ''database'' komputer. Iki wis mbiyantu invèstigator ngrampungaké kasus suwé ing ngendi sing nglakoni tindak kadurjanan ora diweruhi lan mung conto DNA sing tinemu ing papan kadadèan (utamané ing kasus [[ruda peksa]] antarané wong sing ora dikenal). Metodhe iki dadi salah siji tèknik paling dipercaya kanggo ngidhèntifikasi sawijining pelaku kadurjanan, nanging ora mesthi sampurna, upamané yèn ora ana DNA sing bisa ditemokakétinemu, utawa yèn papan kadadéan kena kontaminasi DNA saka akèh wong.
 
=== DNA ing komputasi ===
Larik 40:
 
== Sajarah ==
DNA sepisanan kasil dimurnèkaké ing taun 1868 déning èlmuwan Swiss [[Friedrich Miescher]] ing [[Tubingen]], [[Jèrman]], sing mènèhi jeneng ''nuclein'' kanthi dhasar panggonané ing njeron inti sel. Sanajan mangkono, panlitèn marang peranan DNA ing njeron sel anyar diwiwiti ing awal abad 20, bebarengan karo ditemokakétinemu postulat genetika [[Gregor Mendel|Mendel]]. DNA lan [[protein]] dianggep rong molekul sing paling mungelaké minangka panggawa sifat genetis adhedhasar téori kasebut.
 
Rong eksperimen ing dekade 40-an mbuktèkaké fungsi DNA minangka matèri genetik. Ing panlitèn déning [[Oswald Avery|Avery]] lan kanca-kancané, ekstrak saka sel bakteri sing siji cabar n-[[transformasi|transform]] sel bakteri liyané kejaba yèn DNA ing ekstrak dijarké wutuh. Eksperimen [[Alfred Hershey|Hershey]] lan [[Martha Chase|Chase]] mbuktèkaké perkara sing padha karo migunaaké [[panggolèk tilas radhioaktif]] (''radioactive tracers'').