Bisma: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: merga → amarga (4), klebu → kalebu
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: Dene → Déné, dewa → déwa, nduwèni → duwé, saengga → saéngga, salawase → salawasé (2), bledheg → bledhèg
Larik 10:
}}
 
'''Bisma''' utawa kawentar kanthi jeneng '''Resi Bisma''' utawa '''Maharsi Bisma''' iku pandhita kang lenggah ing pertapan Talkandha. Resi Bisma iku kalebu ''Brahmanacari'' utawa abadhan wadat kang tegese Bisma iku ora kersa mengku garwa salawasesalawasé urip. Anggoné ora kersa mengku wanodya ora kok amarga ora payu rabi, nanging amarga dhèwèké iku netepi ujar uni utawa netepi marang sumpah prasetyané kang wis kaweca sineksènan marang ingkang rama saha jagad saisiné.
Ing jagad Pedhalangan Jawa, akèh tinemu paraga kang asarira badhan wadat, ing antarané Raden [[Lesmana Widagda]] (adhiné Prabu Ramawijaya), lan [[Resi Ramabargawa]].
 
Larik 20:
==Sumpah Bisma==
[[Gambar:Bheeshma oath by RRV.jpg|thumb|200px|Bisma (tengen) sumpah ora bakal nikah sadawaning urip. Lukisan versi Indhia karya Raja Ravi Varma.]]
Dewabrata tuhu satriya kang bekti lan tresna sanget marang ramané, nuli ngiklasaké waris kraton Astina waton ingkang rama bisa kasembadan anggarwa Dewi Durgandini. Wusana Prabu Sentanu bisa kelakon anggarwa Dewi Durgandini. Supaya Dewi Durgandini ora was-was alias khawatir yèn nganthi cidra, Raden Dewabrata banjur sumpah nedya dadi brahmacari kang ora bakal magepokan karo wanodya salawasesalawasé urip. Sineksenan para dewadéwa lan jagad saisine sumpahe Raden Dewabrata iku, kinurmatan mendhung peteng ndhedhet lelimengan sarta udhan deres binarung suwarane guntur lan bledhegbledhèg kang padha saut-sautan ing antariksa saenggasaéngga kathon nggegirisi, Ya wiwit iku Raden Dewabrata banjur ganthi asma Bisma kang tegese priya kang sumpahe nggegirisi.
 
==Madeg Pandhita==
Sabanjure, Bisma banjur ambegawan peparab Maharsiwara Bisma kang lenggah ing pertapan Talkanda. Bisma iku pandhita kang sekti mandraguna tur gentur tapa. Ing paprangan tanpa tandhing, lan ora bakal mati yèn during dadi kersane mati. Nanging Bisma iya duwé luput nalika ngagari senjata marang Dewi Amba, Putri Negara Kasipura. Tanpa sengaja jemparing iku mrucut lan tumama, ndadhekake patine Dewi Amba. Ragane Dewi Amba muksa lan bakal nagih mbesuk ing perang Baratayudha Jayabinangun. Kaleksanan ing perang Baratayudha, Maharsiwara Bisma gugur déning Dewi [[Srikandhi]], iki panagihé [[Amba|Dèwi]] marang Raden Dewabrata.
 
Bisma nduwèniduwé watak wantu becik, kendhel tur jejeg teguh atine. Bisma luwih tresna marang Pandhawa kang abudi luhur tinimbang marang Kurawa kang padha awatak adigang adigung adiguna. Bola-bali Bisma ngelingake Prabu Duryudana supaya Perang Baratayudha diwurungake wae kanthi maringake Nagara Astina sigar semangka (separo) lan Negara Amarta sawutuhe marang para [[Pandhawa]].
 
Nanging Duryudana ora maelu kabèh pangendhikane Sang Resi Bisma. Mula senadyan ana Astina, nanging atine Bisma mbelani para Pandhawa. DeneDéné anggone kersa mbelani Astina iku mung jalaran Negara Astina iku wutah getihe, eling yèn iku tinggalane para leluhure mula kepiye wae kudu dibelani.
 
==Nalika Perang Baratayudha==