Monumèn Nasional: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Rancang Bangun Monumèn: éjaan, replaced: Istana → Pura, pérangan saka → péranganing
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: Istana → Pura, mulai → wiwit (2)
Larik 51:
 
==Sajarah==
Sawisé punjer pamaréntahan Republik [[Indonèsia]] bali menyang [[Jakarta]] sawisé sadurungé manggon ing [[Yogyakarta]] ing taun [[1950]] disusul ''pengakuan kedaulatan'' Republik Indonesia déning pamaréntah [[Walanda]] ing taun [[1949]], [[Présidhèn Sukarno]] mulaiwiwit mikiraké pambangunan monumèn nasional kang arep padha karo [[Menara Eiffel]] ing lapangan sangarepé [[Istana Merdeka]]. Pambangunan tugu Monas duwé ancas kanggo ngenang lan nglestarikaké perjuangan bangsa Indonésia nalika jaman révolusi kamardhikan taun [[1945]], supaya bisa mènèhi inspirasi lan semangat patriotisme génerasi saiki lan suk mbèn.
 
Ing tanggal [[17 Agustus]] [[1954]] komité nasional dibentuk lan sayembara perancangan monumèn nasional diwiwiti ing taun [[1955]]. Ana 51 karya kang mlebu, nanging mung 1 karya kang digawé déning [[Frederich Silaban]] kang mathuk karo kriteria kang ditemtokaké komité, antarané nggambaraké karakter bangsa Indonésia lan bisa awèt nganti pirang-pirang abad. Sayembara kapindho dianakaké ing taun [[1960]] nanging ora siji-sijia saka 136 peserta kang mathuk karo kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban supaya nguduhaké rancangané marang Sukarno. Nanging Sukarno kurang seneng karo rancangan iku lan kepingin monumèn iku awujud lingga yoni. Silaban banjur dijaluk supaya ngrancang monumèn kanthi téma iku, nanging rancangan kang diajukaké Silaban iku kapiken mulané prabéya kang kagedhèn ora mampu ditanggung karo anggaran nagara, apa manèh nalika iku ékonomi nagara isih durung apik. Silaban ora gelem ngrancang wangunan kang luwih cilik, lan mènèhi panyarué supaya pambangunan diundur ngentèni nganti tekan ékonomi Indonèsia dadi apik. Sukarno banjur njaluk arsitèk [[R.M. Soedarsono]] supaya nerusaké rancangan iku. Soedarsono mènèhi angka 17, 8 lan 45, kang nglambangaké 17 Agustus 1945 miwiti Proklamasi Kamardhikan Indonèsia, ing sajeroning rancangan monumèn iku. Tugu Peringatan Nasional iki banjur diyasa ing panggonan kang ambané 80 héktar. Tugu iki diarsitèki déning Friedrich Silaban lan R. M. Soedarsono, diyasa wiwit tanggal 17 Agustus 1961.
Larik 66:
==Rèlièf Sajarah Indonèsia==
[[gambar:Relief of Indonésian History, Monas.JPG|thumb|200px|Rèlièf ing Monas kang awujud [[Gajahmada]]]]
Ing latar njaba kang ngubengi monumèn, saben pojoké ana rèlièf timbul kang nggambaraké sajarah Indonèsia. Rèlièf iki diwiti saka pojok lor laut kang nggambaraké pengabdian kejayaan nuswantara nalika biyén, ya iku nyritakaké sajarah [[Singhasari]] lan [[Majapahit]]. Rèlièf iki kanthi kronologis urut karo saarah ngubengé [[jam]] tumuju pérangan tenggara, barat daya, lan barat laut. Kanthi cara kronologis nggambaraké kahanan nalika jaman penjajahan Walanda, perlawanan rakyat Indonèsia lan para pahlawan nasional Indonèsia. Saliyané iku, uga nggambaraké kabentuké organisasi modhèren kang merjuwangaké kamardhikan Indonèsia ing awal abad kaping-20, [[Sumpah Pemuda]], Penjajahan [[Jepang]] lan [[Perang Dunia II]], proklamasi kamardhikan Indonèsia disusul karo Révolusi lan Perang kamardhikan [[Républik Indonèsia]], nganti tekan ing jaman pangyasa Indonèsia modhèren. Rèlièf lan patung-patung iki digawé saka bahan [[semèn]] kanthi warangka saka [[pipa]] utawa [[logam]], nanging ana patung-patung lan [[reca]] kang mulaiwiwit rusak amarga udan lan cuaca tropis.
 
==Musèum Sajarah Nasional==