Sang Hyang Wenang: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: dewa → déwa (2), Dewa → Déwa (4), endah → éndah, eyang → éyang (2), sawise → sawisé, sejarah → sajarah, suwene → suwéné, Wujude → Wujudé
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Silsilahe Sang Hyang Wenang: éjaan, replaced: kepencut → kapéncut
Larik 14:
Sang Hyang Nurrasa nggarwa Dewi Sarwati, putrane Prabu Warangin, ratuning jim ing pulo Darma, peputra telu, ya iku: 1). Sang Hyang Darmajaka (Sang Hyang Purba), 2). Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Wisesa). 3). Sang Hyang Taya (Sang Hyang Wasesa). Déwa telu iku kang mencarake para déwa, para nata, para satriya sepepadhane, kang sabanjure kanggo carita lakon ringgit purwa.
 
Sawijining dina, Sang Hyang Wenang menggalih surasane Pustakadarya, njalari kepencutkapéncut marang lelakone ingkang éyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah tapa brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur nganglang jagad, saenggon –enggon tarak brata matiraga, ora béda karo ingkang éyang Sang Hyang Nurcahya.
Wasanane Sang Hyang Wenang akaghyangan ing puncake Gunung Tunggal ing Pulo Déwa, nyipta kahyangan kang luwih déning éndah, sinebut Ondar –andir Bawana. Bareng olehe akahyangan ana ing puncake Gunung Tunggal wis 300 taun lawase, para ratuning jim sakawulane akèh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang.
Sawijining dina, Sang Hyang Wenang dilurugi Prabu Ari ratu ing Keling, sabaline. Nganti sawatara suwéné Prabu Ari ngadu guna kasantikan lumawan Sang Hyang Wenang. Nanging wasanane Prabu Ari kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang sesilih Dewi Saoti kagarwa Sang Hyang Wenang, peputra telu, ya iku: