Kadipatèn Mangkunagaran: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: andadèkaké → ndadèkaké (2)
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
éjaan, replaced: kasebut → mau (4)
Larik 49:
=== Mataram koncadan katentreman ===
 
Ing sadurung sarta ing sawisé lelakon bab pasrah saha nampèni gumantié kang jumeneng Nata kaya sing kasebutmau ing dhuwur mau, wis ora kurang cetha kaya ngendi munggah ing sasambungané karo bab panataning Praja, banjur ana lelakon warna-warna sing ndadèkaké tuwuhé Ngayogyakarta sarta dumadiné Praja Mangkunagaran ing tengahé tlatah Kasunanan.
 
Mbarengi tedhaké Gubernur-Jéndral Van Imhoff papara ing tanah Jawa rawuh ing Sala (Juni 1746) parlu yasa prajanjian taun 1743 karo Ingkang Sinuhun Pakubuwana III; ing sapérangan wosing surasané, Kompeni sanggem ngakoni Sang Pangéran Adipati Anom ing tembé arep bisa gumanti jumeneng Nata. Saka panggalihdalem Ingkang Sinuhun saha panggalihé Sang Pangéran Adipati Anom arep bisa njagakaké pitulungé Kompeni sing sajatiné ya kagalih punjul prelu, amarga kanggo anyegah panduwané para Pangéran sing rumasa padha ndarbèni wewenang gumanti jumeneng Nata ; kaya mau wis bola-bali kalakonan wis kalebu lumrah, ing saben ana rembug sapa sing arep kacalonaké gumanti jumeneng Nata, iku banjur nuwuhaké dredah ing antarané para Pangéran, rebutan wahyuning Karaton.
Larik 235:
=== Pranatan sing nemtokaké wewenang ganti-gumantiné sing jumeneng ing Praja Mangkunagaran ===
 
Ing serat prajanjiyan kasebutmau ing ngarep sing wosing surasané mratélakaké yèn Kangjeng Gusti Mangkunagara wis pethal saka Ingkang Sinuhun, banjur memitran karo Kompeni, ana surasané manèh sing ngangkah raketé sing jumeneng dalah kabèh putrané karo Kompeni murih bisané Kompeni olèh pambiyantu ing sawanci-wanci ana perluné apa déné tambahan pranatan bab wewenang ganti-gumantié sing jumeneng ing Praja Mangkunagaran, sing arep kalampahan watawis rong taun manèh.
 
Sasurudé Kangjeng Sultan Hamengkubuwana ing taun 1792, sajaké arep ana dredah manèh rebutan sapa sing arep gumanti. Ora namung sikepé Ingkang Sinuhun, luwih manèh Kangjeng Gusti Mangkunagara, apa déné Pangéran ing Ngayogyakarta sawetara. Sing banget ndadèkaké aboting kuwajibané Gubernur Van Overstraten, iku ngreksa aja nganti kadadéan ana perang manèh.
Larik 280:
Déné dhuwit papancèn 2000 Sps. mat. iku bésuk 1 Agustus arep diundhaki dadi 4000 mat, padha papancèné swargi Éyang. Apa manèh isih tampa blanja Kolonèl satauné 6.540 ringgit.
 
Ing wiwitané taun [[1811]] Legiun kabantokaké wadyabala Gouvernement marang Semarang prelu nanggulangi panempuhé wadyabala Karajan Manunggal; kala campuhé perang ana ing Jatingalèh tandhangé prajurit Mangkunagaran ora nguciwani, Sabubaré Jéndral Jansen, katetepaké kalah perangé ([[18 September]] 1811), Legiun banjur kasuwak. Miturut surasané layang kakancingané Raffles surya kaping [[13 Fèbruari]] [[1812]] banjur kaedegaké manèh (kabalèkaké), padha karo sing wis ditemtokaké déning Daendels kaya kasebutmau ing dhuwur.
 
Kajaba iku dhuwit papancèn kanggo kapreluwaning prajurit kadadèkaké 1.200 mat ing sawulané. Dhuwit semana iku tumanja wragad dalah kabutuhané Legiun kabèh.
Larik 350:
Sesambungan karo ijol-ijolan bawah mau, tanah-tanah Hadiwijayan lan Suryamijayan, sing suwé ora bisa putus sapa sing mengkoni, ing taun 1896 sawek bisa katata ing antarané Kasunanan lan Mangkunagaran.
 
Prakara tanah kasebutmau ing dhuwur iku tanah Kasunanan sing banjur dikuwasani Mangkunagaran, pamburiné nuwuhaké grejeg, ya iku, wiwit tumindaké owah-owahan tanah ing Nagarung taun 1831.
Katrangan ing buku karangané Radèn Ngabei Hanggapati Tjitrahoepaja mratélakaké, yènh mulabukané tanah 500 karya iku tanah lenggah paringé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III marang putradalem (Kangjeng Ratu Alit) sakaro putradalem mantu Kangjeng Pangéran Arya Prabuwijaya, garwané Kangjeng Ratu Alit mau, ya iku, rama - ibudalem Kangjeng Gusti Mangkunagara II.