Switserlan: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah Awal: ganti isi, replaced: mahkota → makutha
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎Nagara fèdheral: dandani pangéja, replaced: sawetara → sawatara using AWB
Larik 128:
 
=== Nagara fèdheral ===
Restorasi kekuasaan menyang patrisiat mung sawetarasawatara. Sawisé huru-hara kang bola-bali kedaden kaya déné Züriputsch nalika taun [[1839]], ndadèkaké perang sadulur ing antarané kanton Katulik lan kanton-kanton liyané ing taun [[1847]] (''Sonderbundskrieg''). Perang iku kelakon suwéné sesasi, lan korbane kurang saka 100 wong. Sonderbundskrieg ora ana apa-apane yèn dibandhingake karo perang lan haruhara ing Éropah liyané ing [[abad kaping 19]]. Sonderbundskrieg marakake dampak psikologi kang gedhé marang masarakat Switserlan. Perang iku ndadèkaké kabèh warga Switserlan gerti perlune persatuan lan kakuwatan marang tangga-tangga nagarané ing Éropah. Warga Switserlan sakabehing tataran masarakat, embuh Katulik, Protèstan, ilèn liberal utawa konservatif, sadhar yèn kanton-kanton iku bakal akèh nguntungake yèn kepentingan [[ékonomi]] lan keagamaane digabungake dadi siji. Saka warga kang njurung kakuwatan kanton (Sonderbund Kantone), majelis nasional diperang dadi majelis dhuwur (Dewan Nagara Switserlan) lan majelis ngisor (Dewan Nasional Switserlan). Kamangka, kepentingan federasionalis uga dipritungake. Switserlan ngadopsi konstitusi fèdheral lan ''penggunaan'' [[referendum]] (kuwajiban saben amandemen konstitusi) ing taun [[1848]]. Konstitusi iku nyawisi kekuasaan punjer kanggo pamaréntahane dhéwé nalika ucul saka kanton. Nalika taun [[1850]], franc Switserlan dadi [[mata uang]] tunggal Switserlan. Konstitusi iku diamandemen ing taun [[1874]] kanggo ngadhepi sansaya tambahe [[penduduk]] lan [[Révolusi Industri]]. Konstitusi iku nepungake referendum fakultatif kanggo [[kukum]] ing tingkat fèdheral. Konstitusi iku uga nemtokake tanggung jawab fèdheral kanggo pertahanan, dol tinuku, lan prakara kukum.
 
Ing taun [[1891]], konstitusi iku direvisi kanthi unsur kuwat marang dhémokrasi langsung, kang isih unik nganti tekan saiki. Wiwit iku, perbaikan [[pulitik]], ékonomi, lan sosial kang isih kelakon wis mènèhi pratandha ing sajarah Switserlan.