Wisnu: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
Nggawe halaman "Nggarwa Dewi Pertiwi lan gugat Bathara Guru"
Tenger: Besutan punsèl Besutan wèb punsèl
Larik 38:
 
Dewi Sri Kembang saguh nanggung pasuwitane [[Dewi Sri Pujayanti]], sauger Wisnu Kapiwara bisa maluyakake Bathara Wisnu. Kapiwara sigra angraga sukma, nundhung buta 4 kang ngrusak jeroane Bathara Wisnu. Sang Bathara banjur diungkuli [[Kembang Wijaya Kusuma|Kembang Wijayakusuma]], satemah waluya temahing jati.
== Nggarwa [[Dewi Pertiwi]] lan gugat Bathara Guru ==
 
Bathara Wisnu saguh nampa pasuwitane Dewi Sri Pujayanti, nanging Begawan Wisnu Kapiwara kudu bisa nyekel buta-buta kang maeka Bathara Wisnu. Disaguhi, lan ora let suwe pandhita kethek iku wis bisa nyowanake buta 4 ing ngarsane Bathara Wisnu.
 
Nalika didangu, buta 4 iku blaka yen diutus Bathara Guru supaya mateni Bathara Wisnu. Sanalika Bathara Wisnu muntab pikire, tuwuh krentege nedya ngelekake Bathara Guru kang wis tumindak nalisir saka bebener.
 
Sadurunge tumindak, Bathara Wisnu minangkani panyuwune Begawan Wisnu Kapiwara luwih dhisik. Banjur budhal menyang [[Pertapan Cemaragadhing]]. Dewi Sri Pujayanti kawengku garwa.
 
Sawise sawatara mapan ing Pertapan Cemaragadhing, Bathara Wisnu nedya gugat. Ngelingake tumindake Bathara Guru sing ora bener. Sranane yaiku kudu nggarwa Dewi Pertiwi, putrane [[Nagaraja|Sang Hyang Nagaraja]] ing [[Kahyangan Sumur Jalatundha]]. Rehne Dewi Pertiwi nyuwun bebana [[Kembang Wijayakusuma]] lan [[Cangkok Wijayamulya]], Bathara Wisnu nuli nyuwun marang Begawan Wisnu Kapiwara supaya kersa masrahake pusakane kinarya srana dhaupe Bathara Wisnu.
 
Begawan Wisnu Kapiwara masrahake Kembang Wijayakusuma marang Bathara Wisnu. Mung kari Cangkok Wijayamulya kang durung kecekel. Bathara Wisnu nuli budhal menyang Kahyangan Sumur Jalatundha.
 
Wektu iku, Sang Hyang Nagaraja karawuhan penglamar saka negara [[Garbapitu]], utusane [[Prabu Kala Wisnudewa]]. Utusan mau cacahe 2, jenenge [[Patih Baudhendha]] lan [[Ditya Wisnungkara]].
 
Sang Hyang Nagaraja ngandharake yen Dewi Pertiwi darbe panyuwunan Kembang Wijayakusuma lan Cangkok Wijayamulya. Patih Baudhendha lan Ditya Wisnungkara banjur kondur, nedya munjuk atur marang ratu gustine.
 
Sapungkure utusan saka Garbapitu, Bathara Wisnu praptêng ing kahyangan Sumur Jalatundha, nglamar Dewi Pertiwi. Sang Hyang Nagaraja banjur ngaturake bebanane Dewi Pertiwi. Bathara Wisnu banjur maringake Kembang Wijayakusuma luwih dhisik, lan saguh nggoleki Cangkok Wijayamulya.
 
Daya-daya bisa dhaup, Kembang Wijayakusuma ditampani, dadi srana dhaupe Bathara Wisnu lan Dewi Pertiwi.
 
Sapurnane dhaup, Bathara Wisnu diaturi manjing cepuri Kahyangan Sumur Jalatundha dening Sang Hyang Nagaraja.
 
Ora let suwe, Bathara Guru rawuh, nglamar Dewi Pertiwi. Sang Hyang Nagaraja matur yen Dewi Pertiwi wis kagarwa Bathara Wisnu. Bathara Guru duka banget. Sigra manjing cepuri Kahyangan Sumur Jalatundha, dadi perang rame mungsuh Bathara Wisnu.