Atom: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
TracySurya (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah: +2 paragraf
TracySurya (parembugan | pasumbang)
→‎Sajarah: +2 paragraf
Larik 159:
| issue=6 | pages=575–583
| doi=10.1007/BF01882788 }}</ref>
 
Nalika taun 1926, kanthi migunakaké pamikiran [[Louis de Broglie]] yèn partikel kanthi prilaku kayadéné gelombang, Erwin Schrödinger ngrembakakaké sawijining modhèl atom matématis kang nggambaraké èlèktron minangka [[gelombang]] telung dhimènsi tinimbang minangka titik-titik partikel. Konsekuènsi panggunakan wangun gelombang kanggo njlèntrèhaké èlèktron iki yaiku yèn ora mungkin kanggo sacara matématis ngétung [[posisi]] lan [[momèntum]] partikel sacara bebarengan. Iki banjur ditepungi minangka [[prinsip kaoramesthinan]], kang dirumusaké déning [[Werner Heisenberg]] nalika taun 1926. Miturut konsèp iki, kanggo saben pangukuran sawijining posisi, sawijining wong mung bisa éntuk kisaran pangaji-pangaji probabilitas momèntum, mengkono uga suwaliké. Senajan modhèl iki angèl kanggo divisualisasikaké, dhèwèké bisa kanthi becik njlèntrèhaké sipat-sipat atom kang kadeleng kang sadurungé ora bisa dijlèntrèhaké déning téori ngendi waé. Mula, modhèl atom kang nggambaraké èlèktron ngupengi inti atom kayadéné planèt ngupengi srengéngé diguguraké lan digantèkaké déning modhèl [[orbital atom]] ing sakupengé inti ing ngendi èlèktron paling mungkin ana.<ref>{{cite web
| last=Brown | first=Kevin | year=2007
| url=http://www.mathpages.com/home/kmath538/kmath538.htm
| title=The Hydrogen Atom | publisher=MathPages
| accessdate=2007-12-21
}}</ref><ref>{{cite web
| last=Harrison | first=David M. | month=March | year=2000
| url=http://www.upscale.utoronto.ca/GeneralInterest/Harrison/DevelQM/DevelQM.html
| title=The Development of Quantum Mechanics
| publisher=University of Toronto
| accessdate=2007-12-21 }}</ref>
 
[[Gambar:Mass Spectrometer Schematic.svg|right|thumb|280px|Dhiagram skéma spètromèter massa prasaja.]]
 
Perkembangan ing [[spèktromètri massa]] ngidinaké dilakokaké pangukuran massa atom sacara pas. Piranti spèktromèter iki migunakaké magnèt kanggo mbélokaké trayèktori berkas ion, lan akèhé deflèksi ditemtokaké kanthi rasio massa atom tumrap muatané. Kimiawan [[Francis William Aston]] migunakaké piranti iki kanggo nuduhaké yèn isotop duwé massa kang béda. Prabédan massa antar isotop iki arupa wilangan bulat, lan dhèwèké disebut minangka [[kaidah wilangan bulat]].<ref>{{cite journal
| title=The constitution of atmospheric neon
| journal=[[Philosophical Magazine]] | year=1920
| first=Francis W. | last=Aston
| volume=39 | issue=6 | pages=449–55 }}</ref> Panjlèntrèhan ing prabédan massa isotop iki kasil dipecahaké sawisé ditemokaké [[neutron]], sawijining partikel mawa muatan nétral kanthi massa kang mèh padha karo [[proton]], yaiku déning [[James Chadwick]] nalika taun 1932. Isotop banjur dijlèntrèhaké minangka unsur kanthi gunggung proton kang padha, nanging duwé gunggung neutron kang béda jroning inti atom.<ref>{{cite web
| last=Chadwick | first=James | date=December 12, 1935
| url=http://nobelprize.org/nobel_prizes/physics/laureates/1935/chadwick-lecture.html
| title=Nobel Lecture: The Neutron and Its Properties
| publisher=Nobel Foundation
| accessdate=2007-12-21 }}</ref>
 
== Komponèn-komponèn atom ==