Kabupatèn Purwareja: Béda antara owahan

Konten dihapus Konten ditambahkan
Rotlink (parembugan | pasumbang)
c fixing dead links
PL 05 SIGIT (parembugan | pasumbang)
Larik 43:
 
Akibat saka [[Prejanjèn Giyanti]] 1755 sing misahaké Krajan Jawa dadi loro, yaiku Surakarta lan Yogyakarta, tanah Bagelen nampa akibaté, yakuwi tanah Bagelen dipara dadi rong bagéan yakuwi kanggo Yogyakarta lan Surakarta, ananging amarga ora cetha wates-watesé wusanané dadi conkrah ora lèrèn-lèrèn.
Mangsa [[Perang Dipanegara]] taun (1825 - 1830) tanah Bagelen dadi basis perlawanan [[PangeranPangéran Dipanegara]]. Sarampungé Perang Dipanegara, Tanah Bagelen lan Tanah Banyumas dijaluk kanthi peksa déning [[Walanda]]. Walanda banjur nyerahaké marang Ngabehi Resodiwiryo sing mbantu nglawan pemberontak, dadi Panguasa Tanggung kanthi gelar Tumenggung Cakrajaya sing sabanjuré diangkat dadi Bupati (Regent) Kabupatèn Purwareja kanthi Gelar Cokronegoro. Pelantikan diayahi ing Kedungkebo, markas garnisun Walanda lan sing nglantik yakuwi Kolonel Cleerens.
 
Wilayah Kabupatèn Purwareja nalika iku jembaré 263 Pal pesagi utawa watara 597 Km pesagi, nyakup kawasan wétan Kali Jali. Déné wilayah sing jembaré 306 Km pesagi ing kulon kali Jali, minangka wilayah Kabupatèn Semawung (Kutaarj) lan dipimpin déning Bupati (Regent) Sawunggaling. ngrembakane sabanjuré, Kedongkebo sing dadi basis militèr Walanda digabung karo Brengkelan lan dadi Purwareja. Déné tanah Bagelen déning Pamaréntah Kolonial Walanda didadèkaké Karesidenan Bagelen kanthi Ibukutha Purwareja.