Mocoan Lontar Yusup Banyuwangi
Mocoan Lontar Yusup Banyuwangi menika salah satunggaling tradhisi kang ngrembaka ing Banyuwangi, Jawi Wetan. Lontar Yusup menika salah satunggaling cariyos kang tasih diwaos wonten ing Banyuwangi. Lontar menika didamel ing abad kaping 16.
Sajarah
besutBlambangan menika salah satunggaling Kraton Hindu kang tasih wonten ing Jawi sabanjuripun Senjakala Majapait taun 1530. Antawisipun abad 15 dumugi 16 menika wekdal kang penting ing sajarah Jawi, amargi wekdal menika bedhahipun Majapait kang Hindu lan Buda dumugi Demak kang Islam. Ing Jawi, tatan sosiyal, pulitik, lan kabudayan, saking Banten dumugi Blambangan menika uga gantos dados enggal.[1] Sakmanten ugi bab agami, masyarakat Jawi menika saking Hindu Buda dados Islam.
Ing Blambangan, menika nyariyosaken karawuhanipun Sayid Ishak utawi Syekh Walilanang nalika Santaguna jumeneng nata (1575).[1] Syekh Walilanang menika dipitadosi dados tiyang ingkang miwiti dakwah ing Jawi Wetan. Panjenenganipun ugi gadhahi putra, Raden Paku utawi Sunan Giri, salah satunggaling Walisanga.
Nalika panyebaran Islam menika mboten saget lancar. Dumugi sepalih abad 18, Blambangan menika dereng saget Islam. Kalih rajanipun kang kiyat, Tawangalun lan Danureja tasih Hindu. Islam ing kaluwarga Kraton Blambangan menika ketawis nalika Pangeran Adipati Danuningrat utawi Pangeran Pati jumeneng nata (1736-1764).[1]
Nalika Blambangan sirna taun 1768, Islam menika ngrembaka ing Bnayuwangi. Ngremabakanipun Islam menika mboten namung agami, nanging ugi kabudayan, salah satunggalipun aksara Arab kang dados pègon. Menika medalaken kabudayan enggal kang diarani Islam-Jawi. Saking menika kathah ngrembaka pesantren kang dados sumber Kasusastran Islam. Salah satunggalipun menika Lontar Yusup Banyuwangi.
Lontar Yusup Banyuwangi menika salinan saking tembang Yusup Cirebon kang diripta ing taun Jawi 1555 (1633-1634 Masehi). Nanging, kalih cariyos menika wonten bentenipun ing pilihan tembung lan cara nyariyosaken.[1] Lontar Yusup Banyuwangi menika mboten wonten tanggal nalika diripta, saengga mboten dimangertosi kapan Lontar menika diripta. Nanging, lontar menika tasih disalin dumugi ing samenika, nyantumaken nami kang nulis lan wekdal nalika nulis naskah menika. Naskah Lontar Yusup Majapait kang paling sepuh menika angka taunipun 1829 Jawa (1890 M). Ing Banyuwangi, Lontar Yusup menika tasih diwaos kaliyan masyarakat, utaminipun ing dèsa. Babad Blambangan lan Kidung Sritanjung sampun mboten diwaos malih.
Cariyos
besutLontar Yusup Banyuwangi menika kaperang aturan macapat. Wonten 12 pupuh, 593 gatra, lan 4.366 larik ing lontar menika.[2] Pupuh ing lontar menika wonten 4 jinis inggih menika kasmaran, durma, sinom, lan pangkur.
Lontar Yusup Banyuwangi menika nyariosaken bab Nabi Yusup, salah satunggaling nabi kang wonten ing agami Islam. Lontar menika nyariosaken gesangipun duta nabi linuwih saking yuswa 12 taun. Nalika semanten panjenenganipun ngimpi bab surya, wulan, lan sewelas lintang menika sujud marang nabi Yusup. Cariyos menika dumugi nabi Yusup jumeneng nata sabanjuripun cariyosipun bab impen Raja Mesir nalika ngimpi 7 lembu kang lemu dhahar 7 lembu kang kuru, lan 7 godhong garing kang nglalap 7 godhong kang tasih seger.
Cariyos Yusup kang saking Mesir menika mlumpati sagara dumugi pucuk wetan Jawi dados larikan tembang Lontar Yusup Banyuwangi. Jawi nalika dados Islam menika salah satunggaling sabab lontar menika wonten. Lontar Yusup, sae menika dados catthetan utawi nalika dipagelaraken menika dados wujud Islam-Jawa ing Banyuwangi kang saderenge dados kuthanegara Blambangan.[3]
Tata Cara
besutCariyos Yusup kang diserat dados tembang menika sampun wonten ing tlatah Jawi saderengipun Lontar Yusup Banyuwangi menika. Nangin Lontar Yusup Banyuwangi menika gadhahi khas kang mboten wonten ing papan saliyanipun, sae menika sakuing serat (cara nyariyosaken, tembung, lan aksara pegon) ugi pagelaranipun (lagon lan cara maosipun).[4] Lontaran Yusup dumugi sakmenika, tasih diwaos utawi ditembangaken ing masyarakat lan miyosan, sunatan, lan mantèn utawi upacara taunan kados reresik dèsa.[5] Nanging ing kahahan tertemtu menika saget dipagelaraken nalika wonten nadaripun tiyang. Kelompok-kelompok Mocoan Lontar Yusup menika tasih nagwontenaken maos lontar menika seminggu sepindhah gilir ing griyanipun para anggota, nanging mboten sedaya diwaos.
Mocoan Lontar Yusup menika ditembangaken nalika wayah dalu utawi sabanjuripun Isya (jam 7 dalu) dumugi saderengipun wanci Subuh (jam 3 wengi). Ing wocoan menika kang maos Lontaran Yusup lenggah sila, jèjèr sepalih bunder ing klasa, banjur maos larik-larik tembang Yusup ing maneka cara miturut tiyang Osing kang bèntèn kaliyan cara nembang Jawa umumipun.
Lontar Yusup menika dipapanaken ing nginggilipun bantal, lan cara giliran mubeng ing para panembang menika. Nalika Maosan Lontar Yusup mboten namung maos kados adat sabenipun. Maosan menika wonten cara lan pirantinipun piyambak.
Kursi dawa migunakaken sandaran kanthi lambaran bathik wonten ing pucuk para maos mocoan. Ing papan menika Lontar Yusup kang ajeng diwaos, disimpen ing dalem jero kain menika, dipapanaken ing inggilipun bantal sareng kaliyan sajen. Sajen menika wonten:
- Setunggal Kendhi Toya
- Setunggal wanci kinangan (piranti suruh saking tembaga)
- Kalih cangkir kopi
- Jam tembok
- Toya arum
- Satunggal piring roti
- Lan dhaharan sakliyanipun.[6]
Ing sisih ngajeng ngandhap kursi kang wonten sajèn menika wonten anglo alit kang digunakaken dados mbakar dupa utawi padupan. Nalika Lontar Yusup menika diwaos, dupa menika dibakar.[7]
Cara maos wirama tembang Lontar Yusup Banyuwangi menika wonten maneka werna. Pupuh Kasmaran menika gadhahi jinis wirama tembang kados samudana, gleyong, selobob, pinangsangan, sinalenggeng, lan artati. Pupuh Durma menika gadhahi jini wirama tembang kados sumadiya, arum-arum, cahyanira lanang, lan cahyanira wadon. Pupuh Pangkur gadahi wirama tembang kados timbang lan jungut. Pupuh Sinom menika gadahi maneka werna tembang kados kedenda, gleyong/glengseran, kere, onang-onang, lan kunjara.[8] Cara mocoan menika namung wonten ing Banyuwangi.
Sanadyan Lontar Yusup menika diserat migunakaken dluwang lan aksara pegon, serat menika disebat Lontar Yusup. Tembung lontar menika artosipun "cariyos", sanes godhong lontar kang dados papan nalika cariyos menika diserat.[9] Amargi tradhisi Mocoan Lontar Yusup tasih diwaos dumugi sakmenika mula sulih asta Lontar menika tasih diwontenaken kagem nyekapi kabetahan tiyang kang mawiyat Lontar Yusup menika.
Acara Mocoan Lontar Yusup menika sajatosipun mboten bènten kaliyan pengaosan umat Islam.[1] Nanging pengaosan kang diwontenaken ing Dèsa Kemiren menika migunakaken kitab utawi lontar-lontar kuno, migunakaken basa Jawi Kuno, lan aksranipun Arab Pègon, sarta migunakaken wirama kados dene tiyang nembang macapat. Ing masyarakat Osing Dèsa Kemiren, nalika wonten miyos, lairan, utawi mantèn, Mocoan Lontar Yusup menika mboten saget kèntun, dados acara pambuka.
Mocoan Lontar menika dados upaya nggayuh berkah saking kamulyanipun para nabi. Kanthi maos lontar menika wonten gegayuhan lan kekarepan kang saget kawujud. Sanadyan basanipun ing Lontar menika mboten dimangertosi maknanipun, nanging sakralipun tetep dipitadosi masyarakat.[10]
Mula mboten tenggengan menawi para pamireng menika nitipaken barang-barang kang gayut kaliyan gegayuhanipun. Barang-barang kasebat dipapanaken ing ngandhapipun lontar kang ajeng diwaos, supados kabul gegayuhanipun. Tuladhanipun wedak lan sisir, supados nggadhahi pasuryan kang bagus kados Nabi Yusup.[11]
Rujukan
besut- ↑ a b c d e "Mocoan Lontar Yusup Banyuwangi". Warisan Budaya Takbenda. Dibukak ing 2023-03-03.
- ↑ Kusumaningtyas, Dyah (2019-08-29). "Fakta-Fakta Menarik Mocoan Lontar Yusug Tradisi Suku Osing Banyuwangi". Liputan6.com. Dibukak ing 2023-03-03.
- ↑ A, Ulil (2022-02-28). "Mengenal Tradisi Mocoan Lontar Yusuf di Banyuwangi". BanyuwangiNetwork.com. Dibukak ing 2023-03-03.
- ↑ Indiarti, Wiwin; Nurullita, Herlina (2020). "Geliat Kaum Muda dalam Tradisi Mocoan Lontar Yusup di Banyuwangi". Humaniora dan Era Disrupsi. 1(1): 507.
- ↑ A., Ulil (2022-02-28). "Mengenal Tradisi Mocoan Lontar Yusuf di Banyuwangi". BanyuwangiNetwork.com. Dibukak ing 2023-03-03.
- ↑ Indiarti, Wiwin; Nurullita, Hervina (2020). "Geliat Kaum Muda dalam PreservasiTradisi Mocoan Lontar Yusup di Banyuwangi". Humaniora dan Era Disrupsi. 1(1): 511–512.
- ↑ Indiarti, Wiwin; Nurullita, Hervina (2020). "Geliat Kaum Muda dalam Preservasi Tradisi Mocoan Lontar Yusup di Banyuwangi". Humaniora dan era Disrupsi. 1(1): 512.
- ↑ Indiarti, Wiwin; Nurullita, Hervina (2020). "Geliat Kaum Muda dalam Preservasi Tradisi Mocoan Lontar Yusup di Banyuwangi". Humaniora dan Era Disrupsi. 1(1): 511.
- ↑ Indiarti, Wiwin; Nurullita, Hervina (2020). "Geliat Kaum Muda dalam Preservasi Tradisi Mocoan Lontar Yusup di Banyuwangi". Humaniora dan Era Disrupsi. 1(1): 507.
- ↑ Mulayaningtyas, Dyah (2023-03-03). "Fakta-Fakta Menarik Mocoan Lontar Yusuf Tradisi Suku Osing Banyuwangi". Liputan6.com. Dibukak ing 2023-03-03.
- ↑ Mulayaningtyas, Dyah (2019-08-29). "Fakta-Fakta Menarik Mocoan Lontar Yusuf Tradisi Suku Osing Banyuwangi". Liputan6.com. Dibukak ing 2023-03-03.