Moral iku ajaran ngenani ala beciké tumindak.[1] Secara etimologis, tembung moral saking tembung latin mos, ingkang gadhah arti tata cara, adat istiadat utawi pakulinan, manawi jamakipun inggih punika “mores”. ya iku adat istiadat utawi pakulinan, tembung moral gadhah artos sami kaliyan tembung Yunani “ethos”, ingkang ngandhap aken tembung “etika”. Wonten ing basa Arab, tembung “moral” inggih punika budi pekerti, ingkang gadhah makna sami kaliyan tembung “akhlak”, manawi wonten ing basa Indonesia, tembung “moral” dipuntepangi kaliyan artos “kesusilaan”. Tembung moral lan moralitas gadhah artos ingkang warni – warni. wonten ngriki kapanggih dhefinisi moral lan moralitas menurut pinten – pinten penyerat.

  1. Menurutipun Franz Magnis Suseno (1987:18), tembung moral ngacu kaliyan saé lan boten saenipun manungsa dados manungsa.
  2. Mertens (2001:7) maringi arti manawi moralitas dados sipat moral utawi sadaya asas lan aji ingkang kaitanipun kalih saé lan boten saé.
  3. Poespoprodjo (1999:118) maringi arti manawi moralitas dados kuwalitas wonten ing pegaweyanipun manungsa ingkang nunjuk aken manawi pegaweyan punika leres utawi boten leres, lan saé utawi boten saé.
  4. Chaplin (2005:308) wonten ing bukunipun “Kamus Lengkap Psikologi”, maringi arti moral wonten ing tiga hal, inggih punika (1) akhlak, moral, lan tingkah laku ingkang susila, (2) ciri – ciri khas tiyang utawi sekempalan tiyang kaliyan perilaku patut lan saé, (3) hukum utawi adat istiadat ingkang ngatur tingkah laku.
  5. Rachel (2004:40) maringi arti manawi moralitas minangka upaya kanggé bimbing tindakanipun tiyang nganggé akal, inggih punika kanggé nglampahi punapa ingkang saé piyambak menurut akal kaliyan maringi bobot ingkang sami nyangkut aken kepentinganipun individu ingkang badhé kesentuh kalih tindakan punika.
  6. Van Ness (2010:14) bèntenaken moralitas kaliyan etika. Moralitas limrahipun dipunguna aken kanggem gambar aken kepripun tindakanipun tiyang, manawi etika inggih punika ngèlmu ingkang nyinau standar perilaku khususipun aturan tentang keleresan lan kesalahan.

Umumipun wonten kalih jinis moralitas, inggih punika moralitas intrinsic lan moralitas ekstrinsik. Moralitas intrinsik, ningali perbuatan menurut hakikatipun bébas lepas saking wujud hukum positif. Sebalikipun, moralitas ekstrinsik, ningali perbuatan minangka sesuatu ingkang dipunperintahaken utawi dipunlarang kalih tiyang ingkang gadhah kekuasaan utawi kalih hukum positip saking manungsa utawi saking Tuhan.

Réferènsi

besut
  1. Kamus Basa Jawa. 2001

Kapustakan

besut

Handoyo dkk, Eko.2010. Etika Pulitik dan Pembangunan.Semarang: Widya Karya