Museum House Of Sampoerna
Musiyum House Of Sampoerna ya iku salah sawijiné panggonan wisata kang ana ing Kutha Surabaya. Musiyum iki kalebu salah sawijinié museum sajarah amarga gadhah situs-situs lan wadhi kang rupané sajarah dibangune Musiyum House Of Sampoerna. Sanajan dadi Musiyum, nanging masarakat luwih ngerti Musiyum iki dianggep jeneng Omahe Sampoerna utawa House Of Sampoerna.[1]
Dikukuhaké | 27 Dhésèmber 2009 |
---|---|
Jinis | Musiyum Sosial |
Dhirèktur | Vice Amiral H. M. Sampoerna |
Situs jaringan | Web kanthor saka House of Sampoerna |
Panggonan
besutMusiyum iki bisa ditemokna ing dalan Taman Sampoerna 6 Surabaya.[2] Ana pira-pira pilihan dalan kanggo nemokna Musiyum House Of Sampoerna iki. Salah sijiné tuladha ya iku saka daerah Jembatan Merah Plaza, saking Jembatan Merah Plaza, terus jupuk langkah 300 mèter ning arah Pelabuhan Tanjung Perak, saking panggonan iku, Musiyum kang dibangun nganggo modhèl gedong Welanda iki bisa tinemu. Saliyané saking Jembatan Merah Plaza (JMP), masarakat kang kapingin nyambangi Musiyum iki bisa liwat daerah Tugu Pahlawan kang akhire ngelewati gedung DPRD Provinsi Jawa Timur.
Sajarah
besutIng mangsa taun 1893-1958, salah sawijining wong Cina budhal ning Indonesia kanggo ngubah nasibe lan miwiti uripé dadi pengusaha cilik. Wong Cina iku duwé aran Liem Seeng Tee kang budhal ning Indonesia sareng bapak lan adik wadone. Sawisé bapakke sedo, adik wadone dijaluk dadi anaké wong asli Singapura karena uripé kekurangan. Liem Seeng Tee dhéwé banjur diangkat anak kaliyan wong asli Bojonegoro.
Sesarengan kulawarga anyare mau, Liem Seeng Tee miwiti ngangsu kaweruh tata carané ngeracik bako. Bako-bako kang diracik dhéwé iku akhire didol ing gerbong-gerbong kereta api. Ing mangsa taun 1912, sawisé mentas karo Siem Tjang Nio, Liem Seeng Tee miwiti nyewa lan yasa warung cilik lan ngedol bako-bako racikane ing warunge mau. Malah, ing pira-pira mangsa, Liem Seeng Tee sok ngadol bako-bako racikane anggo sepeda genjot keliling omahé penduduk. Malah, Liem Seeng Tee adol bako-bakone anggo sepeda genjot lan muter omah-omahé masarakat.
Pabrik cilik iku banjur dadi salah sawijining omah produksi kang gedhé ing Indonesia. Sawisé iku, ing mangsa taun 2005, salah siji anak perusahaane kang duwé jeneng Philip Moris International wiwit njupuk kekuasaane PT HM Sampoerna lan akhire kanggo ngenang perjelanan pabrik mau, omah produksi rokok mau diowah dadi museum kang dikenal kanggo aran Haouse Of Sampoerna.
Tata Panggonan lan Koleksi
besutSaliyané nyimpen pira-pira wadhi kang baangsa produksi rokok, Musiyum House Of Sampoerna iki ugi duwé pira-pira gambar foto pendirine PT. HM Sampoerna. Koleksi-koleksi wadahe korek api, dokar, busana produksi, warung tiruan, dan wadhi-wadhi liyané kang ngebeki sekebehane panggonan koleksi-koleksi kemasan korek api, dokar, baju-baju produksi, warung tiruan, dan bendkang duwé rong jogan. Panggonan gedhé iku duwé pira-pira komponèn, kang antarané ya iku ruwang museum, ruwang art gallery, ruwang adol kasab, lan ruwang cafe. Ruwang museum iki dhéwé ugi duwé pira-pira pérangan, ya iku ruwang njaba kang nyimpen wadhi-wadhi kang duwé kaitan saka sajarah digawene PT. HM Sampoerna, ruwang tengah kang duwé foto-foto sjarah sampoerna, sawisé ana ruwang kanggo nampilake koleksi pameran.
Cathetan suku
besut- ↑ "House of Sampoerna" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2017-05-17. Dibukak ing 2016-05-29.
- ↑ Panggonan Museum House Of Sampoerna Archived 2016-06-04 at the Wayback Machine.,.
Pranala njaba
besut- Web kanthor saka House of Sampoerna Archived 2016-06-04 at the Wayback Machine.
- Panalitian saka mahasiswa ITS Surabaya babagan House of Sampoerna Archived 2017-05-17 at the Wayback Machine.
- Panalitian saka mahasiswa UIN Sunan Ampel Surabaya babagan House of Sampoerna Archived 2016-11-09 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |