Kakawin Nagarakretagama

lontar kakawin babagan sejarah Kerajaan Majapahit
(Kaelih saka Nagarakretagama)

Kakawin Nagarakretagama utawa Kakawin Nāgarakṛtâgama (Carakan:ꦏꦏꦮꦶꦤ꧀ ꦤꦴꦒꦫꦏꦽꦠꦴꦒꦩ) kalebu kakawin Jawa Kuna kang paling kondhang, dianggit déning Mpu Prapanca. Akèh para ahli nyoba golèk sisik melik ngenani kaanan jaman Majapahit saka kitab iki.

Nagarakretagama.
Nagarakretagama, koleksi Perpustakaan Nasional Indonesia, Jl. Medan Merdeka Selatan, Jakarta

Kakawin iki ngemot kaanan ing Majapahit jaman rajané Hayam Wuruk. Raja iki, kanthi mahapatih Gajah Mada, nelukaké nagara-nagara liya kang banjur misuwur kanthi sebutan Nusantara.

Ora kaya kakawin kang umum ing jaman iku, Mpu Prapanca nulis kaya déné warta jurnalistik. Prapanca ngetutaké raja kliling nagara, wiwit saka Blambangan nganti Singosari. Patiné Gajah Mada uga ditulis ing kéné. Seka gambaran ing tulisané, para ahli bisa ngréka kepriyé kaanan Majapahit nalika iku.

Judhul lan Anggitan

besut

Amarga kakawin iki nyritakaké kaanan kang diliwati lan akèh-akèhé liwat désa-désa, Prapanca nyebut kitab iki Desawarnana. Sawetara iku, Nagarakretagama dienggo amarga isiné ngenani nagara lan pranatane.

Prapanca, nalika nulis kakawin iki, ngaku yèn isih sinau basa sastra. Ana cathetan kang mernahake yèn tulisan iki digawé 1287 Saka (1365 Masehi). Dinuga, Prapanca iku putrane Mpu Nadendra kang nyekel Dharmadyaksa ring Kasogatan, utawa kang nngendhaleni urusan agama Buda.

Riwayat

besut

Naskah iki tinemu J.L.A. ČBrandes ing kraton Lombok. Nalika iku Brandes, kang ahli sastra Jawa, mèlu prejurit Walanda kang nggempur Lombok ing taun 1894. Kraton diobong lan Brandes nggawa lunga naskah-naskah lontar kang ana ing bale pustaka (pabukon). Kabèh naskah saka Lombok iku banjur disimpen ing Universitas Leiden. Ing kana diwènèhi nomer sandhi L Or 5.023. Jaman Ratu Juliana teka menyang Indonésia ing taun 1973, naskah iki wenehke. Saiki disimpen ing Perpustakaan Nasional RI lan diwènèhi sandhi NB 9.

Naskah Nagarakretagama disimpen ing Leiden lan diwènèhi nomer sandhi L Or 5.023. Banjur karo lawatan sang Ratu Juliana, menyang Indonésia ing taun 1973, naskah iki diwènèhaké marang Républik Indonésia. Konon naskah iki banjur disimpen déning Ibu Tien Soeharto ing dalemé, nanging iki ora bener. Naskah iki disimpen ing Perpustakaan Nasional RI lan diwènèhi kodhe NB 9.

Wacan sabanjuré

besut
  • (ing basa Walanda) J.L.A. Brandes, 1902, Nāgarakrětāgama; Lofdicht van Prapanjtja op koning Radjasanagara, Hajam Wuruk, van Madjapahit, naar het eenige daarvan bekende handschrift, aangetroffen in de puri te Tjakranagara op Lombok.
  • (ing basa Walanda) H. Kern & N.J. Krom, 1919, Het Oud-Javaansche lofdicht Nāgarakŗtāgama van Prapañca (1365 AD).
  • (ing basa Indonésia) Slametmuljana (dkk.), 1953, Prapantja:Nagarakretagama, diperbaharui kedalam basa Indonésia.
  • (ing basa Walanda) C.C. Berg, 1962, Het Rijk van de Vijfvoudige Buda.
  • Cithakan:EN Th. Pigeaud, 1960-63, Java in the Fourteenth Century. A Study in Cultural History The Nāgara Kŗtāgama By Rakawi Prapañca of Majapahit, 1365 A.D. The Hague: Martinus Nijhoff.
  • Kodhe basa ora trep.S.O. Robson, 1995, Desawarnana (Nagarakrtagama).
  • (ing basa Indonésia) I Ketut Riana, 2009. Kakawin Dēśa Warņnana uthawi Nāgara kŗtāgama, Masa Keemasan Majapahit. Jakarta: PT. Kompas Media Nusantara]

Uga delengen

besut

Pranala njaba

besut