Sastra iku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; "śāstra", kang tegesé "tulisan" utawa "buku", saka tembung dhasar "śās-" kang tegesé "weruh". Ing basa Jawa, tembung iki lumrahé dienggo ngarani "kasusastran" utawa sajinising tulisan kang duwé arti utawa kaéndahan tartamtu. Nanging, tembung "sastra" ugi bisa ngarani kabèh jinis tulisan, apa iki éndah apa ora. Karya sastra ugi dipungginakaken kanggé médhia mratelaaken pengalaman panggangit. Ukara, tembung, lan basa ingkang dipun-ginakaken déning panganggit punika basa ingkang éndah saéngga dadosaken raos remen kanggé tiyang ingkang maos. Prastawa-prastawa ingkang dipunangkat panggangit boten namung prastawa ingkang saé kemawon nanging ugi prastawa ingkang awon wontening salebeting cariyos. Nanging saking cariyos éndah utawi awon punika kita saged mundhut sari pathinipun. Pangganggit ugi saged mangaribawa kabudayan masarakat tinamtu ing salebeting karya sastra ingkang dipunanggit, kados ta pola pikir masarakat.

Saliyané iku, tembung sastra bisa dibagi dadi sastra tulis karo sastra lésan (sastra oral). Ing kéné sastra ora akèh gathuke karo tulisan, nanging gathuké karo Basa kang didadèkaké wahana kanggo ngèjawantahké pangalaman utawa pamikir tertentu.

Biasane kasusastran dibagi miturut laladan géografis utawa basa.

Genre utawa jinis karya sastra

besut

Tembung genre asalipun saking basa Prancis ingkang tegesipun inggih punika jinis. Lajeng, genre sastra inggih punika jinisipun karya sastra. Aristoteles ing dalem tulisanipun ingkang kaloka hiyo iku Poetica, ngemot dhasar-dasaripun téyori genre. Téyori punika inggih ngemot jinis karya sastra ingkang tumuju marang karya sastra Yunani klasik, nanging ingkang saé saking téyori punika inggih téyorinipun saged dipunlebetaken ing karya sastra ingkang sedaya nagari. Miturut Aristoteles, karya sastra ingkang dasaripun saking perwujudanipun punika dipunpérang dados 3, inggih punika epik, lirik, lan drama.[1] Epik inggih punika tèks ingkang sepalihipun ngemot diskripsi, lan sepalih ingkang lintu ngemot tokoh (cakapan). Epik uga saged dipunarani prosa. Lirik inggih punika ungkapan ide utawi perasaanipun pengarang. Ing dalem babagan punika ingkang dipunrembag inggih "aku" lirik, ingkang limrahipun mau juru gurit. Lirik punika ingkang wayah saiki kaloka dados gurit utawi sajak, inggih karya sastra ingkang ngemot èksprèsi perasaan pribadi ingkang luweh ngutamakaken carané damel èksprèsi. Drama inggih punika karya sastra ingkang dominasi guneman sedaya paraga. Kriteria drama ingkang bèntenaken inggih wonten 2 warni karya sastra lintunipun inggih hubunganipun manungsa kaliyan donya panggènan lan wekdal. Lirik sipatipun subjektif, sebabipun namung ngendikakaen donya juru gurit. Drama sipatipun objektif, sebabipun boten ngemotaken donya parekanipun, tanpa diskripsi ing sajabone objektif. Epik inggih punika campuran antawisipun subjektif lan objektif. Wekdal ing dalem karya sastra epik ngalir linear (kronologis utawi flashback); ing dalem drama wekdal dipunnyatakaken utawi ingkang kedadeyan sapunika; lan ing dalem lirik wekdal kados atos, sebab sajatosipun lirik boten kaiket kaliyan wekdal.[2].

Prosa lan Puisi

besut

Puisi mawi cara konvensional saged dipuntegesi dados tuturan ingkang kaiket (émosi, imajinasi, pikiran, nada, ide, baris, bait, rima, lan saklintunipun). Prosa inggih karangan. Perlu sanget dipunrembag tegesipun prosa lan gurit miturut A.W. De groot ingkang dipunsitir déning Rachmat Djoko Pradopo [3].

  • Kesatuan korespondensi prosa inggih punika kesatuan sintaksis, nanging kesatuan korespondensi gurit inggih punika kesatuan akustis.
  • Korespondensi gurit ngemot sajak, nanging prosa boten gadhah korespondensi.
  • Ingdalem baris sajak wonten periodisitas saking awal dumugi akir, nanging ing dalem prosa boten wonten periodisitas.

Bèntenipun prosa kaliyan gurit inggih sajatosipun kaemot ing kadar padhetipun sedoyo punika. Sahinggo, karya sastra punika manawi padhet saged kasebat gurit lan manawi boten padhet punika kasebat prosa. Meniko sebabipun muncul tembung gurit ingkang prosais lan prosa ingkang puitis. Sifat prosa ingkang utami inggih punika ngudari lan gurit madhetaken. Bahan mliginipun inggih sami, punika persoalanipun manungsa. Prosa punika èksprèsi nyusun cariyos (konstruktif), gurit punika èksprèsi nyiptakaken curahan jiwa (kreatif). Rumus: x + y = z. X = pengalaman, y = renungan, imajinasi, lan tèhnik, z = hasilipun inggih punika cariyos ingkan sampun dipunreka. Werni-warni cariyos reka daya punika ing dalem sastra modhèren, hiyo iku novèl, carkak, lan novela. Novèl inggih punika cariyos reka daya ingkang langkung dawa, ingkang ngemot paraga, aluripun, lan setting utawi latar. Cerpen inggih punika cariyos ingkang cendhak, ingkang musataken ing kaanan ingdalam wekdal punika, mliginipun inggih konflik. Novela inggih punika cariyos reka daya ingkang luweh dawa lan angèl saking carkak, nanging boten langkung dawa kados novèl, isinipun boten dipunputusi ing satunggal kaanan kedadeyan, lan konflik.

Drama

besut

Tembung drama asalipun punika saking basa Yunani draomai ingkang tegesipun nindakaken. Drama inggih paragaan cariyos utawi lakonan ing kauripan manungsa ingkang dipunpentasaken. Drama ing dalem karya sastra wujud naskah drama. Drama salintunipun dados karya sastra uga dados karya seni. Prosès kadadeanipun drama inggih saged dipundamel rumus nganggé formula 4 M. -M-1: Menghayalkan (ngayalaken) -M-2: Menuliskan (nulisaken) -M-3: Memainkan (maragakaken) -M-4: Menyaksikan (mirsani) Drama dados karya sastra namung ngantos tahap M-2. Umumipun naskah drama ngemot 10 susunan karakter, antawisipun: 1. Susunan jeneng paraga 2. Sinopsis 3. Urutanipun nomer dialog kaliyan jeneng paraga 4. Nyantumaken tandha baca ingkang nyata 5. Menehi penjelasan dados keterangan ing dalem tandha kurung 6. Menehi tandha bagianipun ilustrasi musik 7. Nyusun urutan tembung dan kalimat ingkang nyata 8. Ngemot pokok pikiran ingkang nyata ing dalem dialog 9. Menehi tandha panggantos babak ingkang nyata 10. Ngakhiri cariyos kaliyan kalimat ingkang padhet Miturut isinipun, drama kebagi dados 8 warni, antawisipun:

  • Tragedi: drama ingkang nyariosaken kesedihan
  • Komedi: drama jenaka ingkang ngemot sindiran utawi kritik
  • Tragedi-komedi: drama ingkang nyariosaken kesedihan uga jenaka
  • Opera: drama ingkang tuturanipun wujud lagu-lagu
  • Operet: drama kados opera nanging luweh cendhak
  • Tableau: drama nanging boten wonten tuturanipun, paraga namung ngandhalaken obah patah-patah (pantomim)
  • Minikata: drama ingkang migunakaken tuturan singkat ingkang ngandalaken obah teatrikal
  • Lawakan: drama ingkang sedayanipun ngemot humor saéngga isi cariyos boten wigati.

Kesimpulanipun, objek ngèlmu sastra inggih punika prosa, gurit, lan drama, ingkang rincianipun wujud gurit, novèl, carkak, novela, lan naskah drama.

Rujukan

besut
  1. Teeuw, A: "Membaca dan Menilai Sastra", kaca 109. Gramedia, 1983
  2. Hartoko, Dick lan B. Rahmanto: "Pemandu di Dunia Sastra", kaca 53. Kanisius, 1986
  3. Pradopo, Rachmat Djoko:"Pengkajian Puisi", kaca 112. Gadjah Mada University Press, 1998