Sel kanker kang lagi ngrembaka

Nyeri kanker ya iku nyeri kang dirasakaké kang nandang lara kanker. [1] Nyeri iki marga ana tumor kang ngraket ana ing bagéyan saraf, lan awak. Kondhisi mangkèné iki bisa uga disebakaké konsdhisi kémoterapi utawa amarga ngonsumsi obat.[2] Anané rasa nyeri iki ora uga ana gayutané manut panggonané lara kanker lan stadium lara kanker iku. Ing penelitiyan tartamtu, akéh wong diduga lara kanker ganas ngrasakaké lara nyeri, lan sebagiyan kang wis tekan stadiyum lanjut, uga ngrasakaké rasa nyeri kang luwih inténsif. Nyeri kang intensif njalari bebaya anggoné kagiyatan saben dina, kayata kagiyatan turu, swasana ati, lan sosiyal. [3]

Paugeran nginum obat kanggo manajemen nyeri kanker iki wis diandharaké déning Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) lan sapanungalané.[4] Perawatan kang apik lan ngajéni dadi profésional mesthi duwéni kewajiban etik kanggo mesthikaké informasi kang dibutuhaké. Informasi iku ngenani risiko uga mumpangaté kanthi manajemen nyeri kang dipilih. Bisa uga manajemen nyeri kang kuat bisa ngurangi umur wong kang nandang kanker luwih singkat.[5]

JinisBesut

Nyeri marga kanker iku ana jinis-jinisé, pisanan ya iku 1) Nyeri Akut, diarani nyeri iki bisa kasebut amarga larané dirasa ora mandhek-mandhek lan ing wektu sedhéla: 2) Nyeri kronis, iki bisa kedadéan amarga lara kang dirasakaké wektuné dawa, kurang luwih telung wulan; 3) Breaktrough Pain, yén tetep krasa lara sanajan wis ngombé obat, nanging ora kodal. Biyasané lara iki luwih lara ketimbang lara kronis. Rasa larané bisa krasa nganti sejaman lan ngono iku bisa kedadéyan saben dina lan bola-bali.[2]

Anané akibat kang gawé wong nandang kanker rada kangelan, mula prelu ana manajemen nyeri kanker. Manajemen nyeri kanker ing kéné tegese tata cara kompetén kanggo ngilangi utawa ngendhaliké rasa lara utawa nyeri. Wis ana kanthi manajemen kang apik nyeri kanker bisa ilang nganti 80% nganti 90% ing pira-pira kasus. Senajan, ing nagara maju, wong kang nandang lara kanker nganti 50% pancén urung maksimal. Ing donya, nganti 80% isih sithik narima obat kanggo ngilangi rasa lara. Nyeri kanker kanggo bocah-bocah padha baé kurang ana perawatan.[3]

ManajemenBesut

Wis diandaharaké yén ancas saka manajemen iki ya iku ngilangi rasa nyeri amarga lara kanker. Dikarepaké rasa nyeri iki bisa ngurangi perawatan kang akéh bebayané. Anggepan anané manajemen iki bisa gawé munggahé kwalitas anggoné wong nglakoni urip. Bisa uga yén wektuné ninggal donya ora lara banget.[5]

Kanker iku bisa owah, mula tata cara manajemen nyeri kankeré uga kudu owah. Kaya mangkéne iki kudu dipaské karo kankere iku lagi tekan tahap apa, bisa uga lagi stadium siji utawa wis stadium lanjut. Tugas saka wong kang ngerti kepiye baé kuduné managemen nyeri kang apik, kudu ngreti kaanan lan bisa ngandhani wong kang lagi nandang kanker (pasiyén). Andharané iku ngenani sebab nyeri kanker kang dirasaké pasiyén lan perawatan apa kang bisa dilaksaksanakaké. Mangkéné iki kudu pathokan karo térapi, obat amarga kaya mangkéne iki kang ngaruh marang uripé wong iku. Ngowahi tata cara urip lan kepiyé anggoné kang disebabkaké owah-owahan ing lelarané dadi saran paling wicaksana.[5] Ananging, menawa lara kang dirasaké ora bisa ditandangi, kudu digawa ana ing spésialis perawatan paliatif utawa klinik.[6]

Cara kang bisa dadi manajemen kanggo wong kang nandang lara kanker salah sijiné ya iku mara ing psikolog. Psikologi saben wong anggoné ngrespons prekara, utamané rasa lara iku gayut karo rasa lara kang bakal dirasakaké. Tegesé, bisa uga dadi tambah lara nyeri kanker iku marga resposn psikolog kang ora trep. Mara ing psikolog iku bener amarga bisa criyos, ménéhi dukungan tumrap wong kang nandang lara kanker. Kaya mangkéné iki gawé mental wong stabil, dadi bisa njalari uripé luwih apik. Sakliyané iku, bisa uga ndonga lan nglakokaké ritual kang dianggep bisa gawé adem ing hawa.[7] Akéh wong rada ora pas anggoné nyikapi rasa lara. Kadhang kala ngluwih-ngluwihké rasa lara iku, dadi nyeri kanker sansaya tambah lara. Uripé dadi rak cetha, depresi. Watak kang kaya mangkéné ini gawé bubrah lan bebaya urip.[8]

Faktor-FaktorBesut

 
Kanker Payudara

Biyasané wong-wong kang nandang lara kanker, rasa nyeri iki kang dadi prekawis bener-bener ngeganggu anggoné nindaké kagiyatan saben dinané.[9] rasa nyeri kang disebakaké marga tumor iku wis ngrembaka dadi kanker lang nganggu fungsi organ liyané. Kanker iku nyebabkaké kanthi nggawé ngrusak jaringan, inféksi utawa radhang, utawa nguculaké bahan kimia. Zat kimia iki gawé rangsangan apa bae, kuduné ora lara dadi lara. Nalika tumor kang nguwalaké zat kimia iku terus ngrembaka lan nyerang organ-organ liyané, kaya ta utak, sumsum balung ing mburi, ganglia bisa dadi penyakit liya kang gawé nambah lelara liyané. [10] Senajan, utak iku ora duwéni jaringan sensor rasa lelara. Nanging, tumor ing pambuluh utak bisa nyebabkaké rasa lara amarga ngenet pambuluh getih ing membran-membran meninges. Lan, bisa gawé kumpulé cairan utawa édema kang bisa ngenet jaringan kang cepet bisa ngrasaké lara utawa nyeri.[11]

  • Ora kabéh wong kang nandang kanker iku bakal ngrasakaké lara nyeri. Nanging, rata-rata wong kang nindakaké terapi kanker duwéni angkluhan lara ing pira-pira bagéan awak. Kayata, ing bagéan sikil, geger, lan weteng.
  • Sebab liyané kang gawé nyeri kanker bisa uga amarga anané invasi ing balung kang kena kanker. Biasané dirasakaké ana ing geger. Terus-terusan lan tambah parah, iki diarani eksaserbasi.[10] Sakliyané iku bisa anané fraktur utawa balung kang tugel, umumé ana ing lelara kanker Payudara, prostat uga kanker liyane kang gegayutan karo balung rusuk.[12]
  • Rasa nyeri kang di rasakaké iku nyebakaké ora bisa turu lan lan hawané arep muntah. Dadi, ora mung marga kemotérapi dhèwéké krasa arep muntah. Bisa uga marga larane mau. Diumpamakaké lara nému kaya ana kang nyakot-nyakot ing bagéan balung.[9]
  • Nyeri amarga kanker ing organ badan, kayata weteng utawa ati, panggonan iki rada angel ditemokaké amarga biayasane nyebar.[5] Invasi jaringan iki amarga kakéhen narima rangsangan kanthi konstan utawa stimulasi mékanis kang nyebabkaké ligamén, téndon, lan otot rangka rusak strukturé.[11] Nyeri kang diakibatké saka kanker ing béngkéan bisa akéh panggonané. Biasané panggon kanker nyebar nganthi ing bagéan pupu, geger ngisor, génitalia éksternal utawa périnium.[5]

Etika lan hukumBesut

Preluné ngreténi etika lan hukum kanggo perawatan lan penganan kanggo manajemen nyeri kanker supaya wicaksana nanggepi mumpangat lan risikoné. Pasiyén uga wali kudu pada sakpemikiran, yén miturut ahli térapiné utawa kang nyediakaké layanan, perawatan iku isih bisa ditrima tumrap pasiyén nanging pasiyen ora galem, ya berarti perawatan iku ora bisa kalaksanan. Uga, ora bisa ménéhi perawatan kang dainggep gawé bebaya senajan pasiyén kang njaluk.[5]

Umumé tindakan penanganan nyeri kanker, manut karo filosofis kaya ing ngisor iki.[13]

  • Kabeh tindakan kudu apik (moral kang dianggep apik ing bebrayan).
  • Kabéh ngarepaké asil akng apik, yén ala iku amarga efek kang ora kaduga lan ora dikarepaké.
  • Anané kedadéan ala ora oléh dadi alesan kang nyebabkaké apik.
  • Kedadéan apik kudu luwih akéh ketimbang alané.

RujukanBesut

  1. Panduan Pelayanan Medik Model Interdisiplin Penatalaksanaan (ing basa Indonesia). EGC. ISBN 978-979-448-962-8. 
  2. a b "Kenali 3 Jenis dari Nyeri Kanker, Ternyata Beda-beda loh, Ada Apa Saja? - Semua Halaman - Grid.ID". www.grid.id (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-14. 
  3. a b Hanna, Magdi.; Zylicz, Zbigniew. (2013). Cancer pain. London: Springer. ISBN 978-0-85729-230-8. OCLC 855544999. 
  4. World Health Organization. (1996). Cancer pain relief : with a guide to opioid availability. (ed. 2nd ed). Geneva: World Health Organization. ISBN 92-4-154482-1. OCLC 34664481. 
  5. a b c d e f Rice, Andrew S. C. (2008). Clinical pain management (ed. 2nd ed). London: Hodder Arnold. ISBN 978-0-340-93992-5. OCLC 233263071. 
  6. Induru, Raghava R.; Lagman, Ruth L. (2011-07-01). "Managing cancer pain: frequently asked questions". Cleveland Clinic Journal of Medicine 78 (7): 449–464. ISSN 1939-2869. PMID 21724928. doi:10.3949/ccjm.78a.10054. 
  7. Porter, Laura S.; Keefe, Francis J. (2011-08-01). "Psychosocial issues in cancer pain". Current Pain and Headache Reports 15 (4): 263–270. ISSN 1534-3081. PMID 21400251. doi:10.1007/s11916-011-0190-6. 
  8. Rosenstiel, A. K.; Keefe, F. J. (1983-09-01). "The use of coping strategies in chronic low back pain patients: relationship to patient characteristics and current adjustment". Pain 17 (1): 33–44. ISSN 0304-3959. PMID 6226916. doi:10.1016/0304-3959(83)90125-2. 
  9. a b Media, Kompas Cyber. "Mengapa Kanker Timbulkan Rasa Nyeri?". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dijupuk 2019-12-14. 
  10. a b Rice, Andrew S. C. (2008). Clinical pain management (ed. 2nd ed). London: Hodder Arnold. ISBN 978-0-340-93992-5. OCLC 233263071. 
  11. a b Fitzgibbon, Dermot R. (2010). Cancer pain : assessment, diagnosis, and management. Philadelphia: Wolters Kluwer Health/Lippincott Williams & Wilkins. ISBN 978-1-60831-089-0. OCLC 456641913. 
  12. Bruera, Eduardo.; Portenoy, Russell K. (2010). Cancer pain : assessment and management (ed. 2nd ed). Cambridge: Cambridge University Press. ISBN 978-0-511-64184-8. OCLC 593222718. 
  13. Sulmasy, D. P.; Pellegrino, E. D. (1999-03-22). "The rule of double effect: clearing up the double talk". Archives of Internal Medicine 159 (6): 545–550. ISSN 0003-9926. PMID 10090110. doi:10.1001/archinte.159.6.545.