Oglèk
Oglèk menika jejogedan kang ngrembaka ing dhesa Tuksono, Kaèpanewon Sentolo, Kabupatèn Kulon Praga, Daerah Istimèwa Ngayogyakarta. Oglék menika diripta dening Rubikin Noto Sunaryo. Joged menika karipta nalika Rubikin mersani Jathilan.
Sajarah
besutDésa Tuksana menika salah satunggaling désa kang mlebet ing sajroning Kapanewon Sentolo, Kabupaten Kulon Praga kang papanipun wonten ing sisih Lèpèn Praga. Desa Tuksana menika jembaripun 11.000 hèktare lan cacah tiyang 8.000. Kathah kagunan kang ngrembaka ing dèsa menika.[1]
Salah satunggal kagunan kang ngembaka ing dèsa yaiku Oglèk. Oglèk menika didamel dening Rubikin Noto Sunaryo. Mbah Noto miyos ing Kulon Praga, 15 Januwari 1941. Saking alit Mbah Noto sampun angsal pawiyatan bab tembang-tembang Slawatan lan terbangan kagem ngiringi slawatan. Satamatipun saking Sekolah Rakyat (SR), mbah Noto banjur sinau bab Ringgit Tiyang, pencak silat, lan kethoprak.[2] Slawatan lan seni jogèd menika dados dhasar Mbah Noto nalika damel Oglèk.
Nalika wulan Mulud taun 1957 Mbah Noto mirsani jathilan ing Garebeg Mulud ing Alun-Alun Ler Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Sabanjuripun nonton jathilan menika nganyut lan mikir menawi ajeng damel kagunan gagrak anyar kang bénten kaliyan kagunan kang sampun wonten kados jathilan lan réyog. Ing wulan Bakda Mulud Mbah Noto miwiti damel gerak jogèd gagrak enggal kanthi iringan terbangan.[3]
Sabanjuripun diraosaken pas, Mbah Noto nayom rencang-rencangipun kang tasih sedherek mawiyat kasil seni enggal menika. Rencang-rencangipun sedaya setuju lan sigrak. Tukinin, Sugiyanto, Wiro Mularno, lan Giman ing posisi jogèd. Hadi Supono, Ngadirin, Ponikin, Sakijo menika dados nyepeng alat tembangan terbangan kados dene kenting, thinthung, kempul ageng, kempul alit, gong kayu, lan bendhé kalih. Rubikin menika dados pawang lan nembang slawatan.[4]
Sabanjuripun gladhen nopo wontene, rombongan menika banjur pentas kaping pisanan ing Griya Bapak Tahir ing dhusun Mbulak, dèsa Tuksono, Kapanewon Sentolo, Kabupatèn Kulon Praga. Pagelaran menika dereng migunakake seragam, tanpa sound system, lan migunakake jaran kepang sambutan. Pagelaran menika saget lancar. Kathah warga kang nonthon pagelaran menika badhe mirsani kagunan anyar menika. Sabanjuripun pinten babak, rombongan menika kesel saengga pagelaran menika diawisi. Warga kang kirang marem nyuwun tumrap Mbah Noto supados benjang ngawontenken pagelaran malih. Mbah Noto ugi setuju lan warga kang nonthon menika tambah kathah.
Amargi rasa gandrung warga menika ageng sasampunipun pentas kaping pindho, Mbah Noto banjur wontenaken pagelaran mboten namung ing désa Tuksono, nanging uga medal saking desa lan kapanewon. Saking pentas menika tembung oglèg medal. Tembung oglèg menika dicuplik saking sirah para penari oglèg kang kang obahipun oglag-oglèg, Mbah Noto banjur paring nami tumrap kagunan menika Oglèg. Saking menika Mbah Noto misuwur kanthi jejuluk Noto "Srunthul".[5]
Nalika oglèk menika karipta, kahanan ing Kulon Praga taun menika nelangsa sanget amargi kirang dhaharan. Uwos menika awis sanget nalika taun 1950-an. Mula ing taun menika dhaharanipun palawija lan tela.
Ing Tuksono wonten 6 klompok oglèk, inggih menika:
- Oglèk Krida Turangga (Dhusun Bulak)
- Oglèk Langen Budaya (Taruban Wetan)
- Oglèk Krida Wirama (Giling)
- Oglèk Kuda Guyub (Dhusun Wonobroto)
- Oglèk Kuda Wahyu Manunggal (Kaliwiru)
- Oglèk Sekar Arum (Dhusun Kalisoka).[6]
Taun 2014 , miturut SK Bupati Angka 310 taun 2014, Oglèk menika dados kagunan unggulan saking Kapanewon Sentolo. Sebabipun oglèk namung ngrembaka ing Kapanewon Sentolo. Uga amargi Sentolo dados papan kaping pisanan nalika oglèk karipta.
Cariyos Oglèk
besutCariyos kang diangkat wonten oglèg menika lakon Babad Tanah Jawi nalika prajurit Jipang Panolan kang dipimpin dening Adipati Arya Penangsang kaliyan Prajurit Jipang Panolan kang dipimpin Danang Sutawijaya.[7] Sutawijaya menika migunakaken kapal setri bathikan lan Penangsang migunakaken kapal jaler kang asma Gagak Rimang. Para prajurit menika namung dipisah kaliyan lèpèn. Arya Penangsang nyabrang lèpèn menika lan nyerbu ing prajurit Danang Sutawijaya.
Perang tandhing menika banjur kedadosan ing pinggir lèpèn. Sutawijaya menika saget nembusaken Tombak Kyai Plèrèd ing padharanipun Arya Penangsang dumugi ususipun medal. Ananging amargi kasaktenipun Arya Penangsang perang tandhing menika taksih mlampah. Usus kang medal menika disampiraken ing Keris Kyai Setan Kober. Nalika Arya Penangsang migunakaken keris menika dados jalaran pejahipun Arya Penangsang amargi ususipun kairis dening keris.
Tata Cara
besutKagunan Oglék menika digelar dening 4 tiyang inti kang dados Arya Penangsang lan Danang Sutawijaya. Cacah kang jogéd ing oglèk menika wonten 50 tiyang kang yuswanipun antawis 40 dumugi 50 taun. Busana lan piranti joged menika wonten kapal kèpang, pedhang pring, iket kepleng, jarik sapit urang, clana panji niru kados lumrahipun para prajurit. Kapal kèpang menika benten kaliyan kapal kèpang kang wonten ing jathilan.[8] Kapal kèpang menika ukuranipun 100 cm x 30 cm.[9] Iringan tembang menika migunakaken kenting, thinthung, kempul alit lan ageng, lan gong. Sedaya alat menika saking kayu lan kulit.
Oglék menika taksih njagi pakem kados wiwitan diripta. Obahing jogèd menika urut-urutanipun inggih menika:
- Sesembahan
- Pacak
- Jonggo
- Jejogèdan
- Jurus
- Obah mubeng
- Para penari dipecut pawang
- Para penari mundhut kapal
- Perang Penari
- Perang Pawang
- Kapal diuculaken dening penari
- Jogèdan utawi cantrikan
- Pawang paring tamba marang para penari kang keslupan.[10]
Saderengipun pagelaran, wonten sajen kang arupa tumpeng, jajanan peken, jenang 7 warna, ayam kampung, lan kembang setaman. Oglèk menika dipagaraken 45 menit. Nalika wonten acara kados mantenan, lairan, lan sanesipun oglèk saget digelar 3 dumugi 5 jam.
Rujukan
besut- ↑ "Kesenian Ogleg Maskotnya Desa Tuksono". Website Resmi Kalurahan Tuksono. 2019-03-27. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Oglek Kulon Progo". Warisan Budaya Takbenda. 2013-01-01. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Oglek Kulon Progo". Warisan Budaya Takbenda. 2013-01-01. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Oglek Kulon Progo". Warisan Budaya Takbenda. 2013-01-01. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Oglek Kulon Progo". Warisan Budaya Takbenda. 2013-01-01. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Ogleg Maskotnya Desa Tuksono". Website Resmi Kalurahan Tuksono. 2019-03-27. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Tari Oglek". Jadesta Jaringan Desa Wisata. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Tari Oglek". Jadesta Jaringan Desa Wisata. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Ogleg Maskotnya Desa Tuksono". Website Resmi Kalurahan Tuksono. 2019-03-27. Dibukak ing 2023-02-22.
- ↑ "Kesenian Ogleg Maskotnya Desa Tuksono". Website Resmi Kalurahan Tuksono. 2019-03-27. Dibukak ing 2023-02-22.