Réyog

kesenian budaya saka Jawa Wétan, Indonesia
Réyog

Réyog iku seni rakyat kang asalé saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupatèn Panaraga. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kajawèn isih kuwat. Kesenian réyog iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis turunaning para leluhur.[1]

PamentasanBesut

 
Pamentasan Réyog. Saka kiwa: Bujang Ganong, Klono Sewandono, Warok, Singo Barong, lan Jathil.

Réyog modhèren lumrahé dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage, tuladhané wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional.

Seni Réyog Panaraga kasusun saka sawatara rerangkèn 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan lumrahé dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel kang klambènan warna ireng lan rainé dipolèsi warna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa kang kendel. Sawisé ana jogèdan kang dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon kang numpaki jaran.[2] Ing réyog tradhisional, para juru jogèd iki lumrahé diperanaké déning wong-wong lanang kang nganggo klambi wadon.[3] Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana lumrahé dipentasaké déning bocah cilik kang mentasaké adegan lucu. Bocah lucu iku diarani Bujang Ganong. Bujang Ganong dijenengake ngono amarga saka cariosè Bujang Ganong ora krama lan bathukè nonong.

Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk dituduhaké adegan inti kang isiné gumantung karo prastawa kang mentasaké seni réyog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adegan asmara kang dipentasaké, yèn tetakan ya lumrahé carita laga.

Adegan ing seni réyog lumrahé ora miturut skénario kang kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara juru main lan sang dhalang (lumrahé pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala juru main kang lagi pentas bisa digantèni karo juru main liyané yèn dhèwèké kesel. Sing utama ing seni pementasan réyog iku bèn sang penonton marem.

Adegan pungkasan iku wujud singa barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha kang dipahési mawa wulu-wulu merak lan ana ndas merak ing dhuwur singo barong. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg.[1] Topèng kang abot iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu kang wis kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan kang abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual kaya ta pasa lan yasa tapa.

KontrovèrsiBesut

Seni jogèdan réyog didhaku déning Malaysia dadi darbèné nagara iki ing situs wèb resmi Kementrian Kebudayaan, Kesenian dan Warisan Malaysia.[4] Jogèdan Réyog kang didhaku Malaysia dijenengaké Jogèd Barongan, lan unsur-unsuré padha, namung caritané diènggokaké dadi "Caritaning Nabi Suléman".[5]

Prakara iki dadi kontrovèrsi lan gègèran ing sasi Novèmber 2007. Rakyat Panaraga pradul lan nyuwun marang bupati Panaraga supaya protès karo pamaréntah Malaysia. Bab kasebut bias kadadean sebab manut sejarahe biyen ana saperangan warga saka Panaraga kang ngulandara golek pangupaboga tumeka Malaysia, malah kepara wis duwe kulawarga lan dadi warga Malaysia, dadi ora gumunake yen reyog sing ana Panaraga kalawan Joged Barongan ana sambung rapete.

RujukanBesut

  1. a b "Reog, Pesona Singa Barong dari Tanah Ponorogo". Kompas.com (ing basa Indonesia). 2008-01-10. Diarsip saka asliné ing 2020-03-04. Dijupuk 2020-03-04. 
  2. ditindb (2015-12-17). "Reog Ponorogo". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (ing basa Indonesia). Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. Diarsip saka asliné ing 2020-03-04. Dijupuk 2020-03-04. 
  3. Muhammad Ishomuddin (2019-04-23). "Relasi Mistis dan Sensual Rumit Antara Warok-Gemblak di Ponorogo". vice.com (ing basa Indonesia). VICE. Diarsip saka asliné ing 2020-03-04. Dijupuk 2020-03-04. 
  4. "Reog Diduga Dijiplak Malaysia, Warga Ponorogo Protes". detikNews (ing basa Indonesia). 2007-11-21. Dijupuk 2020-03-11. 
  5. "Tarian Barongan". Kementrian Kebudayaan, Kesenian dan Warisan Malaysia. 2007. Diarsip saka sing asli ing 2007-11-24. Dijupuk 2020-03-04. 

Bibliografi

  • Timur, Sunarto (1978), Reog di Jawa Timur (ing basa Indonesia), Jakarta: Proyek Sasana Budaya Depdikbud 
  • Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta (1997), "Drama Tradisional Reog: Suatu Kajian Sistem Pengetahuan Dan Religi", Laporan Penelitian Jarahnitra (ing basa Indonesia), Yogyakarta: Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan, kk. 1–59, ISSN 0854-3178 

Wacan luwih lengkapBesut

Pranala jabaBesut