Urang-aring
Urang-aring, Eclipta alba
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Asterales
Famili: Asteraceae
Génus: Eclipta
Spésies: E. alba
Jeneng binomial
Eclipta alba
(L.) Hassk.
Sinonim

Eclipta erecta
Eclipta prostrata
Verbesina alba
Verbesina prostrata

Orang-aring (Eclipta alba (L.) Hassk., sin. Eclipta prostrata L.) ya iku tuwuhan, akèh tinemu alasan dadi gulma, anggota suku Asteraceae. Terna iki kawéntar olehé miguna kanggo nyuburaké rambut. Saliyané iku, orang-aring uga duwé khasiat minangka tuwuhan obat. Orang-aring duwé jeneng liyané, kaya ta urang-aring (Indo.); te-lenteyan (Md.); daun tinta (Banda); daun sipat, keremak lanang (Mly.); lan false daisy (Ingg.).[1]

Pangenalan

besut
 
Close up

Terna sakmusim, kanthi jejeg utawa dlosor, kerep nyawang-nyawang, nganti 0,8 m. Gagangé bulat pejal, semu ungu, kanthi rambut putih. Godhong adhep-adhepan, duduk, lanset ndawa nganti bundar ndog dawané, 2–12,5 × 0,5–3,5 cm, pangkal nyempit lan ujung lancip, pinggiré godhong bergerigi utawa rada rata, lumah loro-loroné berambut.[2] Kembangé grombol ing bongkol kembang majemuk kang gagangé dawa, selanjutnya 2-3 bongkol bareng-bareng ngumpul ing ujung (terminal) utawa ing lempitan. Godhong pembalut jero 2 bunderan, dawané 5 mm, mbentuk mangkok. Kembang pinggir kanthi makutha wujud pita sempit, bergigi loro. Kembang cakram wujud tabung, warna putih. Wohé atos (achene) dawané nganti kaya baji cendhak, 2 mm, bintil-bintil.[2]

Kagunan

besut
 
Lukisan menurut Britton & Brown, 1913

Orang-aring ngasilké zat pewarna ireng. Cairan sariné bisa kanggo ngirengaké rambut lan kanggo gawé tato.[3]. Godhong orang-aring diremes-remes ing jero banyu, banjur minangka ngademke sirah aerta kanggo nyuburké lan garingaké rambut.[1] Cairan orang-aring diusapaké ing sirahé bayi supaya rikat thukul rambut sing ireng. Seduhan orang-aring ing lenga kelapa minangka lenga penyubur rambut. Minyak orang-aring iki wis kawentar ing Jawa hingga udakara taun ’70-an. Ana ing Ayurveda (ngèlmu usada India), orang aring dipercaya kanggo kaya ta rasayana kang duwé khasiat dawa umuré lan awet enom. Penelitian anya-anyar iki ngandhakaké yèn tuwuhan ini duwé daya usada tumrap gangguan ati (hepar) lan lambung.[4] Ing panggonan liya, orang-aring minangka obat luar kanggo lelara kulit, eksim, "kutu air", malah kanggo ngatasi serangan kéwan kang duwé wisa kaya ta entupé kalajengking utawa cokotan ula. Godhong orang-aring uga dimanfaatké kanggo lalap, utawa ing Bali, dicampurké karo jangan.[1]

Ekologi lan panyebaran

besut
 
Bongkol-bongkol buah

Terna iki asal-usulé ora dimangerteni. Menyebar luas ing seluruh donya, ing wewengkon tropika lan subtropika, ana ing akèh-akèh panggonan wis ngrembaka dadi gulma sing ngganggu tumrap jinis tuwuhan pertanian.[5] Ing India, Cina, Thailand, lan Brazil; ditemokak ing Indonésia.Orang-aring bisa adhaptasi karo lingkungan sing ubah-ubah, mligi ing pangggonan kang drainase buruk, panggonan-panggonan teles ing kiwa-tengené kali, parit, utawa rawa, nanging kena srengéngé. Wiwit saka pasisir gulma ini tahan urip ing lemah kang ngandhut zat garam nganti dhuwur 2000 m. Kemampuan kembangbiaké dhuwur: ngembang sepanjang taun, orang-aring bisa ngasilké 17.000 biji per individu tuwuhan.[5]

Catatan kaki

besut
  1. a b c   Austria Tumbuhan Berguna Indonésia, jil. 3:1833. Terj. Yayasan Sarana Wana Jaya, Jakarta
  2. a b   Austria Flora, untuk sekolah di Indonésia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 423-424
  3.   Austria Eclipta alba (L.) Hassk. Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. Internet Record from Proseabase. Lemmens, R.H.M.J. and Wulijarni-Soetjipto, N. (Editors). PROSEA (Plant Resources of South-East Asia) Foundation, Bogor, Indonésia
  4.   Austria Rasayana: Ayurvedic Herbs for Longevity and Rejuvenation. Taylor & Francis, London, p. 80–85
  5. a b   Austria (Eds.). 1987. Weeds of Rice in Indonésia. Balai Pustaka, Jakarta. p. 76-77 (illust.)

Pranala njaba

besut