Panlesihan kadurjanan
Panlesihan kadurjanan, uga diarani panylidhikan kadurjanan utawa pangusutan kadurjanan yaiku èlmu trapan kang anggubedaké pasinaon fakta kang banjur digunakaké kanggo angandhani pasidhangan kadurjanan. Panlesihan kadurjanan kang ganep bisa anyakup panggolèkan, wawancara, panakonan, pangumpulan lan panyimpenan bukti, lan manéka paricara panlesihan.[1] Panlesihan kadurjanan jaman modhèren umumé anggunakaké akèh tèknik èlmiah modhèren kang diweruhi kanthi kolèktip minangka èlmu forensik.
Panlesihan kadurjanan iku èlmu kuna kang bisa uga angoyod adoh nganti u. 1700 SM ing tulisan-tulisan Kitab Angger-Angger Hammurabi. Ing Kitab Angger-Angger kasebut, disebutaké yèn sanadyana panuduh éwadéné pinituduh duwé hak kanggo anyajèkake bukti kang dhèwèké kabèh kumpulaké.[2] Ing jaman modhèren, panlesihan kadurjanan paling kerep ditindakaké déning kapulisèn pamrèntah. Panlesih swasta uga lumrahé diséwa kanggo angrampungaké utawa ambantu panlesihan kadurjanan.
Panlesih kadurjanan profésional kang kacathet kaping pisanan iku jaga baya Inggris. Kira-kira taun 1250 SM, kacathet yèn jaga baya atugas kanggo "... anyathet...prakara fakta, dudu prakara kaputusan lan ukum."[3]
Delengen uga
besutRujukan
besut- ↑ Charles E. O'Hara & Gregory L. O'Hara (1994) Fundamentals of Criminal Investigation (Babaran Kaping Enem) ISBN 0-398-05889-XCithakan:Pn
- ↑ Burgess, Ann Wolbert; Regehr, Cheryl; Roberts, Albert R. (2009). Victimology: Theories and Applications. Jones & Bartlett Publishers. kc. 103. ISBN 978-1-4496-4371-3.
- ↑ Henry of Bratton (1968) Bracton On the Laws and Customs of England, jilid 4 kaca 136, Belknap Press
Pranala njaba
besut- Médhia magepokan Panlesihan kadurjanan ing Wikimedia Commons