Pasisir yaiku wewengkon kang dadi wates watara sagara lan dharatan. Wujud pasisir béda-béda miturut kaanan lan prosès kang kedadèn ing wewengkon mau kaya ta pangangkutan, pengendapan lan pangikisan kang disebabaké déning gelombang, arus, angin lan kaanan lingkungan ing saubengé kang kedadèn terus-terusan nganti mbentuk siji pasisir.[1]

Pomerania Beach (Darss)
Pasisir Kuta ing Bali, Indonésia
Pasisir Virginia ing Amérikah Sarékat
Sagara Kidul ing Jawa Wetan

Manfaat Pasisir

besut

Akeh manfaat pasisir kanggo kauripan manungsa, mligi ing laladan tropis pasisir digunaake déning manungsa kanggo akèh hal, ing antarané:

  1. Objek pariwisata
  2. Laladan pertanian pasang surut
  3. Areal tambak uyah
  4. Wewengkon kebon kelapa lan gedhang
  5. Laladan pangembangan indhustri kerajinan rakyat kang duwé corak khas laladan pasisir, lan liya-liyané.[1]

Pasisir uga duwé ékosistem, ékosistem pasisir yaiku ékosistem kang ana ing wewengkon wates watara sagara lan dharatan, sajeroning ékosistem pasisir ana komponèn biotik lan komponèn abiotik.[1] Komponèn biotik pasisir kasusun saka wit-witan lan kéwan kag urip ing laladan pasisir, minangka komponèn abiotik pasisir ing antarané gelombang, arus, angin, wedhi, watu lan liya-liyané. Alas Mangrove (alas bakau) yaiku tuladha ékosistem ing laladan pasisir. Ing laladan alas mangrove urip warna-warna jinis kéwan kaya ta munyuk, yuyu, ula lan urang. Alas mangrove bisa nahan abrasi banyu sagara.[1]

Cathetan sikil

besut