Pedati Gedé Pekalangan

Pedati Gedé Pekalangan kuwen pedati historis kang disimpen ning Kalurahan Pekalangan, Kota Cirebon. Ning taun 1480, pedati kiyen dinggo ngangkud bahan-bahan bangunané Masjid Sang Cipta Rasa. Pedati kiyen dinggo ning jamané Sunan Gunung Jati lan diyakini ilok dinggo karo dhèwèké.

Pedati kiyen digawé sing kayu jati, dawaé 8,60 m, ambaé 2,60 m, duwuré 3,50 m, lan cacah rodaé 8 biji. Pedati Gedé kiyen digawé nganggo sistem bongkar-pasang lan ditarik karo sato kebo. Ning pedati kiyen, ana gena kanggo sais lan penumpang, toli ana rerenggan sato manuk hong lan banaspati.

Panyimpenané pedati gedé Pekalangan sekiyen didadinang situs sajarah lan jujugan plesiran karo pemeréntah Kota Cirebon. Rupa pedati iki masih bagus sanajan ilok keobongan.

Pedati gedé kuwen duwéé Pangéran Cakrabuana, anak putera Prabu Siliwangi, sekien dadi situs wisata sajarah kang ana ning dalan Pekalangan Kidul Kota Cirebon kang masih terus ditekani wisatawan sing kutha-kutha séjén.

Miturut Kuncen Situs Pedati Gede Pekalangan, Taryi, umur Pedati Gede Pekalangan kurang-lewih 700 taun lan ngerupiaken pedati kang paling gedé sedunia karo 12 pasang roda, Nanging sekiyen kang kepasang ana 4 pasang roda amarga roda kang séjéné keobong lan beli bisa dirakit.

Déwéké nuturnang Pedati Gede Pekalangan bengéné dienggo karo para wali kanggo nyebarnang agama Islam ning Pulau Jawa awit sing pasisir Jakarta nganti Surabaya. Lan pedati iku toli dienggo kanggo ngangkud bahan material Masjid Agung Sang Cipta Rasa kang diwangun karo para wali mung sebengi baé.

Wisata sajarah Pedati Gedé Pekalangan

besut

Rupa Pedati Gedé kang kerawat bersih, lan dijaga karo bu Taryi gawé pedati kien dadi objek wisata sajarah. Minangka dadi pérangan karo sajarah Kraton Kasepuhan, pihak kraton nunjuk bu Taryi kanggo ngerawat benda sajarah kuen. Sanajan genaé ning tengah kampung Pekalangan, jaré juru kuncié akèh wisatawan sing nekani. Cacahé wisatawan iku nganti atusan wong sewulané. Wisatawané kaen teka sing wewengkon doméstik lan mancanegara. Pedati Gedé Pekalangan kien duwé daya tarike déwék ya iku ilok dienggo kanggo ngerintis lan nyebaraken agama Islam ning wewengkon Cirebon lan sekubengané.

Tegesé tembung-tembung

besut
Cara Jawa Cerbonan Cara Indonésia
kuwen itu
ilok pernah
sing dari
sato hewan
gena papan
sais kusir
toli lalu
hong angsa
sekiyen sekarang
didadinang dijadikan
keobongan kebakaran

Rujukan

besut
  • "Situs Pedati Gede". Data Budaya. Dibukak ing 28 May 2016.[pranala mati permanèn]
  • "Mengunjungi Situs Pedati Gede Pekalangan Kota Cirebon". Wisata Sajarah. Bandung Bisnis. Diarsip saka sing asli ing 29 January 2016. Dibukak ing 11 June 2016.
  • "Pedati Gede Pekalangan Bukti Sajarah". Jurnal Cirebon Radio. Cirebon Radio. Dibukak ing 21 June 2016.[pranala mati permanèn]