Penyakit Huntington
Lelara Huntington, chorea Hunting utawi chore mairo inggih punika pényakit ingkang nyérang. éenyakit punika dipunsbéapakeé déning faktor gènètika, saéngga saged dipunwarisakén saking bapak ibu déning putranipun. Pényakit punika jangkiti kira-kira 1 saking 20.000 jiwa ing Èropa Barat lan 1 saking 30.000 ing Amèrika Sérikat [1](dipununduh Tanggal 14 Oktober 2012). Penyakit Huntington utawi huntington’s disease, pényakit dègénérasi sistém saraf, sipunsébapakén déning alel domina letal ingkang botén gadhah èfèk fènotipik ingkang gamblang. [2] Pényakit Huntington inggih punika gangguan dégénérasi saraf katurunan progrèsif ingkang dipuntandai déning gangguan èmosionalipun, tanduk, saha jiwanipun, kaicalan fungsi intéléktual utawi kognitif, saha kelainan obahan gangguan motorik, ugi dipuntepang dados koréa Hungtington, gangguan punika dipunnamani doktér Amèrika ingkang gambaraken kaanan ing taun 1872. Titikan klasik pényakit Huntington nyakup korèa sérta kaicalan tahap kamampuan pikir saha pasinaon dèmènsia, asilipun manawi wujud gangguan ing tahap kèmutan, mikir abstrak, lan aji. Pényakit punika dipunwarisakén ing kulawarga ingkang sipatipun dominan autosomal. Gangguan punika. Pényakit punika dipunwarisakén ing kulawarga dados sipat dominan automosal. Gangguan punika kédadosan dados asil sèkuèn abnormal dawa. Kode intruksi ing gèn kromosom sékawan. Kaucalan progrèsif fungsi sistem saraf gégayutan kaliyan kaucalan jaras ing panggènan katamtu ing polo, kagolong ganglia basal saha kortèks sèrèbri. [3](dipununduh Tanggal 14 Oktober 2012) pényakit Huntington (korèa Huntington) inggih punika pényakit katurunan ing pundi sentakan utawi kejang saha icalipun sèl-sèl polo kanthi bertahap wiwit yuswa tengah-tengah lan ngérémbag dados korèa.[4](dipununduh Tanggal 14 Oktober 2012).
Penyakit Huntington | |
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal | |
Gambar mikroskopik berduri neuron (kuning) dengan inklusi nuklir (oranye), yang terjadi sebagai pérangan dari prosès lelara, Lebar gambar 360 μm | |
ICD-10 | G10, ICD-10 Chapter F|F022 |
ICD-9 | 333.4, 294.1 |
OMIM | 143100 |
DiseasesDB | 6060 |
MeSH | D006816 |
Nami lelara punika dipunpendhet saking George Huntington ingkang tiyang kawiwitan ingkang njélèntrèhakè ing taun 1872. Gèn pényakit punika asifat dominan pramila putra-putri saking bapak-ibu ingkang ngalemi lelara punika gadhah peluang ingkang ageng gadhah lelaraHuntingto ya iku 50%[5]. Ngantos sakménika dèrnèg wonten jampinipun ingkang saged nyémbuhakén lelara punika, nanging namung wonten ngurangi tandha-tandha saha ngendaliaken subasita penderita.[5](dipununduh Tanggal 14 Oktober 2012).
Tandha-tandha
besutTandha-tandha lelara punika tukul ing saben yuswa, nanging rata-rata ing yuswa 35-44[1]. Ing stadium wiwit penderita badhé ngalemi memori miskin, nglampahi gerkan abnormal ingkang kanthi bertahap langkung gamblang pramila ngaruhi kagiyatan normal, kados ta mangan, ngagem rasukan saha linggah [5].
Tandha-tandha fisik
besut- Gerakan taksdar jari-jari, samparan, lan wajah.
- Kecanggungan
- botén gadhah kasaimbangan utawi koordinasi.
- Cadel pidato
- Ngépalakén rahang utawi gigi pengiling.
- angèl mangan.
- Stumbling utawi dawah.
Tandha-tandha mental
besut- Kasupen
- Ical konsèntrasi
- Penilaian ala
- Kangelan mendet kaputusan
- Kangelan ngemudi
Tandha-tandha Emosional
besut- Musuhan
- Kekirangan energy
- Minat urip
- Depresi
Ing perkembangan lelara punika saged munculaken halusinasi, tanpa alasan agresi, lan paranoia.
Cathetan suku
besut- ↑ a b http://www.scumdoctor.com/indonesia/disease-prevention/genetic-disorders/huntington-disease/Huntington-Disease-Facts.html
- ↑ >Campbell,Neil A,dkk."BIOLOGI Edisi Kedelapan Jilid 1".ISBN.Erlangga.Jakarta.(2008:300)
- ↑ http://kamuskeséhatan.com/arti/penyakit-huntington/[pranala mati permanèn]
- ↑ http://medicastore.com/penyakit/254/Penyakit_Huntington_korea_Huntington.html Archived 2018-04-28 at the Wayback Machine. dikertas
- ↑ a b c "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2018-04-28. Dibukak ing 2012-10-14.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)