Sesorah
Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana ya iku njlèntrèhaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akèh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku warna- warna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga warna- warna, ya iku: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté, tekan carané lumaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku njalari pidatoné ora kasil kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener., upamané: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yèn pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yèn pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwé kejut. Anggoné lumaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, ya iku: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan njlèntrèhaké utawa njabaraké kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakaké secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
- Uluk salam/ salam pembuka
- Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
- Surasane basa/ isiné pidhato
- Ringkesan isi pidhato
- Salam panutup
Tujuan Pidhato
besut1. Menehi Hiburan. Pidhato jinis iki ditindakaké ana ing acara pahargyan. Déné tujuané ya iku supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pemicara mung ngandharaké babagan kang gawé seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.
2. Menéhi Kawruh. Pidhato iki isiné ngandharake babagan kang sacetha-cethané, supaya pamireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto, mbandingaké, nerangaké, lan liya- liyané kang kabéh mau gunané kanggo njelasaké marang pemirengé.
3. Ajak- ajak. Pemicara ngandharaké alesan, bukti, lan conto supaya pamirengé gelem nindakaké kaya apa kang dikarepaké pemicara. Pidhato iki lumrahé jinis pidhato kampanye arep pemilhan umum.
Kaanan Pidato
besut1. Kaanan Resmi. Kanggo kaanan resmi, lumrahé pamicara maca naskah kang wis disiapaké supaya ora salah anggoné pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharaké pidhatoné sakarepé dhéwé amarga wektune wis diatur.
2. Kaanan Setengah Resmi. Pemicarané bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekaké.
3. Kaanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné miturut tujuan utawa pemirengé.
4. Kaanan Liya- liyané. Saliyané kaanan kang wis kaandhraké iku, isih ana kaanan kang uga duwé prabawa marang cara ngandharake pidhato, ya iku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune ésuk apa awan, anggoné pidhato dhéwé apa karo wong liya. Contone, yèn pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkt bae.
Pendekatan Isi Pidhato
besut1.Pendekatan Intelektual. Pendekatan iki digunakaké yèn pemirenge duwé pendidikan kang cukup.
2. Pendekatan Moral. Pendekatan iki digunakaké yèn pemirenge seneng mèlu kagiyatan moral, apa manèh moral keagamaan. Pemicara bisa nganggo kutipan ayat kitab suci utawa sumber liya kang cocog.
3. Pendekatan Emosional. Pendekatan émosional bisa kagunakake yèn pemirenge kurang pendidikan. Pemirenge kang kaya mangkono gampang anggoné nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula, kudu disenggl nganggo semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa liya- liyané kang bisa gawé gampang nampa isi pidhato iku. Pidhato mono bisa ditindakaké mawa teks, kang diarani metode membaca, bisa cara ngappalake teks, bisa sakcar ekstemporan ya iku ngapalake pérangan kang pokok banjur ngembangaké pangandikan nalika nglaksanakake pidhato. Ana uga cara impromtu, ya iku manawa pidhato sakcara ndadak utawa spontan, dadi ora ana persiapan. Saiki kang durung tampa giliran ngrungakake temenan. Gelem niteni lan migatekake basa kang becik. Dadi besuk tekan titi wancine diparingi giliran maju, pidhatomu:
- Isiné bisa nalar.
- Pamilihing tembung trep, ukara cetha, basane sreg, luwes, bener, becik.
- Anggoné medhar runtut sarta gembleng, yèn perlu wedharanmu metu kamoncerane utawa variasine.
- Lagak lageyan, obah owahing pasemon, tandang grayang, obahing peranganing badan liyané sarwa pantes, mrabawani, lan mranani.
- Aja lali: kedaling lesan kang mapan, pangucaping tetembungan kang bener, lagune wicara kang nemsemake.
[1].
Cathetan suku
besut- ↑ Kodhe basa ora trep. Yatmana, Sudi dkk. Kabèh Seneng Basa Jawa 2 SMA Kelas XI. ISBN 979-746-455-5. Yudhistira.Jakarta. (2005:4, 27, 74-76)