Pragmatik iku cabang ngèlmu basa ingkang nyinaoni makna – makna ékan lingual kanthi eksternal.[1] Ana manèh miturut Morris (1938) yaiku cabang semiotik kang nyinaoni rèlasi tanda lan tafsiranè[2]. Dadi pragmatik iku kalebu ngèlmu tanda utawa semiotik.[3] Miturut Leech (1983) ing njero bukunè kang judulè Principle of Pragmatics dhèwèkè nulis yèn pragmatik iku studi kang nyinaoni makna ujaran ing njeronè situasi–situasi tartamtu.[3] Pragmatik iku luwih menyang fungsionalisme tinimbang menyang formalisme[4]. Pragmatik béda karo semantik, manawa pragmatik nyinaoni maksudè ujaran nganggo ékan analisisè tindak tutur (speech act), manawa semantik makna ékan lingual (ukara lan tembung) nganggo ékan analisisè arti karo makna.[4]

Basa Jawa padha karo basa laladan liyanè ing nuswantara,mung duwè ciri khasè dhèwè - dhèwè. Basa iku mau pancèn sugih karo bahan - bahan sing ana sambunganè karo Pragmatik(Kaswanti Purwo, 1990). kaanan kaya mangkono, pragmatik iku kang paling pas kanggo ngajarkè Basa Jawa (Pacelathon).[5]

Kontèks lan kaanan tuturan

besut

Kontèks iku yaiku apa waè dadi sarana kang nggawè jelas maksud[3]. Yèn kaanan omongan yaiku kaanan kang nglairkè utawa dadi metu omongan.[3]

Wujud tuturan

besut
  1. Lokusi
    yaiku tuturan kanggo nyatakaké sawijining barang.
  2. Ilokusi
    yaiku kanggo ngomongaké utawa nginformasèkaké, uga dienggo nglakokaké sawijining barang.
  3. Perlokusi
    yaiku tuturan kang diomongaké wong kadhang bisa nggawé prabawa , utawa èfèk sing ngrungokaké.[2]

Cathetan suku

besut
  1. Chaer, Abdul.1994.Linguistik Umum.Jakarta : Rineka Cipta
  2. a b Wijana, D.P.. 1996. Dasar – Dasar Pragmatik. Yogyakarta: ANDI Yogyakarta
  3. a b c d Rustono. 1999. Pokok–Pokok Pragmatik. Semarang : CV. IKIP Semarang Press
  4. a b yswan.staff.uns.ac.id
  5. staff.ui.ac.id staff.ui.ac.id[pranala mati permanèn]