Praja Cihna inggih menika simbul resmi Kasultanan Ngayogyakarta utawi Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Praja Cihna menika dipunagem wonten ing layang resmi ingkang dipunwedalaken déning Karaton utawi wonten yasan gadhahanipun Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Sajarah besut

Nalika bangsa Walandi taksih gadhah kuwasa ing tlatah Ngayogyakarta mliginipun ing Indhi-Walandi, simbul Karaton Ngayogyakarta taksih awujud makutha Karajan Walandi. Makutha menika dipun ginakaken wiwit jaman Sultan Hamengkubuwana I dumugi Sultan Hamengkubuwana VII. Simbulipun awujud makutha menika dados unsur hias saha dumunung wonten pérabot-pérabot gadhahanipun Keraton. Menawi dipuntingali kanthi tliti, simbul Karaton sadèrèngipun jaman Hamengkubuwana VIII kados lambang bangsa Walandi. Wonten kéwan arupi singa ing sakiwa tengenipun makutha dados pralambang bilih Keraton Ngayogyakarta taksih wonten hubungan kaliyan bangsa Walandi.

Wiwit warsa 1921 utawi jaman Sultan Hamengkubuwana VIII, wonten pamanggih supados Karaton damel simbulipun piyambak. Simbul menika kedah dados pralambang saha gegayuhaning warga Ngayogyakarta. Simbul Karaton Ngayogyakarta lajeng dipungantos, sampun boten awujud makutha kados lambang bangsa Walandi. Lambang resmi Keraton Ngayogyakarta lajeng kaparingan asma Praja Cihna. Praja Cihna menika dipundamel déning Kanjeng Sultan Hamengkubuwana VIII kaliyan mantu dalem ingkang asma KRT Yasadipura[1].

Pérangan besut

Praja Cihna dipunagem dados hiasan wonten yasan salebeting Keraton punapa déné bangunan Kagungan Dalem. Kajawi punika, Praja Cihna uga dipunginakaken dados kop resmi layang saking Keraton Ngayogyakarta saha dipun agem wonten medali penghargaan. Pérangan wonten ing Praja Cihna ing antawisipun :

Songkok besut

Makutha utawi samubarang ingkang kagem panutup mustaka paring pituduh bilih Raja menika gadhah watak kados déné satriya.

Sumping besut

Sumping menika sesupé ingkang dipunagem wonten talingan. Wondéné giwang wujudipun kados sekar srengéngé ingkang dados pralambang kagesangan. Ron Kluwih dados pralambang kaluwihan. Saha Makara dados pralambang kaslametanipun Keraton.

Praba besut

Praba utawi cloroting cahya dados pralambang pribadi ingkang saged damel luhuring ajinipun Jawa Mataram.

Lar besut

Lar awujud swiwinipun peksi menika dados pralampita gegayuhan ingkang badhe dipungayuh sanginggiling angkasa.

Tamèng besut

Tamang utawi Tamèng inggih menika salah sawijining gada ingkang dipunagem nalika perang. Warni abrit dados pralampita kawantunan tanpa nilaraken kawaspadan kagem mbela gegayuhan kang leres.

Seratan Ha Ba besut

Aksara Jawa ‘Ha’ lan ‘Ba’ minangka pralampita Kanjeng Sultan ingkang nembe jumeneng wonten Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Hamengkubuwana menika minangka simboling pangajab bilih Kanjeng Sultan sageda tansah paring pangayoman, kamakmuran, katentreman warga Ngayogyakarta. Wondéné warni jené dados pralampita raos ingkang agung.

Kembang utawa Sekar Padma besut

Sekar Padma ingkang dumunung wonten sanginggilipun toya dados pralampita bilih pagesangan wonten alam donya menika dados dhasar anggenipun samangke gesang ing alam akhérat.

Sulur besut

Sulur menika dados pralampita bilih pagesangan samangké badhe lumampah kanthi kalajengan kados gesangipun tanduran sulur ingkang mrambat.

Cihnaning Pribadhi besut

Kejawi Praja Cihna, Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat ugi gadhah Cihnaning Pribadi. Cihnaning Pribadi inggih menika lambang pribadhi gadhahanipun Kanjeng Sultan ingkang nembe jumeneng. Wujudipun Cihnaning Pribadi menika sami kaliyan Praja Cihna, ingkang damel béda namung aksara Murda wonten ing sangandhapipun Lar. Aksara Murda menika paring pituduh Kanjeng Sultan ingkang nembé jumeneng. Cihnaning Pribadhi menika saged dipunpriksani wonten perabot-perabot Kagungan Dalem, utawi dipunpriksani wonten layang undhangan pawiwahan ageng para putra-putri Dalem[2].

Nalika warsa 2018, Gusti Kanjeng Ratu Hayu minangka putra dalem Sultan Hamengkubuwana X ingkang kaping sekawan paring pangandikan babagan Cihnaning Pribadhi lumantar jagad Twitter. Panjenenganipun ngandharaken bilih Cihnaning Pribadhi menika sajaosipun boten pareng dipunagem kaliyan tiyang sasanèsipun Sultan ingkang jumeneng nata. Gusti Hayu ngendika dhumateng sedaya prodhusèn kaos utawi cinderamata supados ningali malih dagangan ingkang dipunsadé. Gusti Hayu ugi nyuwun tulung dhumateng sinten kémawon ingkang nyadé Cihnaning Pribadhi supados boten dipunowahi manut seléraning piyambak-piyambak. Supados agung saha ajinipun lambang Praja Cihna utawi Cihnaning Pribadhi menika saged tansah lestantun[3].

Rèferènsi besut

  1. admin (2015-09-02). "Lambang Kraton Yogyakarta". Ullen Sentalu (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2019-11-13.
  2. "Lambang | Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat - Kraton Jogja". www.kratonjogja.id. Diarsip saka sing asli ing 2019-03-28. Dibukak ing 2019-11-13.
  3. Ratnasari, Elise Dwi. "Putri Sultan HB X Kritik Pemakaian Logo Keraton di Kaus". gaya hidup (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-11-13.