Prasada Kataragama

Prasada Kataragama (Sinhala: රුහුණු කතරගම දේවාලය, diéja: 'Ruhuṇu Kataragama Dēvālaya', Tamil: கதிர்காமம் முருகன் கோயில், diéja: 'Katirkāmam Murugan Kōvil') kang mapan ing Kataragama, Sri Lanka, ya iku komplèks papan ngibadah kang diyasa kanggo muja pangreksa agama Buda aran Kataragama deviyo lan déwa perang agama Hindhu aran Déwa Murugan. Prasada iki minangka salah sawijining papan ngibadah kang diajèni déning pirang-pirang agama ing Sri Lanka, ya iku diajèni déning para pangenut agama Buda, Hindhu, Islam, lan Vedda.[1] Ing jaman biyèn, dalan menyang prasada iki angèl kanggo diaksès, ananging saiki wis bisa diaksès kanthi gampang. Wihara kang aran Kiri Vehera dirumat déning umat Buda, déné candhi kang muja Teyvāṉai lan Siwa iku dirumat déning umat Hindhu, lan mesjid diupakara déning umat Islam.

Kataragama temple
කතරගම
கதிர்காமம்
Ruhunu Maha Kataragama devalaya in Sinhala
Kathirgamam Murugan Kovil in Tamil
Maha Devale utawa Kuwil Murugan
Informasi umum
PrenahKataragama
Koordhinat géografi6°25′N 81°20′E / 6.417°N 81.333°E / 6.417; 81.333Koordhinat: 6°25′N 81°20′E / 6.417°N 81.333°E / 6.417; 81.333
Afiliasi agamaHinduism
DéwaDéwa Murugan
ProvinsiProvinsi Uva, Sri Lanka
NagaraSri Lanka
Deskripsi arsitektur
Taun rampungKira-kira antarané taun 1100 nganti abad ka-15

Prasada iki wus narik kawigatèné para umat Hindhu Tamil saka Sri Lanka lan Indhia Kidul kanggo jiyarah ing papan ngibadah iki. Wiwit abad ka-20, sana iki uga ngundhakaké kawigatèné umat Buda Sinhala kanggo marani papan iki.[2]

Para pandhita ing prasada iki kaloka minangka aran Kapuralas lan pinercaya minangka turunané wong-wong Veddas. Wong-wong Veddas uga ngakoni ing sapérangan prasada iki minangka papan suci tumrap golongané. Ing prenah liya saka papan iki uga ana sawijining masjid lan sawetara pasaréané para Muslim minulya. Wondéné ing papan sisih kang liya uga ana candhi Hindhu utawa pura kang mligi muja Déwa Murugan.

Carita Hindhu

besut

Miturut sawenèh tèks Hindhu lan Buda, prasada utama iku winujud kanggo muja Kartikeya, déné ing sumber-sumber Tamil misuwur aran Murugan. Kartikeya uga kawéntar aran Kumara, Skanda, Saravanabhava, Visakha utawa Mahasena ya iku minangka pandhéganing prajurit Déwa Suwarga.[3] Ing pungkasané abad SM Karajan Kushan lan Yaudheya tau nduwèni dhuwit cring agambar rupa wujuding déwa iku mau. Misuwuring déwa iku wiwit luntur ing laladan Indhia Lor, nanging panggah lestari ing Indhia Kidul. Ing laladan Indhia Kidul, déwa iku mau misuwur minangka Subrahmaniya banjur gabung kalawan déwa lokal liyané lan pungkasané misuwur ana satengahing brayat Tamil minangka Murugan.[4]

Carita Islam

besut

Carita Islam kang nyritakaké babagan Kataragama iku itungané isih anyar. Muslim Kataragama padha percaya manawa Kataragama iku minangka al-Khidr utawa bumi palemahané Khidr.[5] Sawetara muslim kang salèh iku asalé saka Indhia kang nuli mapan ana sakiwa-tengené Kataragama. Déné muslim kang misuwur ya iku Hayathu, omahé kang prasaja iku kang sabanjuré dadi mesjid. Saliyané iku, uga nemokaké sumberan aran Karima Nabi kang pinercaya nalika diombé bisa nuwuhaké kalanggengan.[1] Pangarsa liyané aran Jabbar Ali Sha (tutup yuswa taun 1872) lan Meer Syed Mohhamed Alisha Bawa (tutup yuswa taun 1945) iku uga dibangunaké mausoleum ana sandhuwuré pasaréané.[1]

Pahargyan

besut

Pahargyan lan ritual padinan ing prasada iki ora padha karo salumrahé ritual Hindhu utawa Buda, ananging ngenut tata cara ngibadah Vedda kuna. Ritual asli kang diduwèni para pandhita pribumi isih lestari, sanajan ta kawit abad madya umat Hindhu, Buda, lan uga Islam wis padha nganyari papan prasada, déwa, lan uga tata cara ngibadahé ing prasada iki.[1] Pahargyan gedhèn kang kondhang diarani Esela Perehara iku kagelar ing antarané sasi Juli lan Agustus. Udakara 45 dina sadurungé pagelaran iku diwiwiti, para pandhita mangkat menyang alas kanggo golèk rong cawang saka pang uwit kang dèn-sucèkaké. Nuli cawang-cawang iku mau dicelupaké kali kang ana sakiwa-tengené lan disimpen ing jeron prasada minangka sesajèn kanggo Kataragama deviyo lan Vali. Nalikané pahargyan utama kawiwitan, Yantra kang mracihnani déwa dijupuk saka papan panyimpenané, banjur diarak kanthi ditunggangaké gajah, lan digawa menyang prasada Valli. Let rong jam sawisé iku, banjur dibalèkaké manèh. Ing dina pungkasané pahargyan, Yantra diinepaké sewengi ing prasada Valli banjur digawa menyang prasada utama. Para pandhita nindakaké ritual ana sajroning swasana kang sunya lan tutuké ditutupi nganggo kain putih. Déné pahargyan utama ya iku lumaku arak-arakan nggawa geni kang dipimpin déning pangarsa pahargyan. Cacah atusan umat padha mèlu ngarak geni, wondéné ana Kavadi ya iku umat kang mèlu mahargya kanthi jejogèdan lan nindhik awak. Uga para wong kang mèlu jiyarah wiwit ngétokaké tandha-tandha kasurupan.[1][6]

Pasulayan Hindhu lan Buda

besut

Sri Lanka nduwèni sajarah pasulayan antarané minoritas Hindhu Tamil lan mayoritas umat Buda kawit awal kamardikané saka Inggris ing taun 1948. Paul Wirz ing taun 1930-an tau nulis pasulayan antarané Hindhu Tamil lan Buda babagan rerebutan papan lan tata cara ngibadah ing Kataragama. Ing sawetara pungkasaning kalamangsa iki, mayoritas wong kang jiyarah ya iku wong-wong Hindhu saka Sri Lanka lan Indhia Kidul kang padha nindakaké jiyarah abot kalawan lumaku sarana sikil.[6] Ing kalamangsa kang nyeraki taun 1940, dalan-dalan dibangun lan samsaya akèh umat Buda Sinhala kang padha nindakaké jiyarah.[5][7] Prastawa iki kang ngundhakaké pasulayan antarané umat Hindhu lan Buda kang padha rerebutan papan lan tata cara ngibadah kang dipigunakaké.[7] Pamaréntah nengahi pasulayan iku kanthi mengku parumatan komplèks parisada, banjur dibangun Kiri Vehera kanggo umat Buda. Nanging ing taun 1940-an pambangunan iki diprotès, utamané jalaran diwatesiné Hindhu Tamil anggoné ngibadah ing prasada.[8][9]

Ritual Hindhu Tamil ing Kataragama kaya ta arak-arakan geni, jejogèdan Kavadi lan tindhik awak iku diadhaptasi déning umat Buda kang banjur sumebar menyang sakabèhané pulo.[1] Umat Buda kang padha ngejègi prasada lan ritual iku wis mrabawani dhasar pamikiraning Buda Theravada kang ditindakaké ing Sri Lanka. Kaanan iku kang sabanjuré nglunturaké budaya muja déwa kang wis suwé ditindakaké déning umat Hindhu ing Sri Lanka lan Indhia Kidul. Ilangé prabawaning Hindhu ing jeron komplèks prasada iku nuwuhaké dhampak ala kanggoné masarakat Hindhu Tamil ing Sri Lanka.[10] Miturut Paul Younger, ana dhesekan pulitik lan agama kang kuwat kanggo nganyari ritual prasada amrih trep kalawan pandengan jagating Buda Theravada kang ortodoks.[1]

Rujukan

besut
  1. a b c d e f g Younger, Paul. (2002). Playing host to deity : festival religion in the South Indian tradition. New York: Oxford University Press. ISBN 0-19-514044-3. OCLC 44117839.
  2. Trainor, Kevin. (2004). Buddhism : the illustrated guide. New York: Oxford University Press. ISBN 0-19-517398-8. OCLC 55703364.
  3. Bhagavad Gita. kc. 20.
  4. Womack, Mari. (2005). Symbols and meaning : a concise introduction. Walnut Creek, CA: Altamira Press. ISBN 0-7591-0321-6. OCLC 56599633.
  5. a b Davidson, Linda Kay. (2002). Pilgrimage : from the Ganges to Graceland : an encyclopedia. Santa Barbara, Calif.: ABC-CLIO. ISBN 1-57607-543-5. OCLC 52500776.
  6. a b Raj, Selva J.; Harman, William P., 1946- (2006). Dealing with deities : the ritual vow in South Asia. Albany: State University of New York Press. ISBN 1-4237-8007-8. OCLC 70182922.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  7. a b Gombrich, Richard Francis. (1990). Buddhism transformed : religious change in Sri Lanka. Delhi: Motilal Banarsidass. ISBN 81-208-0702-2. OCLC 25079945.
  8. Ramachandran, Nirmala. (2004). The Hindu legacy to Sri Lanka. Pannipitiya, Sri Lanka: Stamford Lake (Pvt.) Ltd. ISBN 955-8733-97-0. OCLC 60391883.
  9. Hasbullah, S. H.; Morrison, Barrie M. (2004). Sri Lankan society in an era of globalization : struggling to create a new social order. New Delhi: Sage Publications. ISBN 978-81-321-0320-2. OCLC 593196073.
  10. Tambiah, Stanley Jeyaraja, 1929-2014. (1986). Sri Lanka : ethnic fratricide and the dismantling of democracy. London: Tauris. ISBN 1-85043-026-8. OCLC 13218651.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)