Pustaha (pus·ta·ha) punika satunggaling buku utawi layang ulem utawi kitab kuna[1] ing budaya Batak ingkang isinipun cathetan pangobatan tradhisional, usada tradhisional, ngèlmu-ngèlmu gaib, katrangan babagan cara nulak prakara-prakara kang awon (poda), mantra, ramalan-ramalan ingkang saé utawi ingkang awon, ugi ramalan mimpi. Buku punika limrahipun dipunserat nganggé aksara Batak. Dipuntingali blegeripun, pustaha kapérang saking lampak (sampul) lan laklak (kulit kayu minangka medhia panyeratan.[2] Samak buku punika asring dipunparingi pamanis kanthi motif Ilik, satunggalipun kéwan kadal ingkang dados pralambanging déwa Boraspati ni Tano.

pustaha ing Tropenmuséum Amsterdam
Koleksi Pustaha / Laklak ing Perpustakaan Nasional Indonesia, Jl. Medan Merdeka Selatan, Jakarta

Ilmu kawruh ingkang kaserat ing salebetipun pustaha dipunperang dados tigang pérangan, inggih punika ngèlmu ingkang sesambetan kaliyan pagesangan (nyambung pagesangan), ngèlmu ingkang sesambetan kaliyan pangrisaking gesang lan ngèlmu nujum. Pustaha dipun-ginakaken déning satunggalipun tiyang ingkang ajejuluk "datu" utawi satunggaling murid ingkang taksih sinau supados dados datu. Pustaha limrahipun dipundamel saking kajeng utawi kulit kajeng alim (Aquilaria malaccensis) ingkang dipunonceki. Panjangipun kulit kajeng punika saged ngantos pitung mèter lan wiyaripun 60 cm.[2] Sanajan makaten, satunggal pustaha ingkang dipunsimpen ing pabukon Universitas Leiden gadhah panjang langkung saking 15 mèter.[2] Sasanesipun kadamel saking kajeng, wonten ugi pustaha ingkang dipundamel saking pring utawi piranti sanèsipun.

Eksemplar

besut

Wonten sapérangan Pustaha ingkang dipunsimpen:

Cathetan suku

besut
  1. Arti kata pustaha dan Definisi dari kata pustaha:[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 6 Maret 2013)
  2. a b c Kozok, Uli. 2009. Surat Batak. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia.