Resi Kowara
Resi Kowara (Resi War) iku pandhita wuta, ramane Bambang Surawan. Garwane jeneng Endhang Aristi, uga wuta. Nadyan kekarone wuta, nanging Bambang Surawan ora wuta.
Bambang Surawan bekti banget marang wong tuwane sakloron. Lunga menyang ngendi wae, wong tuwane mesthi digawa, kanthi cara dipikul. Yen ing sawijining papan, entuk pangan, gage diaturake marang ibu bapake. Sawise wong tuwane dhahar, turahane dipangan Bambang Surawan.
Sawijining dina, Resi War ngrasakake ngelak banget. Ing mangka pasedhiyan banyu ing impes (wadhah banyu saka kulit) wis entek. Bambang Surawan gage menyang sendhang, nedya ngupaya banyu.
Nganti sawetara Bambang Surawan ora enggal bali. Batine Resi Kowara wiwit tuwuh rasa was sumelang. Jebul bener pituture para pinisepuh kae: aja dhemen was-was, mundhak nemahi tiwas. Bambang Surawan bali wis wujud layon. Dipanggul dening ratu mudha saka negara Ayodya kang jejuluke Prabu Dasarata. Digawa ngadhep Resi Kowara kang pinuju lenggah ing sangisore wit ringin, cecaketan klawan garwane.
"Iki lha kok ana kumleseting janma, apa kowe Surawan?" pitakone Resi Kowara.
Prabu Dasarata ora wangsulan. Impes isi banyu diwenehake marang Resi Kowara. Nilik carane masrahake impes banyu kang bedha, Sang Resi wis bisa anggrahita yen wong kang ana ngarepe iku dudu putrane.
"Kowe sapa? Enggal ngakua. Anakku Surawan ana ngendi?" pitakone Resi Kowara.
Prabu Dasarata banjur nyritakake lelakon kang mentas dumadi. Sang Prabu pinuju bedhag pikat. Saka kadohan mireng swarane gajah lagi ngombe ing sendhang. Nuli dilepasi jemparing. Nanging sing dikira gajah lagi ngombe iku jebul Bambang Surawan.
"Apa lupute anakku kok nganti kowe tega mateni anakku? Yen ngono, patenana sisan aku iki. Kaya wis ora ana gunane aku urip ing jagad iki." ngendikane Resi Kowara.
"Sang Resi, aku ora njarag mateni. Kanggo nebus kaluputanku, nyawane putramu bakal dakijoli nganggo wilanganing arta lan mas picis rajabrana."
Resi Kowara sanalika duka yayah sinipi, "Apa?! Nyawane anakku bakal kokijoli nganggo petungane dhuwit lan mas-masan?! Pancen landhep dhengkul perasaanmu! Kowe ayake ora bisa ngrasakake rumaketing tali katresnan antarane wong tuwa marang anake. Yen supaya kowe bisa ngrasakake, kudu ngalami dhewe. Muga-muga kowe besuk ngalami kaya sing dakrasakake iki. Lara atimu, sewu susah dadi siji, amarga ditinggalake anak sing dadi gegantilaning atimu. Kang wasanane dadi jalaran pêcating nyawamu!"
Sawise purna pangandikane, Resi Kowara lan garwane seda bebarengan.
"Dhuh Sang Resi, jabelen pangandikamu kuwi..." panyuwune Prabu Dasarata.
Panyuwunan sing tanpa guna, awit Resi Kowara wis seda bebarengan karo garwane.