Sīma
Sīma uga tinulis sima (Sangsekerta: सीमन्, salin aksara sīman, lit. 'wates, rangkah'[1]) iku laladan kang diluwaraké saka pajeg ing papréntahan jaman Jawa Kuna. Laladan iku adaté diwènèhaké déning ratu kanggo punggawané utawa rakyaté kang ana lelabuhané (jasané) marang praja, utawa kanggo ngadegaké yasan suci.[2]
Akèh prasasti ing jaman Jawa Kuna kang ngukuhaké siji palemahan minangka sima, contoné watu tulis Mantyasih saka jaman Rakai Watukura Dyah Balitung. Isiné ngukuhaké supaya Désa Mantyasih luwar saka jejibahan mbayar pajeg. Ana akèh sabab siji panggonan ginawé sima, contoné ya iku ana darma bekti marang ratu kang pinuju kuwasa lan ana panggonan kanggo memuja déwa-déwi.
Réferènsi
besut- ↑ Zoetmulder 1982.
- ↑ Nastiti 2003, kc. 181.
Pratélan pustaka
besut- Nastiti, Titi Surti (2003). Pasar di Jawa pada Masa Mataram Kuna Abad VIII-XI Masehi. Jakarta: Pustaka Jaya. ISBN 9794193135.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Zoetmulder, P.J. (1982). Old Javanese-English Dictionary.
{{cite encyclopedia}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)