Tuduhaké menu pokok

Seminari iku papan pendhidhikan kanggo calon rohaniwan Kristiani, kalebu Kristen sing ndhidhik pendeta utawa Katulik sing ndhidhik romo. Seminari asalé saka tembung Seminarium saka basa Latin sing kawangun saka tembung dhasar semen, kang ateges winih. Mila, Seminari ateges papan pawinihan. Maksudé, winih panggilan rohani sing ana ing siji wong, diuripaké kanthi pendhidhikan ing Seminari. Ing Gréja Katulik ana tataran Seminari Menengah (satingkat SMA) lan Seminari Tinggi (satingkat perguruan tinggi). Seminari wujud sekolah-sekolah sing dianakaké déning pihak Kristen (Katulik, Ortodoks uga Protèstan) sarta Yahudi kanggo ndhidik calon pamimpin agamané. Sekolah-sekolah iki sok-sok karan uga sekolah teologi. Sekolah Alkitab menèhi pendhidhikan mèh sarupa, nanging orièntasi pendhidhikané racaké evangelikal utawa fundamentalis.

Gelar akadhemikBesut

Gelar akadhemik saka seminari-seminari Katulik Roma racaké diwènèhaké déning siji Univèrsitas Kepausan, sauntara ing kalangan seminari Protèstan ing Indonésia, kaya déné ing sekolah-sekolah umum liyané, pamènèhan gelar akadhemiké diatur déning Departemen Pendidikan Nasional.

PakaryanBesut

Sanadyan tujuan utama seminari ya iku nyiapaké lan nglengkapi mahasiswané kanggo pelayanan kaagamaan ing gréja utawa sinagoga, ana uga wong-wong sing sinau mung amarga péngin lewih nyinaoni kawruh kaagamaané utawa njerokaké kauripan spiritualé. Lulusan seminari ana uga sing makarya ing babagan-babagan liya ing sanjabaning pelayanan ing gréja utawa sinagoga, kaya ta upamané minangka pekerja sosial, guru, lan liya-liyané.

Program pendhidhikanBesut

Ngèlingi tujuan pendhidhikan siji seminari ya iku nyiapaké siji wong kanggo nglakoni pelayanan kaagamaan, mula program pendhidhikané racaké dipusataké ing patang babagan, ya iku: pembinaan kepribadian, pembinaan spiritual, pembinaan akadhemik, lan pembinaan pastoral.

Pembinaan kepribadian dimaksudaké kanggo nyiptakaké pribadi pelayan babagan kaagamaan sing mateng saka segi émosional, jasmani, lan rohani.

Pembinaan spiritual dilakoni kanthi mbiasakaké peserta dhidhik ngembangaké kauripan karohaniané kanthi manéka latihan spiritual (donga, retrèt, medhitasi, lsp.)

Pembinaan akadhemik diantuki kanthi panyerakan èlmiyah marang manéka segi èlmu téologi. Peserta dhidhik sinau ngenani perkembangan èlmu téologi saka abad-abad pisanan tekan jaman sing mutakhir. Murid-murid mau uga sinau manéka studi téologi sing tumuwuh ing manéka papan ing donya, kalebu sajeroning kontèks studiné dhéwé. Pembinaan akadhemik iki sing dadi fokus utama pendhidhikan ing seminari sing wis mesthi murid-murid utawa seminaris diwekeli mawa pendhidhikan filsafat minangka pelayan teologi. Pambinaan pastoral dimaksudaké kanggo nyiapaké peserta dhidhik kanthi kelantipan panggembalaan sing dibutuhaké déning siji rohaniwan/wati. Manéka seminari mbekeli mahasiswa-mahasiswiné mawa kelantipan sajeroning mahami manungsa minangka pribadi (liwat èlmu psikologi) lan manungsa sajeroning lingkungané (liwat èlmu sosiologi-antropologi).