Serat Ramayana punika basanipun Jawi-Kuna, tur mawi sekar Para sarjana bangsa Walandi wonten ing ngudi, kadosta Dr. W. F. Stutterheim (Die Rama-Legenden) lan sanès-sanèsipun; saling ngrembag bab enèm-sepuhipun serat wau. Kados badhé kepanjangen saumpami kula pratelakna sedaya, setunggal-setunggaling pamanggih wau. Ing ngriki namung badhe kula aturaken  bilih pinanggihing pamariksa, serat Ramayana punika kinten-kinten kadamel kala salebeting jumenengipun Prabu Dyah Balitung, Ratu Binatara ingkang ngawasani tanah Jawi Tengah saha Wétan. Ana ing Negeri Mataram, kirang langkung taun 820-832 Caka. Pamariksa punika kejawi alalandhesan tatandhinganing basa ugi mawi landhesan sarana katandhing kaliyan seratan sela saha tembagi, ingkang pinanggih wonten ing tanah Jawa.

Menggah cariyosipun serat Ramayana Jawi Kina punika anggelaraken lalampahanipun prabu Rama, kados déné serat Ramayana basa Sanskerta damelanipun Walmiki ingkang sampun katuraken ing ngajeng. Ewa samanten wonten bèntenipun. Ing Ramayana Sanskerta, sang Sita sasampunipun kondur dhateng Ayodya, lajeng pepisahan kaliyan sang Rama. Ing serat Ramayana Jawi Kina sang Sita lajeng terus kempal malih kaliyan Rama.[1]

Rujukan

besut
  1. Poerbatjaraka (1954). Kapustakan Jawi. Jakarta. kc. 2.