Skala Richter utawa SR didhèfinisikaké minangka logaritma (basis 10) saka amplitudo maksimum, kang diukur sajeroning ékan mikrometer, saka rekaman lindhu déning instrumèn pangukur lindhu (seismometer) Wood-Anderson, ing let 100 km saka pusat lindhuné. Minangka conto, upamané awaké dhéwé duwé rekaman lindhu (seismogram) saka seismometer kang kapasang adohé 100 km saka pusat lindhuné, amplitudo maksimumé 1 mm, mula kekuwatan lindhu mau ya iku log (10 pangkat 3 mikrometer) padha karo 3,0 skala Richter. Skala iki diusulaké déning fisikawan Charles Richter.

Pangètungan matématis skala Richter

Kanggo nggampangaké wong sajeroning nemtokaké skala Richter iki, tanpa liwat pangètungan matématis kang rumit, mula digawé tabèl prasaja kaya déné gambar ing sisih tengen iki. Parameter kang kudu dikawruhi ya iku amplitudo maksimum kang karekam déning seismometer (sajeroning milimeter) lan béda wektu tempuh antarané gelombang-P lan gelombang-S (sajeroning detik) utawa let antarané seismometer karo pusat lindhu (sajeroning kilomèter). Sajeroning gambar ing sisih tengen iki contoné sawijining seismogram duwé amplitudo maksimum gedhéné 23 milimeter lan let antarané gelombang P lan gelombang S iku 24 detik mula kanthi narik garis saka titik 24 dt ing sisih kiwa nuju titik 23 mm ing sisih tengen mula garis mau bakal motong skala 5,0. Dadi skala lindhu mau gedhéné 5,0 skala Richter.

Skala Richter awalé mung digawé kanggo lindhu-lindhu kang dumadi ing laladan California Kidul waé. Nanging sajeroning perkembangané skala iki akèh diadhopsi kanggo lindhu-lindhu kang dumadi ing papan liyané.

Skala Richter iki mung cocog dipigunakaké kanggo lindhu-lindhu kang cerak karo magnitudo lindhu sangisoré 6,0. Sadhuwuré magnitudo iku, pangètungan mawa tèknik Richter iki dadi ora répresentatif manèh.

Perlu dièlingi yèn pangètungan magnitudo lindhu ora mung migunakaké tèknik Richter kaya iki. Kadhangkala dumadi kasalahpahaman sajeroning pawarta ing medhia ngenani magnitudo lindhu iki amarga metode kang dipigunakaé sok ora disebutaké sajeroning pawarta ing medhia, saéngga bisa dadi antarané instansi siji karo instansi liyané ngetokaké gedhé magnitudo kang ora padha.

Pirsani uga

besut

Pranala njaba

besut