Soetarno Dwijonagoro
Soetarno Dwijonagoro, Prof. Dr. KRHT. H. Lair ing Surakarta, 7 Maret 1944, agamané islam. Lulus SD taun 1957, STN ( Sekolah Teknik Negerti ) 1960, karoné dirampungké ing Sukoharjo. Banjur nglanjutké menyang KONSERVATORI (1964) nuli ASKI (STSI saiki) (1974) Solo. S2 lan S3 Bidang Etnologi Seni digayuh ing Uniersitas Paris VII, Sorbone, Paris, yaiku 1976 LAN 1977. Saiki dipercaya dadi Ketua STSI ( Sekolah Tinggi Seni Indonesia) Surakarta. Saliyané iku, dhèwèkè uga dadi anggota Governing Board ping SEAMC (South East Asian Ministers of Education Organization) Regional Venter for Achaeology and Fine Arts (SPAFA) kang manggon ing Bangkok (2004-saiki) lan tau dadi anggota Konsorsium Disiplin Ilmu Seni Direktirat Jendral Pendidikan Tinggi Departemen Pendidikan Nasional (2001-2003)[1]
Riwayat Pendidikan
besutKauripan
besutYèn ora matu, ora bakal ketemu. Andharan Jawa iki kétoké awèh panggugah marang Soetarso cilik ing ndalém mantepké tekade kanggo ngawiti gawé dalan supaya apa sing dikarepaké bisa dadi kasunyatan. Bapaké kandhung minangka Lurah, lan bapak tiriné minangka dalang kang cukup kondhang ing daérahé. Amarga ngrasa seneng ing babagan karawitan lan pedhalangan, dhèwèké akhiré milih kanggo nyinaoni karawitan utawa dadi yaga(panabuh gamelan), saben bapaké manggung/ndhalang/pentas wayang, dhèwèké ora kèri. Bakaté wis kétok bareng karo lakuné wayah sing dilakoni minangka yaga (panabuh gamelan). Dhèwèké dhéwé pinter nabuh gendèr/nggendèr nanging uga pinter ing ndalem nabuh kendhang.
Tenanan anggoné nggayuh kekarepané, sawisé lulus saka STN, dhèwèké banjur ngleboni KONSERVATORI. Kétok banget, dhèwèké kagugah bakat lan kepinginané kanggo bisa nguasani seni karawitan lan pedhalangan. Nalika iku, durung kaangen-angen kalawan bakat-bakaté nggamel lan ndhalang bakal bisa sekolah nganti menyang Sorbone Perancis nganti ngolèhake gelar doktor luwih-luwih bisa dadi guru besar ing bidang pedhalangan lan dadi wong kang kapisan ing STSI saiki. Minangka wong kang mangertèni temenanan babagan tokoh-tokoh wayang, dhèwèké mesti ngerti sifat-sifat wayangé. Tokoh wayang sing dadi kesenengané garwané Dra. Sri Hesti Herawati iki yaiku Bima. Miturute, Bima yaiku tokoh kang nggambaraké manungsa urip sing uwis nganti kasampurnan lair lan batin, ora gumedhé lan ndhuwèni wolu sifat kang apik ( astabrata-wolung laku utama ) yaiku Hambeging surya, hambeging candra, hambeging kartika, hambeging samodra, hambeging tirta, hambeging bantala, hambeging dahana, lan hambeging maruta.
- Hambeging surya (sifat matahari), sifat minangka punjeré kekuatan kang bisa nguripi, lan bisa madhangi sapa wae sing ana ing pepeteng.
- Hambeging candra (sifat bulan),sifat kang tansah aweh sesawangan kaéndahan marang sapa waé wong tanpa pilih-pilih.
- Hambeging kartika (sifat bintang), yaiku sifat kang nggambarake keajegan kang bisa digunakaké dadi pathokan utawa pituduh, amarga ajeg, yen micara ora méncla-ménclé utawa bisa dicekel gunemé.
- Hambeging samodra (sifat samodra), yaiku sifat uwong kang tansah ngemot apa waé kang ditujokake marang awaké, mbuh kui kritik, saran, utawa panemu.
- Hambeging tirta (sifat air) yaiku sifat kang ora manggonaké awaké luwih dhuwur utawa luwih ngisor saka wong liya, amarga sifaté rata. Iki uga bisa ditegesi suci.
- Hambeging bantala (sifat bumi) tegesé jujur lan narimo, ibaraté sanajan tetep diundhat-undhat, nanging tetep nuwuhaké apa kang ditandur ing ndhuwuré.
- Hambeging dahana (sifat api), dimaksudke yenta Bima iku nduwèni sifat kaya déné geni, yaiku rampung lan adil, tansah pingin rampung apa waé kang dikerjakaké, lan adil marang sapa waé.
- Hambeging maruta (sifat angin) yaiku sifat kang nggambaraké angin, yaiku saguh ngenani sapa waé tanpa pilih-pilih kasih.[1]